13. MELU ORGANISASI
MELU ORGANISASI
Dening : Dewi Sekar Uni/13
"Kar, we arep melu organisasi apa?" takone devina ning aku.
"Mbuh dev, aku isih bingung. La kowe arep melu apa?"
"Aku yo isih bingung kar arep melu apa. Apa melu ekstra pmr wae yuk kar akeh kancane."
"Piye ya, aku isih ragu. Jane aku pengen ora melu apa apa. Tapi weruh kanca kancaku aku kok dadi pengen ya."
"Wes ayo melu aku wae ekstra pmr, piye?"
"Ogak lah dev, sek tak pikir keri wae."
"Yowes dipikir sek wae."
Wektu aku lagi wae mlebu sekolah SMK, akeh banget kakak-kakak senior sing promosi organisasine. Apa meneh nalika mlebunan pertama MPLS. Aku ora ngerti organisasi apa wae sing enek ning SMK. Aku maune ora pengen melu organisasi apa apa, amarga aku mikir yen aku melu organisasi aku bakal keselen. Apa maneh yen mulih sekolahe sore. Nalika dina terakhir MPLS, ana peragaan ekstrakulikuler jujitsu. Ketoke jujitsu kuwi apik, aku pengen banget melu nanging aku isih ragu amarga aku ora iso gelutan lan yen ana latihan gepuk-gepukan aku wedi nek awakku lara kabeh. Akhire aku ora sida melu. Kancaku devina akhire milih melu organisasi pmr. Dheweke terus bujuki aku ben melu bareng, nanging aku tetep ora gelem.
Dina pertama pelajaran sekolah, ning kelas aku disuguhi brosur lan formulir organisasi akeh banget nganti aku bingung arep milih organisasi apa. Ana brosur pmr, baret, osis, basket, takmir, pustakawan, nari, karawitan, english club lan lia-liane. Maune aku ora pengen melu organisasi apa apa nanging amarga akeh kanca kancaku sing pada melu, akhire aku yo pengen melu.
Awale aku arep daftar takmir, nanging aku yo isih ragu. Aku uwes njupuk formulire lan uwes tak isi. Aku isih mikir eneh, piye engko nek misale aku dadi takmir dikongkon dakwah, aku ora iso dakwah. Akhire ora sida maneh. Terus aku njupuk formulir pustakawan amarga kanca kanca akeh sing pada melu. Aku ngisi formulir iku terus tak kumpulne ning kancaku,amarga arep dikekna ning kakak kelas. Terus ana maneh formulir english club, aku pengen melu ben iso bahasa inggris. Aku ngisi formulire terus tak kumpulne kancaku. Wektu mulih sekolah, aku ketemu devina ning ngarep gerbang.
"Dev, tak omongi aku saiki sidane melu ekstra pustakawan karo english club."
"Mosok kar?jaremu we ora pengen melu apa apa?"
"Marai akeh kanca kancaku sak kelas sing pada melu dev, marai aku kepengen terus aku akhire sida melu. Apa we melu aku, engko ben iso bareng?"
"Pengen sih,aku pengen melu ekstra pustakawan bareng kowe tapi piye kar carane?"
"Ngisi formulir sek dev, terus kumpulne ning kakak kelas."
"Yo wes aku melu kowe ya kar."
'Iyo"
Akhire devina uga melu ekstra pustakawan bareng aku. Saben dina jumat mesthi kumpulan pustakawan. Awale, anggota pustakawan akeh banget nanging soyo suwe anggotane malah terus ngalongi. Suwe suwe aku yo soyo males amarga kancane soyo saithik lan kegiatan pustakawan boseni. Akhire aku lan devina yo metu tanpa pamit ketuane. Sakwise aku metu pustakawan aku isih melu ekstra english club. Ning ekstra iki aku diwarai ngomong bahasa inggris kanthi spontan. Ora oleh gawa buku lan ora oleh maca. Aku maune seneng melu ekstra english club, nanging soyo suwe anggotane english club uga soyo ngalongi lan saithik. Kanca sak kelasku uga akeh sing pada metu merga pembelajarane english club soyo angel. Kari aku melu english club dhewekan. Aku ngrasa wes ora penak melu organisasi apa apa akhire aku metu teka ekstra english club. Wiwit kuwi aku wis ora mulih kesoren maneh.
Kancaku devina uwes metu teka pustakawan, nanging dheweke isih melu ekstra pmr. Ing salah sawijining dina, aku ana rencana karo devina bubar mulih sekolah arep dolan. Wektu kuwi aku ngenteni dheweke ning ngarep aula,suwe banget akhire aku ketemu. Bubar arep mulih kok malah ana pengumuman kabeh anggota pmr kumpul ning aula.
"Piye dev, sida dolan apa ora?wes tak enteni ki kudu sida." takon ku.
"Piye ya kar, iki lagi wae ana pengumuman pmr kon kumpul.Pengene sih sida, aku enteni sek wae ning ngarep aula ya we aja mulih sek."
"Aku ngenteni ning kene dhewekan?suwe apa ora?"
"Ora suwe ketoke kar sedilut tok."
"Emoh dev, aku dhewekan ning kene, aku mulih wae ya?"
"Aja sek o kar. Apa ngene, we melu wae mlebu yuk ben ra ngenteni aku dhewekan ning kene."
"Mlebu?apa oleh?aku kan udu anggotane pmr dev."
"Ora papa. Kakake paling ora ngerti nek enek wong lia. Kakake lo ogak apal karo adhike. Ndang ayo mlebu selak eruh kakake engko."
"Tenane dev, ki gak papa?aku mulih wae lah."
"Ora ra kar. Ora nek diseneni kakake. Yuk, dilut tok."
"Yowes neh melu mlebu aku."
Aku melu mlebu ning ruang aula. Sakwise anggotane teka kabeh, lawang aula ditutup rapet lan dikunci. Wes ora enek sing iso mlebu lan ora enek sing iso metu maneh. Wektu kuwi aku deg degan, wedi yen ana kakak pmr sing ngerti aku udu anggota pmr. Nanging dugaanku salah, kakak pmr ora ana sing ngerti yen aku udu anggota pmr. Terus ana kakake galak banget jenenge kak alin karo kak arina. Kakak kakak kuwi bagek bagekne kertas sing isine kaya kertas tes. Aku uga kebagian kertas iku. Terus kakake kuwi ngewenehi pengumuman.
"Dek...rungokne kakake ya. Sing wes entuk kertas tes ora oleh metu teka organisasi pmr. Sing wes nyekel kertas kuwi kudu melu tes skt pmr. Ora ana alasan metu, lan ora oleh metu tanpa ijin. Sampek ana sing metu karo kakake bakal diparani ning kelase. Wektu tese cuma rong minggu, sampe wektu kuwi salah siji anggotamu ana sing ora bar, kakak kakake ora bakal ngelantik kowe kowe kabeh dadi anggota pmr." omonge kak arina.
"Dek sing ana ning ruangan iki ndang nulis jeneng karo kelase terus dikumpulne ning kakake. Cepetan dek...tak itung sampe sepuluh. Nek ra ndang cepet korsa." bentake kak alin.
Aku wektu kuwi bingung banget, arep metu gak iso arep ngomong engko diseneni isin aku. Aku takok devina wonge malah bingung dhewe.
"Dev, iki piye?aku udu anggotane ki piye dev?"
"Yowes neh kar melu wae. Ndang ngisi jenengmu karo kelasmu kar cepetan selak diseneni kak alin engko."
Kak alin ngubengi ruangan. Aku wektu kuwi urung ngisi apa apa. Terus aku diparani kak alin.
"Dek, kowe ora ngisi apa apa dek?ndang diisi to dek." takone kak alin karo nesu.
"Iya kak bentar."
Kak arina lan kak alin ngitung jumlahe adhike,ana 53 wong. Yen nganti ana sing metu bakal diparani ning kelase lan ditakoki kakake. Akhire aku melu ekstra pmr, maune aku ora niat melu nanging piye maneh wes kadung. Yo wes aku wes ikhlas dadi relawan. Rapate mulih nganti sore. Rencanaku lan devina arep dolan akhire gagal. Malah aku sidane melu ekstra pmr sing maune ora ana niat melu. Nanging kabeh kuwi ora tak getuni. Sesoke lan seteruse aku bakal aktif melu kegiatan pmr nganti akhir jabatan.
Komentar
Posting Komentar