Postingan
Menampilkan postingan dari Desember, 2018
ANEKDOT 33
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Luwih Seneng Penjara Isuk-isuk ana napi sing lagi wae bebas saka penjara.Pas nang ndalan Napi mau pethukan bakul janganan. " Pak wis bebas ta?"takok e bakul janganan sing ngerti Napi liwat. " Wis lek" Jawab e napi koyo wong susah. " Alhamdulillah" saut e bakul janganan. " Piye to lek kok malah alhamdulillah" karo rada nesu. " La wis bebas kok ra bersyukur ta pak" jarene bakul jangan. " Jek penak nang penjara lek" saut e Napi. " Di penjara kok penak" Karo kukur-kukur amarga bingung. " Neng penjara kono aku ra rekoso ek ra koyo nang kene" " La koe kok dek biyen iso di penjara?" takok e bakul janganan. " Oalah ngene lo lek ceritane aku dek biyen ki dadi wakil rakyat, sak jane aku ki ya mung nyilih duwit ning aku ra iso balikne". " Jo Layak penak penjara, koruptor tibak e" Napi malah cengengas cengengesan .
ANEKDOT 36
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Abang apa Putih,Yu? Dening : Nisa Sindiani / 36 Awan kuwi Yu Minah karo Yayuk lagi jagongan ngenani program operasi plastik. Yayuk : “Yu, aku saben ndelok tipi kuwi kok nggumun dewe lo yu.” Minah : “Nggumun pekara apa lho, Yuk?” Yayuk : “Kae Yu, wong-wong nang tipi kok padha ayu-ayu, ketok bening-bening kabeh.” Minah : “Yo kae nak ora ayu yo ora bakal mlebu tipi. Jajal nak koyok kowe ngeneki sapa sing gelem nglebok ne kowe ning tipi?” Yayuk : “Yo wis siwer to Yu wong e nak ngasi nawani aku.” Minah : “Lha yon eh awakmu yo ngerti.” Yayuk : “Ngono kae piye ya Yu kok podo bening-bening koyok banyu kali?” Minah : “Yo perawatan to Yuk, kok kurang men akal we wi. Malah ngono kae kadang enek sing operasi plastik barang.” Yayuk : “Kok iso to Yu?” Minah : “Yo iso to. Wong sing maune sipit mripate iso dadi belok. Sing maune pesek yo iso dadi mancung. Sing lambene kandel yo iso dadi tipis. Jaman saiki kui angger nduwe duit apa-apa bakal kelakon.” Yayuk : “Wallaaahh… ...