ANEKDOT 33

Luwih Seneng Penjara
Isuk-isuk ana napi sing lagi wae bebas saka penjara.Pas nang ndalan Napi mau pethukan bakul janganan.
" Pak wis bebas ta?"takok e bakul janganan sing ngerti Napi liwat.
" Wis lek" Jawab e napi koyo wong susah.
 " Alhamdulillah" saut e bakul janganan.
 " Piye to lek kok malah alhamdulillah" karo rada nesu.
 " La wis bebas kok ra bersyukur ta pak" jarene bakul jangan.
" Jek penak nang penjara lek" saut e Napi.
 " Di penjara kok penak" Karo kukur-kukur amarga bingung.
" Neng penjara kono aku ra rekoso ek ra koyo nang kene"
 " La koe kok dek biyen iso di penjara?" takok e bakul janganan.
" Oalah ngene lo lek ceritane aku dek biyen ki dadi wakil rakyat, sak jane aku ki ya mung nyilih duwit ning aku ra iso balikne".
 " Jo Layak penak penjara, koruptor tibak e"
Napi malah cengengas cengengesan .

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI