Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2018

01. KANCA LAWAS

Kanca Lawas Dening : Ario Widi Prasetyo/01 Rio remaja sing sekolah ning SMPN 2 Malang nduwe konco cedak sing jenenge Tyo lan Pras. Cah 3 iku terkenal ning sekolahan mergo kepinterane lan kesopanane. Nanging salah sijine ono sing ndiwe sifat cuek lan ora pengen eruh urusane wong liyo. Pras iku sing nduweni sifat mau, sifate kuwi sing patek gak disenengi karo kancane. “ Pras ayo mengko futsal karo cah-cah. ” pitakone Rio. “ Males aku, budalo dewe wae karo Tyo, aku tak ng omahe wae dolanan game luweh menak. ” “ Ojo ngono to Pras, pisan-pisan wae lah awakmu melu metu awaedewe. ” “ Males aku. ” Akhire Pras ora melu futsal. Sesoke pas ning sekolahan Pras teko telat. “ Nyapo awakmu kok iso telat? ” “ Ndek mau aku dikon ngeterke bukku disek menyang rumah sakit. ” “ Lho, sopo sing loro? ” “ Bapakku sing neng rumah sakit. ” “ Lha loro opo? ” “ Aku yo ora ngerti ek, soale lagi mau isuk mlebu rumah sakit. ” “ Engko wae ya muleh sekolah niliki bapakmu. ” “ Iyo. ” Bel muleh sekolah...

02. KANCA SEJATI

Kanca Sejati Dening: Chrystian Firnando S / 02 Putra, Bagus, lan Putri murid SMA Negeri 1 Bantul. Wong telu iku wis limang taun konconan ora nate nduwe masalah. Sampek wong telu iku dijuluki telu serangkai karo kanca-kancane. Pas arep budal sekolah Putra lan Putri marani Bagus ning omahe. “Gus Bagus, ayo budal sekolah”. “Sek Put, enteni sedelet!” “Yowis ojo suwi-suwi”. Wong telu mau budhal sekolah numpak sepeda motor, nanging pas ning dalan ban motore Putra bocor terus digawa ning tambal ban. “Gus, Putri budalo disek, aku engko wae gakpopo”. “Engko awakmu telat piye?”. “Orapopo, budalo disek”. “Awak dewe enteni ae lah Put, telat yo bareng-bareng wae”. Jam nunjukne pukul 07.30 pas kuwi Putra, Bagus, lan Putri wis telat mlebu kelas. “Assalamualaikum Pak”. “Waalaikumsalam, kenapa telat?” “Ban sepeda motor kula bocor pak” wangsulane Putra. “Yowis ndang lungguh!”. Dino kui enek murid anyar jenenge Ryan. Ryan kuwi wonge duwur lan putih ora iso omong basa Jawa. Putra l...

03. GETUN

GETUN Dening Slamet Widodo          Bekthi lan ngajeni marang wong tuwa minangka wis dadi kawajibane anak, luwih-luwih ngajeni lan bekthi marang Ibu. Wis lumrahe yen anak iku kudu manut marang apa pituture wong tuwo, nanging kadangkala ana bocah kang nduweni sifal ala, murka, lan durhaka marang wong tuane.         Dina iki ora kaya biasane , Minah ,rondho sing ragane kuru iku katon nggletak ning amben Jero omahe, ora kaya dina-dina kang wis kepungkur biasane Minah wis ana ing tegalan isuk-isuk banget kanggo kerjo ngresiki suket sing mrambat kethel ing tegalane tanggane , isuk iku Minah durung masak kanggo sarapane Dina, anak wadon siji-sijine sing bisa dikarepake . Dina mbukak tutup sego ing mejo, ngerti ora ana apa-apa ,Dina mbengok marang Ibune "Buk,,, Ibu,,,, , kenapangapa ora masak ?" Minah sing nggletak ning amben kaget banjur tangi "Oalah ndhuk... , Ibu awake lagi ora menak , awakmu dina iki ora usah sarapan, mengko Yen balik...

04. TMS ARABI

Proses upload

05. MBAH DARMO TUKU SUSU

Mbah Darmo Tuku Susu  Dening Vicky Ari Maulana Wayah wengi udan gerimis, Mbah Darmo kademen, pengen ngombe susu supaya awake rada anget. Sarene kentekan susu, Mbah Darmo menyang pasar golek susu bubuk. Tekan ngarep salah suwijining kios kelontong, Mbah Darmo mlebu karo clingak-clinguk nggoleki susu, ngantek diparani sing jaga Penjaga: Badhe mundhut punapa Mbah?  Darmo kaget diundang simbah karo penjaga toko. Bocah kuwi pantese dadi anake, dudu putune. Darmo: Susu Bubuk wonten mboten Mbokdhe? Sing jaga kaget banget diundang Mbokdhe. Ngantek rambute njengat kabeh!. Banjur protes keras marang Mbah Darmo Loh kok diundang Mbokdhe tho? Kulo niki taksih enom loh Mbah! Kok sakpenake dhewe diundang Mbokdhe. Umurku lagi selikur Mbah! Isih kinyis-kinyis! Selikuuuuuur! Mbah Darmo: Lha sampeyan ngapa kok ngundang kulo simbah? Umurku lagi seket je, kok diundang simbah? Penjaga: Loh, Romo kulo umure inggih seket siji sampun kagungan putu. Adhi kulo nikah umur pitulas, sakmeni...

06. LIBURAN SEKOLAH

Liburan sekolah Dening Yusuf “Kenalake jenengku Agus, aku nduweni kanca sing paling tak banggakan sing nduwe jeneng Dian lan Roni" Liburan sekolah wis teka nanging aku lan kancaku isih bingung arep liburan neng ngendi, “libur sekolah enake neng ngendi ya?” Takon aku marang kancaku. Dheweke njawab “enake mlaku-mlaku lan nggoleki kahanan anyar”. “Iya aku ngerti, nanging neng ngendi?” Takonku meneh marang dheweke, banjur dheweke njawabe: “Ya kaya ta menyang gunung utawa menyang kebon/alas ngunu lah". Kanggo golek ide sing apik aku lan Dian budal neng omahe Roni. Sawise teko kono , banjur Roni ora ono neng omah , tibake bocahe isih neng sekolahan amergo enek tugas kelompok. Aku lan Dian nunggoni neng omahe Roni sampek keturo nganti awan. Saking suwene aku nunggu , akhire Roni balek, "Gus, enek opo kok nunggu aku ? Sampek keturon-turon. Ngesakke Dian sampek durung tangi". " aku karo Dian nduweni angen-angen liburan iki arep dolan, gelem dolan neng gunung ga...

07. JUJUR

JUJUR Dening : Aisyatur Rodziyah/07 Isuk kang endah, langit kang biru resik, lan srengenge isuk sing nambahi howo penak ing dino minggu iki. Mira lan Dea nduweni rencana belajar kelompok dina iki. Wong loro iku mau tarah kekancan cedak, ning ngendi-ngendi mesti bareng lan wis kaya bocah kembar. Rencanane belajar kelompok iku mau ning omahe Mira. Banjur jam 8 isuk Dea wis siap-siap arep budal menyang omahe Mira. “Mir, aku wis arep budal menyang omahmu.” Dea ngirim sms ning Mira. Nanging Mira ora bales mergo ora nduwe pulsa. Dea langsung budal.  “Buk, dea bidal rumiyin nggih.” Pamit dea karo nuntun sepeda. “ iyo nduk, sing ngati- ngati ya” “nggeh buk.” Dea medal sepeda ora banter banter, amerga dalan ing desane elek. Ing tengah dalan dea ketemu karo boby lan beni. “boby! Beni!” celuk dea karo ngerim sepedahe “ loh de, arep menyang ngendi koe?” “ aku arep belajar kelompok ning omahe mira bob.” “ la ngopo tek ora sinau ning omahe dewe-dewe ae to de?” “ la yo to.” Tamb...

08. MBURU UCENG KELANGAN DHELEG

Mburu Uceng Kelangan Dheleg Dening : Afit Wulandari/08 Ing sawijining dina Rusdi, Lalan, lan Roni lagi maca buku ing perpustakaan. Wong telu iku wes kancanan kawet kelas 2 SMP nganti saiki wes kelas 2 SMA. Rusdi iku pinter nyanyi suarane katon apik tenan dheweke wes bola bali melu lomba nyanyi. Yen Lalan lan Roni iku pinte karate. "Rus 2 minggu ngkas awakmu lak arep melu lomba nyanyi to?" takon Roni "Iyo Ron..." "Yen ngono kapan awakmu nek arep latihan" takon Lalan "Mengko muleh sekolah aku wes arep latihan karo Pak Awi lan kanca-kanca liyane sing arep melu lomba nyanyi" Rusdi njawab karo isih maca buku. "Nek ngono aku lan Roni muleh dhisik yo amarga arep latihan karate" "Oo.. Iyo ora apa-apa sing satai wae " jawab Rusdi. Wayah muleh sekolah Rusdi latihan nyanyi karo kanca-kanca liyane dhewek e bakal nyanyi lagu sing judule pupus. Pak Awi guru seni budaya sing nglatih nyanyi Rusdi lan kanca-kanca nganti gumun am...

09. CEROBOH

CEROBOH DENING: ANASTASYA NADIA P. / 09 Jenengku Liya, luweh tepate Apriliya Sekar  Arindi. Aku kelas 9 SMP ing SMP Negeri 1 Klayar, aku anak tunggal dadi opo wae seng tak karepi mesti keturutan-ora arep pamer nanging emang wong tuwaku seneng banget manjakne aku. Saiki aku lagi prei sekolah, biasa..sakbanjure ulangan semester mesti sekolahku ngadakke prei suwi. Amergo prei suwi iku aku arep menyang omahe eyangku seng ning Surabaya, wis suwi aku ora merono, aku kangen banget karo eyangku. Eyang iku ibuk soko bapakku, eyang pisah omah karo aku, aku ing Yogyakarta eyangku ing Surabaya, menyaopo eyang manggon ing Surabaya yaiku amergo eyangku asli wong Surabaya, eyang ora gelem pindah menyang Yogyakarta. “Ya! barang-barangmu wes kok siapke durung kanggo sesok menyang omahe eyang? Disiapke seng tenanan aja ana seng keri, dadi sesok bisa langsung budal.” Seng ngomong kuwi ibukku ku, ibukku seneng banget nyeramahi aku, apa ae seng tak lakokne mesti di koreksi dening ibukku, kadang...

10. TRESNA RA KUDU DUWENI

TRESNA RA KUDU DUWENI Dening : Arika Dwi Hapsari / 10 Jenengku Elsa Dian Permatasari. Aku sekolah ing salah siji sekolah sing terkenal ning kotaku, yaiku SMK Negeri 1 Ngawi. Sekolah sing wis duweni akreditasi A lan dadi sekolah rujukan. Aku ora ngira yen aku bisa ke trima ning sekolah seapik iki. Aku jupuk jurusan Administrasi Perkantoran amarga aku pengen waktu lulus mengko aku iso kerjo ning kantoran. Lisa Juana Tasya, konco kethelku sing mesthi ana pas aku lagi seneng lan susah. Bejo duwe konco koyo Lisa, masio dheweke cuwawak, nanging atine apik banget. Wes 2 tahun kepungkur aku sekolah lan bebarengan karo Lisa. Selain kuwi, aku karo Lisa uga melu organisasi sing podo. Pokok ning endi ana Elsa ning kono mesti ana Lisa. Bel sekolah uwis muni, teeetttt teettttt teeettt!!!! “Lis, dino iki mau rapat pora?” takonku menyang Lisa. “Sek El tak delok chat ning grub” Jawab Lisa. Lisa banjur buka hp lan ngecek ng grub organisasi yen dina iki rapat apa ora. “Eh El, dino iki rapat ...

11. KAKUATAN TRESNA

KAKUATAN TRESNA Dening : Ariska Novia R Jenengku Salsa, siswa kelas X SMA sing isih keliwat bocah ngenal bebasan katresnan. Aku ngenal karo bebasan katresnan wektu linggih neng kelas 2 SMP. Pisanan aku melbu SMP durung paham bener babagan katresnan, nanging pas aku wes suwe kenal karo knco"ku aku maleh gampang kepincut karo omongane cah lanang. Kelas 2 SMP aku sering banget gonta ganti pasangan, amergo sak ben menjalin hubungan mesti kroso bosen. Aku gampangne perasaane wong lanang lan ora mikir pie mburine. Kepisan aku pacaran karo konco sak kelasku, dewek e yo bagus. Nanging amergo atiku kegudo, tanpo mikir perasaan e dewek e aku meneng" ndue hubungan karo koncone sak kelas karo aku pisan. Ora suwe, sandiworo iki dimangerteni karo wong loro kuwi, dewek e pegel banget karo aku. Nung kelas meneng-menengan. Sak rampunge kisahku karo dewek e, aku kenal wong lanang maneh. Dewek e kakak kelasku, tedi jenenge. Aku serius lan ora main" pas karo dewek e amergo roso tresn...

12. MLAKU BEBARENGAN

Mlaku Bebarengan Dening : Brenda Zalsha Fahra Dilla /12/XII AP 1   Jam 04:00 Aku tangi turu lan ngelakoni sholat, banjur ngewangi ibu ngeresiki omah sak durunge aku mangkat sekolah. Aku ngirim sms ning kanca kanca yen mengko budal sekolah bebarengan.  Jam 06:00 Aku,Jefri,Juana,Dika lan Della wis podo lungguh ning kelas. Sinambi nunggu bu guru mlebu kelas. Teng.. Teng.... Teng.. "Sugeng Injing", ature bu gutu. "Sigeng injing bu", jawabe poro murid ing jero kelas. "Saiki bu guru ndueni tugas kanggo nambah nambah nilai yoiku kelompokan nggawe drama sing temane tentang Kekancan. Saiki Nisa,Jefri,Juana,Dika lan Della dadi sak kelompok mergo bocah bocah kui podo mbandel kabeh! Terus sing liyane golek kelompok dewe dewe. Podo ngerti cah?". Pitakone bu guru marang bocah bocah. "Ngertos bu", panjawabe murid bebarengan.    Teng.. Teng.. Teng... Wayah istirahat aku karo Jefri mung lungguh ning kelas. "Apike adewe gawe judul drama opo Jef...

13. MELU ORGANISASI

MELU ORGANISASI Dening : Dewi Sekar Uni/13 Jenengku Dewi Sekar Uni biasa diceluk Sekar. Aku murid kelas 10 jurusan Administrasi Perkantoran 1 SMKN 1 Ngawi. Aku duweni kanca jenenge devina. Devina iku kanca kenthelku awit jaman Mts nganti saiki. Devina kuwi kanca sak kelasku biyen sing biasane amor kekancan bareng karo aku. Saben dina ing sekolahan, aku mesthi bareng karo dheweke. Nanging saiki aku lan devina uwes ora sak kelas maneh. Dheweke saiki ning kelas 10 Pemasaran 1 isih sak sekolahan bareng aku. Ning sekolahan aku sering ketemu dheweke yen arep mulih sekolah. Aku lan devina mesthi omong-omongan babagan organisasi. "Kar, we arep melu organisasi apa?" takone devina ning aku. "Mbuh dev, aku isih bingung. La kowe arep melu apa?" "Aku yo isih bingung kar arep melu apa. Apa melu ekstra pmr wae yuk kar akeh kancane." "Piye ya, aku isih ragu. Jane aku pengen ora melu apa apa. Tapi weruh kanca kancaku aku kok dadi pengen ya." "We...

14. HP ANYAR

"HP Anyar" Dening : Dhella Mayrawati/14    Wayah iki lagi tenar-tenar e HP Android. Ora saben wong iso duweni Android prakara panggone tuku kang adoh lan regane sing garai kurune dompet. Nanging ing desa Sokanandi ana siji bocah sing wis duweni HP Android iku, Riko jenenge. Bocah e sing dimanja karo Bapak e ndadekna apa wae panjaluke iso keturutan. Banda donyane sing turah mblawah nggawe Bapak e gampang-gampang wae nuruti kabeh panjaluke Riko. Isuk awan sore wengi Riko ora dolan ora mangan, betah lah dolanan Android terus.    "Ko, jam pira iki?" Pitakone Ibu    "Jam 10, bu"    "Jam 10 kuwi wengi apa sore?"    "Nggih wengi to bu, pripun to?"    "Lha kowe ki ngertu wis bengi kok yo ora ndang turu, dolanan KP wae"    "HP bu, mboten KP"    "yowis kuwi lo pokok e, gek ndang turu kono!"    "Mangke bu, 10 menit mpun"    "Ora iso, 10 menit.. 10 menit apa kowe ki. Dupluk!"   ...

15. SALAH PAHAM

Salah Paham Dening : Dhenik Nur Wulan F Arga lan Fitri wis dadi kanca awit cilik, amarga kui teko saiki mesti bareng-bareng terus. Arga iku nduweni sifat apikan, lembut, ora kasar marang wong. Yen Fitri nduweni sifat kang ramah lan apik atine. Pas pelajaran olahraga kabeh pada main bal-balan. “Aduh.” Sambat Fitri. “Fit, awakmu gak opo-opo?” takon Arga. “Ora opo-opo kok.” Sirahe Fitri kenakan bal, banjur Arga nesu marang wong seng ngeani bal mau. “Sopo mau sing nguncalne bal?” takon Arga marang kanca-kancane. Kanca-kancane ora enek sing ngaku, ruh-ruh ana swara cah wadon. “Aku.” “Owalah, awakmu to sing n"guncalke bal mau?” “Iyo, napo? gak trima?” “Ati-ati ngunui nak nguncalke bal, deloken saiki bal e ngenani Fitri ngunui.” “Halah manja. Mandak kenekan bal ngono wae macak loro.” Pas Arga arep nyauri, Arga langsung ditarik Fitri menyang kelas. “Ga, uwes gak usah. Puputkan gak sengaja wonge.” “Dheweke kudu dikek i balesan.” “Heh. Gak apik lo ngonowi.” Arga tetep g...

16. SRENGENGE SAKWISE UDAN

SRENGENGE SAKWISE UDAN Dening: Dista Dania P/16 Devi sekolah ana ing salah sawijining SMK favourite nang kutho Ngawi. Vina lan Erny yaiku sahabat kang tak tresnani sakbendino. Nangdi nangdi barengan ora tau pisah,susah seneng dilakoni bebarengan tanpa pamrih. Dino iku Devi kelas siji SMK lagi awit mancik sekolah nang SMK jurusan perkantoran. nang kene awitane kisah tresnane Devi. Devi diajak kenalan karo kanca sak pantarane nanging beda jurusan, jenenge Ringga. Ringga jurusan tekhnik komputer. Sakwise kenalan liwat whatsapp saktenane Devi ora ngerti lak Ringga kui uga sekolah nang SMK ne Devi. Sui chattingan akhire Ringga ngejak ketemuan Devi, pas kui bengi bar maghrib nang alun-alun Ngawi. Devi nemoni Ringga tenan nang ngisor ringin kembar. Devi bungah banget amarga Ringga bagus gede duwur putih lan pokok e sangar tenan. Ketemuan e wong loro kui ora ono 15 menit Devi banjur mulih nang omah. Soyo suwe Devi lan Ringga soyo akrab, ora kedugo pas ana ing sekolahan Devi petuk an Ring...

17. AMUNG SEDILUT

AMUNG SEDILUT Dening : Dwista Meiyana/17 Ing salah sawijining dina sing cerah, ana 3 bocah sekolah sing menyang pasar gedhe. Bocah-bocah sekolah kuwi ijik nganggo seragam sekolah, lan ora ganti klambi omahan disik. Bocah 3 kuwi ngalor ngidul mlebu bakul klambi sing ana ing pasar kui. Ora mung bakul klambi, bocah 3 kuwi mau iyo mlebu metu marang toko sepatu, toko tas, lan sak liane nanging ora tuku. “Kowe kui arep tuku klambi sing endi to Sin, kok awit mau mung didelok wae ora ndang dibayar?” takon Dina “Sek ta Din, aku ijik bingung iki, lha apik kabeh ngene” saurane Sinta “Iyo iki model e apik kabeh, warnane yo apik. Opo dituku kabeh wae?” omonge Dina “Yowis la ngono, tuku sing iki wae” saurane Shinta “Yowis ayo ndang dibayaar disik, ngelak aku wisan ” omonge Tina 3 bocah sekolah sing menyang pasar gedhe iku, Sinta, Dina, lan Tina. Dina lan Tina ngeterna Sinta tuku klambi sing dipingini  menyang pasar. Nanging, bocah 2 kui sui-sui pegel karo Sinta, amarga Sinta ora ndang...

18. PAWELING WONG TUA

Paweling wong tua Dening : Eka Ayu Palupi/18 Dinten sore menika, aku lan kanca kanca latihan basket teng sekolahan SMP 1 PARON. Ndek dinten menika aku lah kanca kancaku pada ngumpul ning lapangan. Nalika sesuk dino minggu, salah sijine kancaku duweni ide. Ide menika arep ngajak dolan bareng bareng. Aku lan kanca kanca ngrembukne masalah sesuk arep dolan menyang jogorogo. Aku(palupi)  : " Ojo ning selondo to cah, aku gak wani." Julia : " La nyapo kok ora wani ?, rausah wedi kancane okeh." Ninik : " Layoto ning kono kui enak adem, sing enek masalah bakal lali karo masalah e, gek ning kono usum e rambutan lo gaes." Eka : " Lha montorku opo kuat len? Vega lo lur, gung pernah dinggo munggah." Ega : " Halah kog podo weden men, ora ora nek mblorot mengisor, kancane okeh rasah wedi." Julia : " Lha eka opo oleh kro ibukmu? Eka : " Nek palupi oleh, aq yo oleh." Ega : " Halah iso iso, mosok dolan ngunu ae ora iso ...

19. TRESNA JALARAN SAKA KULINA

TRESNO JALARAN SOKO KONCO DENING : ERIKA JUANA TASYA Jenengku rika hapsaroh, aku sekolah ing SMKN 1 NGAWI  kelas 3 aku iku wong e ora seneng ngurusi masalah e wong liyo. Ardi dwi nugroho kelas 3 jurusan teknik bocah seng wong e rodok ganteng tapi ki bocah e y rodok nyenengne nak pas awor nang organisasi sekolah dek e yo senengan e guyon. Pas sakwetu mulih sekolah..      “ka mengko awakmu mulih jam piro?” takon ardhi      “emm…..jam 5 yakno dhi soal e kan iki mengko ono rapat disik to”jawab arika      “oalah iyo ka” Aku lan ardhi langsung melu rapat mergo aku lan ardhi kui melbu organisasi seng podo mangkane aku karo ardhi kui yo lumayan akrab. Pas rapat e kui wes bar aku banjur mulih. Pas aku teko omah aku ngeling-eling takonane ardhi mau ng sekolah, kok atiku pas cedak ardhi ki deg-deg an yo rasane kin ing ati bungah kok oro koyok biasane aku omongan karo bocah lanang lione. Aku ng kamar bukak hp banjur bukak WA lha kok ard...

20. ESEMAN PEPUNGKASAN

ESEMAN PPUNGKASAN Dening : Erlika Vionita /20 ml Kanthi hawa napsu sawise nunggang sepeda. Aku mandheg nalika ndeleng dheweke, aku ora ngerti apa iku. Raine cukup ayu lan manis, Aku mandegake tuku kaca saka banyu kanggo nerbitaké liyane Aku ngelak nglanda tenggorokanku.Banjur langsung pedaling pit mulih. Nalika aku tekan omah, wong tuwaku arep menyang papan sing aku ora ngerti. Aku langsung budhal amarga awakku wis pirang-pirang. Sawise njupuk pancuran aku nganggo sandhangan lan menyang taman sing ora adoh saka omahku. Aku kaget amarga dheweke uga ana ing taman. Tanpa pikir, aku langsung menyang dheweke. "Hai ...", aku kandha Kanthi eseman aku disambut karo dheweke, nanging dheweke ora nanggapi lan isih maca novel. Sepisan maneh aku ngelingi salamku. "Hai ... Apa aku ngerti?" "Ya apa?" Gusti Yesus banjur ngandika, dibintangi maca novel. "Apa aku isa ngerti? Nami kula yaiku Zhaky, nalika njaga driji. Dheweke langsung ngadeg lan nyedhiyakake...