07. JUJUR

JUJUR
Dening : Aisyatur Rodziyah/07


Isuk kang endah, langit kang biru resik, lan srengenge isuk sing nambahi howo penak ing dino minggu iki. Mira lan Dea nduweni rencana belajar kelompok dina iki. Wong loro iku mau tarah kekancan cedak, ning ngendi-ngendi mesti bareng lan wis kaya bocah kembar. Rencanane belajar kelompok iku mau ning omahe Mira. Banjur jam 8 isuk Dea wis siap-siap arep budal menyang omahe Mira.
“Mir, aku wis arep budal menyang omahmu.” Dea ngirim sms ning Mira. Nanging Mira ora bales mergo ora nduwe pulsa. Dea langsung budal.
 “Buk, dea bidal rumiyin nggih.” Pamit dea karo nuntun sepeda.
“ iyo nduk, sing ngati- ngati ya”
“nggeh buk.”
Dea medal sepeda ora banter banter, amerga dalan ing desane elek. Ing tengah dalan dea ketemu karo boby lan beni.
“boby! Beni!” celuk dea karo ngerim sepedahe
“ loh de, arep menyang ngendi koe?”
“ aku arep belajar kelompok ning omahe mira bob.”
“ la ngopo tek ora sinau ning omahe dewe-dewe ae to de?”
“ la yo to.” Tambah beni
“ mergo yen sinau bareng-bareng ki luwih penak. We pengen melu to?”
“oalah ngono to, emang aku karo beni oleh melu?”
“oleh, ayo yen pengen melu.”
Dea banjur cepet- cepet ning omahe Mira, boby lan beni mengko nyusul mergo ndek mau dheweke urung adus.
“ assalamualaikum.”
“ waalaikumsalam, loh dea to ayo nduk melbu kene” jawab ibuke Mira
“ nggeh buk” jawab dea karo senyum ning ibuke mira
“ nteni sik ya nduk, mira jik adus soale.”
“ nggeh buk, mboten nopo-nopo.”
Dea lungguh ana ing kursi tamu ne mira karo dolanan hp. Ora suwi mira teko karo nggowo jajan lan ngombe di nggo dea.
 “ wis suwi to de?” takok mira karo nyelehne panganan iku mau.
 “ urung yo mir, lagi wae aku teko”. Wong loro iku mau wis mulai sinau kelompok e, pisan pisan diselingi guyon ben suasana sinaune luwih penak.
 “ assalamualaikum.” Moro-moro boby lan beni teko.
 “ waaalaikumsalam” jawab mira lan dea.
 “ o iyo mir aku mau lali ngomong ning koe yen boby karo beni arep melu awakedewe sinau kelompok, orapopo kan?”
“ oalah, orapopo. Ben tambah rame de.”
Boby lan beni lungguh lan nyiapne buku-buku sing arep dinggo sinau kelompok. Wong papat iku mau sinau serius banget. Ing tengah tengah sinau, boby pamit arep ning kamar mandi. Banjur mira ngewehi ngerti kamar mandi ne ning sisih ngendi. Sakwise ko kamar mandi boby arep lungguh maneh ning sampinge dea. Nanging dheweke weruh ana hp ne dea ing cedake. boby wis suwi kepingin nduweni hp, nanging bapak ibuke durung nduweni rejeki dinggo nukokne hp. Dheweke berusaha tenang lan ngilangne pikiran kanggo jupuk hpne dea.
 “ bob, kok we ketok gelisah ngono to? Takok mira ning boby
“ha mosok to mir, perasaan mu tok paling” jawab boby sing berusaha ben ora ketok gelisah.
Amerga nuruti nafsune setan, boby ora mikir dawa lan langsung jupuk hpne dea. Wong wong sing ana ning kono ora ana sing ngerti. Boby langsung nglebokne hp sing dijupuk iku mau ning jero tas lan nglanjutne sinau kelompoke. Ogak kroso wis jam setengah 12, bocah-bocah iku mau pamit mulih merga sinau kelompok uwis bar, banjur kabeh mulih menyang omahe dewe-dewe. Dea urung sadar yen hpne ora ana ning tas.
Bengine dea arep sinau maneh, nanging deweke nggoleki kotak pensil ning tas ora ana, dea nduweni niat arep takok ning mira, menowo keri ning omahe sakwise belajar kelompok mau. Pas arep takok, dea lagi sadar yen hpne ora ana, dheweke bingung lan nangis. Dea crito ning ibuke, tapi ibuke malah nesu-nesu mergo dea ora ati-ati yen nyimpen barang.
“la kok iso ilang kui piye to polahmu !”
Dea ora bisa jawab lan mung iso nangis. Dheweke kelingan yen terakhir nggowo hp kui ndek mau pas kerja kelompok. Dea mulai curiga karo mira mergo sing ngerti yen dea nggowo hp kui mau mira. Dino sesuk e dea ketemu mira ning sekolah
“mir, hpku ilang i. Kiro- kiro keri ning ngendi ya?” dea macak takok ning mira
“ loh! Ndek kapan to de, kok we lagi cerita sak iki.”
“aku lagi sadar e yo ndek ingi bengi kui, jane aku arep moro ning omahmu tapi uwis wengi banget aku ogak wani ditambah neh ibukku nesu-nesu goro-goro kui.”
Dea jik bingung lan nduwe pikiran yen mira sing jupuk hpne, tapi yen dipikir maneh mira ora bakal nglakoni ngonowi ning dea. Pas mira karo dea ngobrol masalah hp ilang kui mau, boby reti lan ngroso ora penak. Deweke nduwe niatan kanggo mbalekne tapi wedi. Akhire pas jam istirahat boby mbalekne hp ning tas e dea “ mugo-mugo ora ana sing ngrti.” Batin boby
“loh boby!” moro-moro dea karo mira teko lan ngerti apa sing wis dillakokne boby.
“ehh dea, aku ga maksud njupuk hpmu.”
“ la terus opo?!” dea wis kepancing emosi
“ aku mung pengen njilih hpmu, mergo bapak ibukku urung iso nukokne hp aku. Tulung ojo salah paham ngene.”
“ yo tapi we ga perlu meneng-meneng jupuk hpne dea ngeneki to bob. Nek misale pengen njilih ki yo ngomong sik apik-apik.”
“iyo sepurane ya dea aku khilaf, aku nyuwun sepuro ya?”
Dea meneng lan ora jawab boby, dea jik ora nyongko yen boby sing jupuk hp ne.
“yawes maafne ae de, boby kan yo wis nduweni niatan apik nggo mbalekne hpmu.”
“ yawes tak maafne, tapi ojo dibaleni neh lo bob. Yen butuh opo-opo ki ngomong sing apik sopo ngerti koncomu iso nulungi. Ojo kok malah ngeneki. “
“iyo de, sepurane ya”
Sak wise kejadian kui kekancane wong papat iku mau malah luwih cedak lan luwih apik.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI