16. SRENGENGE SAKWISE UDAN
SRENGENGE SAKWISE UDAN
Dening: Dista Dania P/16
Devi sekolah ana ing salah sawijining SMK favourite nang kutho Ngawi. Vina lan Erny yaiku sahabat kang tak tresnani sakbendino. Nangdi nangdi barengan ora tau pisah,susah seneng dilakoni bebarengan tanpa pamrih. Dino iku Devi kelas siji SMK lagi awit mancik sekolah nang SMK jurusan perkantoran. nang kene awitane kisah tresnane Devi.
Devi diajak kenalan karo kanca sak pantarane nanging beda jurusan, jenenge Ringga. Ringga jurusan tekhnik komputer. Sakwise kenalan liwat whatsapp saktenane Devi ora ngerti lak Ringga kui uga sekolah nang SMK ne Devi. Sui chattingan akhire Ringga ngejak ketemuan Devi, pas kui bengi bar maghrib nang alun-alun Ngawi. Devi nemoni Ringga tenan nang ngisor ringin kembar. Devi bungah banget amarga Ringga bagus gede duwur putih lan pokok e sangar tenan. Ketemuan e wong loro kui ora ono 15 menit Devi banjur mulih nang omah. Soyo suwe Devi lan Ringga soyo akrab, ora kedugo pas ana ing sekolahan Devi petuk an Ringga. Soyo nambahi bungah ing atine Devi lan Ringga. Nanging Ringga iku wong sing isinan, petuk o Devi amung mesem wes ngedem atine Devi. Suwe suwe Devi lan Ringga soyo cedak. Ringga pengin dadian karo Devi.
Ringga nembak Devi liwat WA wektu kui, nanging Devi iseh pengen ngetes tresna tenan e Ringga, Devi ngekek i tantangan Ringga supaya deweke nembak langsung. Saking trena ne Ringga marang Devi, Ringga nuruti syarat e Devi, wong loro kui ketemuan maneh nang alun alun Ngawi, Ringga nembak Devi, amarga Devi uga seneng Ringga akhire wong loro kui pacaran. Sakbendina Devi lan Ringga budal sekolah bareng, kadang yo nang kantin bareng masio bedo kelas lan jurusan. Nanging wong loro kui uga seneng sinau bareng sharing sharing curhat bareng bareng. Pokok wes akrab banget. Hubungan iki wes mlaku ana ing setahun. Mancik kelas 2 SMK Ringga mulai aktif ning organisasi organisasi sing nglatih fisik lan mental. Amarga deweke kepingin dadi tentara. Ringga kepilih dadi ketua organisasi baris berbaris nang sekolah. Ringga sibuk banget karo extra sekolah sing dipimpin kui. Deweke uga klebu tes paskib. Mulai iki hubungan Devi karo Ringga soyo renggang. Ringga jarang ngabari Devi jarang ana kanggo Devi. Devi tetep support Ringga. Nanging Ringga saiki malah jarang banget merhatikne Devi. Devi ngroso koyo deweke ora dihargai, Devi mundur. Devi pengin fokus nang pelajaran sekolah karo karir e wae. Devi pengen lak deweke kekancan wae karo Ringga, nanging Ringga ne emoh pisahan karo Devi. Akhire hubungan Devi karo Ringga pedot nyambung. Wong loro iki kisruh terus, ga ono sing gelem ngalah. Padahal hubungan iki uwes mlaku ana 2 tahun. Embuh nyapo Ringga sing biyen gawene marani Devi budal bareng sekolah saiki wes ora pernah, Ringga seng biyen merhatikne Devi soko ngelekne sholat, ngaji nanging saiki ora pernah, Ringga seng biyen sopan saiki dadi keras seneng emosi lan pengen menang dewe. Devi mulai wegah karo Ringga seng ora malah dewasa nanging malah mbalik koyo cah cilik kui. Devi nyesel banget yen saiki kudu ngadoh soko Ringga nyangopo biyen kenal barang. Devi nyesel amarga hubungan seng semono sui ne kui bakne ujunge amung iso nekani tangis. Vina lan Erny sahabate Devi ora ana kesele ngandani Devi, nyemangati Devi.
Dina kui malem jumat, Devi tangi ing jam 2 wengi. Devi banjur wudhu lan sholat tahajud. Devi ketok banget lara atine sampe sampe Devi donga marang gusti sampek nangis misek misek. Devi pengin nglaline Ringga, yen Ringga dudu jodone Devi, paringana ikhlas lan sabar. Donga kui cukup nglerem ke atine Devi. Sue suene dongane Devi dikabulne marang gusti Allah. Saiki Devi wes iso mulai lali marang tresnane nang Ringga. Devi wes ayem nang dunia bisnis e yaiku onlineshop. Dina dinane Devi sibuk ngurusi onlineshope kui karo sibuk tugas tugas sekolah seng numpuk amarga Devi uwis kelas 3 SMK. Ora nyongko Bryan seng biyen tau seneng Devi teka maneh neng atine Devi. Bryan ditolak Devi amarga Devi luih milih Ringga. Bryan isih nduweni tresna marang Devi masio uwis lost kontak sak suwene 2 tahun iki. Devi rumangsa salah amarga biyen ngacuhne Bryan. Nanging Bryan tetep sabar ngeteni Devi. Buktine sakwise krungu Devi bubaran karo Ringga Bryan teka kanggo Devi. Bryan sing terus mbuktikne roso sayang lan asihe marang Devi. Devi mesakne nang Bryan. Kadang Devi dewe nyesel uwis milih uwong sing salah. Opo wae seng dikarepke lan dibutuhne Devi, Bryan mesti ana nggo Devi. Bryan ngancani Devi nengndi ndi panggone COD Devi. Seng gelem ngeterne Devi ngeterke pesenanan olshop e nang ndi ndi Bryan mesti siap. Masio Bryan repot Bryan mesti nyempetke opo sing diperluke Devi. Iki seng gawe Devi percoyo lak Bryan pancen uwong sing apik. Ora koyo Ringga seng mikir pentinge dewe sampe lali karo sekitare. Ndeleng perlakuane Bryan nang Devi akhire Devi seng biyen pegel lan geting karo Bryan saiki dadi iba lan seneng karo Bryan. Devi ora pacaran karo Bryan nanging wong loro kui komitmen. Devi iseh trauma karo seng jenenge pacaran. Sui wong loro kui njalani hubungan. Ringga teka maneh. Ringga njaluk sepura nang Devi lak selama iki uwis nggawe Devi lara ati. Ringga ngakoni lak deweke salah.
Ringga kepingin Devi mbalik nang de’e maneh koyo biyen maneh seng akrab. Nanging kabeh kui koyo amung angen liwat nang kupinge Devi. Perkoro ngeneki ora mung pisan pindo nanging kerep dirasakne Devi. Ringga kerep njaluk sepuro nanging mesti tetep dibaleni maneh nglarani Devi. Devi ngroso lak deweke ora iso mbalik maneh karo Ringga. Devi gelem maafne Ringga nanging ora gelem mbalik hubungan maneh koyo biyen. Jan jane atine Devi iku iseh tresna karo Ringga nanging Devi wis kadung gela marang Ringga. Seng nguatne rasa pegele marang Ringga yaiku wes ana ne Bryan ning atine Devi.
Mangerteni Bryan cedak karo Devi, Ringga saya muntab emosine ngungkap ngungkap janji biyen kang tau diucap Ringga karo Devi. Ngetok ne banget lak Ringga emosinan lan egois. Devi ora ono entek e nangis karo bengok bengok neng ngarepe Ringga, Devi ngomong lak opo artine janji yen salah sijine mblenjani. Janji kui iso dipendem yen wong loro podo podo mlaku nang nduwur janji kui. Yen Ringga isih ngganduli janjine Devi menyangopo Ringga nyia nyia ne lan nggawe lara atine Devi. Iki iseh mbekas nang atine Devi. Ringga meneng. Devi ngungkapne yen slama iki Ringga wes ora ana ning atine Devi. Seng selalu enek lan mangerteni Devi amung Bryan. Devi njaluk sepura menyang Ringga yen kata katane nglarani Ringga. Ringga ketok nyesel banget wes gawe wong seng di tresnani nangis nang ngarepe de’e. Saktenane Ringga uga tresna Devi nanging Ringga ora bisa mbagi wektu antarane kanggo kepentingane dewe lan kanggone wong liya yaiku Devi. Ringga amung bisa nelangsa karo kabeh iki. Wong sing ditresnani iso ngalih saka atine marga polahe dewe. Yen uwes ngene sopo sing bakal disalahke? Ya AKU DEWE!! Bengoke Ringga karo rasa bersalahe. Arep di piye ke maneh Devi kadung nyaman karo Bryan. Pancen prasaan iku ora kena dipeksa. Opomaneh Bryan teka ning atine Devi pas Devi susah susahe, pas Devi terpuruk lara ati. Bryan koyo to srengenge sakwise udan kanggone Devi
Komentar
Posting Komentar