14. HP ANYAR

"HP Anyar"
Dening : Dhella Mayrawati/14

   Wayah iki lagi tenar-tenar e HP Android. Ora saben wong iso duweni Android prakara panggone tuku kang adoh lan regane sing garai kurune dompet. Nanging ing desa Sokanandi ana siji bocah sing wis duweni HP Android iku, Riko jenenge. Bocah e sing dimanja karo Bapak e ndadekna apa wae panjaluke iso keturutan. Banda donyane sing turah mblawah nggawe Bapak e gampang-gampang wae nuruti kabeh panjaluke Riko. Isuk awan sore wengi Riko ora dolan ora mangan, betah lah dolanan Android terus.
   "Ko, jam pira iki?" Pitakone Ibu
   "Jam 10, bu"
   "Jam 10 kuwi wengi apa sore?"
   "Nggih wengi to bu, pripun to?"
   "Lha kowe ki ngertu wis bengi kok yo ora ndang turu, dolanan KP wae"
   "HP bu, mboten KP"
   "yowis kuwi lo pokok e, gek ndang turu kono!"
   "Mangke bu, 10 menit mpun"
   "Ora iso, 10 menit.. 10 menit apa kowe ki. Dupluk!"
   "Oalah buu, bu..."
   "Wis ndang mapan!"
   "Nggih.. nggih"
Riko mlaku menyak kamar e. Awak e ditutupi kemul kandhel e. Ora sengaja Ibu e Riko ngerti padhang-pandhang ing jero kemul e Riko, banjut Ibu e Riko mbatek kemul kui.
   "Bocah iki yooo.. kuping apa canthelan wajan to Le.. Le"
Riko mung mesem menyang Ibu e, bingung kudu jawab pie.
   "Pokok e bengi iki teko minggu ngarep HP mu Ibu sing gowo."
    "Lho.. bu kok ngoten to?"
   "Wis ora usah kakean ABCD, gek ndang turu!"
Ibune Riko ninggalno kamar e Riko, ndelikna HP kuwi ing jero lemari kamar e.
*****
   Jago wis kluruk, pandom jam ndudohna wis jam 6 isuk.
    "Byuuur...."
   "Lho.. Lho bu, pripun to teles niki lo bu, ya Allah.. tego temen buuu... bu"
   "Oalah le.. le.. ya sepurane buk e ora sengaja iki lo kesandung sikil meja"
   "Alesan klasik" kandha Riko irih.
   "Omong apa kowe, Ko?"
   "Mboten bu, nggih mpun badhe adus bu"
   "Yowis, ndang adus!"
*****
   Riko teka ing sekolah e, SMPN 3 Banjarnegara. Lagi mlebu kelas Riko lingguh banjur nyelehke sirah e ing duwur bangku.
   "Ko, Riko?"
   "Apa to bud?"
   "Isih isuk kok wis nglimpruk kaya kumbahan reget wae to"
   "Ngantuk aku bud."
   "Makane aja turu wengi-wengi"
   "Alah, ora masalah bud. Penting ki aku menang main Mobile Legend"
    "Panganan apa kuwi?"
   "Alah wis ora bakal ngerti kowe, makane tuku o HP Android"
   "Ya pie to Ko, Ati karep banda cupet iki."
   "Diguyu semut kae lo"
   "Alah ana-ana wae kowe ki, untung aku sabar"
*****
   Bel bali sekolah wis muni, Riko metu saka kelas e banjur nyegat bis ing ngarep gerbang karo nyruput es teh plastikan.
   "Biyuh seger e es teh.." kandha Riko.
Bis e Riko mandhek ing ngarep gerbang sekolah, Riko mbuwak es teh e sak enggon-enggon banjur munggah ing jero bis cilik kuwi. Angin silir-silir agawe Riko soyo ngantuk ditambah ndek bengi Riko turu wengi banget.
    Dalan sing gronjal agawe Riko tangi saka turune.
   "Lho... Pak kernet, teka ngendhi iki pak?"
   "Teka Ampelsari, Mas"
   "Waduh pak e.. Sokanandi kebablasen iki piye pak"
    "Lha pie to Mas, kok ora ngomong awit mau yen mudhun Sokanandi?"
   "Keturon e Pak, nganyari HP mau bengi"
   "Lho yo pie Mas, ya pokok e kudu ngenteni bis iki mubeng ngetan maneh Mas, sabar"
   "Waduuuh Buk e..."
Riko mbengok biduh ing jero bis.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI