18. PAWELING WONG TUA
Paweling wong tua
Dening : Eka Ayu Palupi/18
Aku(palupi) : " Ojo ning selondo to cah, aku gak wani."
Julia : " La nyapo kok ora wani ?, rausah wedi kancane okeh."
Ninik : " Layoto ning kono kui enak adem, sing enek masalah bakal lali karo masalah e, gek ning kono usum e rambutan lo gaes."
Eka : " Lha montorku opo kuat len? Vega lo lur, gung pernah dinggo munggah."
Ega : " Halah kog podo weden men, ora ora nek mblorot mengisor, kancane okeh rasah wedi."
Julia : " Lha eka opo oleh kro ibukmu?
Eka : " Nek palupi oleh, aq yo oleh."
Ega : " Halah iso iso, mosok dolan ngunu ae ora iso budal neh kebangeten, wis to kancane okeh wedimu bakal ilang nek kowe engko seneng lah lah tak jamin."
Akhir e aku lan kanca kancaku sepakat manut omongane ega. Sak jane aku wedi karo ibukku, soale aq nek dolan kudu matur,tapi nek aku matur mengko malah seneni gak sido dolan. Sak bare muleh basket, aku tekan omah arep ngomong ning ibuk tapi ora wani,akhir aku ora ngomong nang ibuk. Tapi ibuk pernah ngomong nik arep dolan dikon omong disik.
Sesuk esuk ibukku gugah aku, soale arep menyang sawang arep matun gone sawahe wong liyo. Aku diwelingi karo ibuk.
Ibuk : " Pii,, buke arep mergawe,kowe ojo dolan ning omah ae rasah ning endi endi yo."
Aku : " Enggeh buk, aku engko arep izin ning gone kancaku garap tugas buk, gak popo yaa?"
Ibuk : " Iyo ora popo, ojo muleh awan awan soal e mengko arep ngluyur gone mbahmu kalang."
Aku : " Enggeh buk..(karo ndredeg)
Aku ngapusi karo ibukku dewe, jane aku nyesel ngapusi tapi aku yo pingin dolan nek ora nganggo coro iki mungken aq ora iso dolan. Suwe aku ngenteni kancaku marani aku ning omah. Tak enteni awet jam 08.00 sampek jm 09.00 urung teko. Aku ndungu montor ning ngarep omahku.
Ega : " Eh, maaf yo aku telat mau isek.ngeterke bukku menyang pasar."
Aku : " Ora popo ga, ayo ndang budal selak awan." (Aku budal kro ega marani kanca kancaku liane)
Teko omah e kancaku.
Ninik : " Heh, wengko cah loro kui ora diseneni karo bukmu? La kowe wis matur durung?"
Aku : " Aku gak wani arep matur, wedi lak seneni, halah yowes neh ayo dang budal selak awan."
Aku budal karo kanca kancaku. Sak tekane kerten montor e kancaku kentekan bensin. Aku lan ega kancaku nuntun montore karo golek wong dodol bensin. Bar kui aku lan kanca kancaku neruske perjalanan maneh.
Aku : " Opo ijek suwe to jane ki? Awet mau kok ora teko teko."
Ega : " Sediluk ngkas teko."
Sak tibane teko daerah jogorogo, aku duwe roso wedi. Aku pucet,keter mergo lagi iki aku munggah ning jogorogo ora omong ibukku. Saktekane anjoran ning pasar selondo aku nutup wajahku, aku wedi ora wani mbukak tangan sing tal tutup ning wajahku. Sak bare kui teko tengah tengah podo mandek mergo salah siji kancaku ngajak mandek.
Ega : " Nyapo mandek?"
Eka : " Aku wedi montoran, gak wani nerusne aku."
Aku : " Halah gapopo ka, rasah wedi sediluk ngkas teko tarah dalane ngeneki."
Akhire cah cah nglanjutne perjalanane. Pas munggah aq ngingeti montore eka soko ngisor pas arep munggah masuk siji ngeden ngebul metu keloke. Aku biduh dewe ora wani ndelok samarku wedi nek glundung mbalik mengisor. Perjalanan wis dilewati akhire teko selondo. Ning kono enek wong pramuka, dadi ora oleh nyedak kawasane. Urung nganti setengah jam cah cah ngajak muleh gone mbahe ninik arep golek rambutan. Saktekane omahe mbahe ninik langsung disuguhi es degan karo rambutan. Aku ora mangan mergo masuk angin goro goro dalanne mau. Jam wis sekitaran 14.00 wis arep sore, aku lan kanca kanca muleh tapi ninik ora,wonge arep nginep ning omahe mbahe. Perjalanan arep ning omah ujuk ujuk enek polisi ning pinggir dalan. Aku ndredek tak kirone arep tilangan bake jelalah cuman kiter(putetbalek). Sakwise tekan omah aku ora ditakoni ibukku. Mergo aq muleh kawanen.
Aku : " Buk gak sido to arep nggone mbahe?"
Ibuk : " Ora sah. Wis kadung awan."
Soko omongane ibukku aku ngroso nek ibukku nesu karo aku. Nganti tekan esuk aku ora ditakoni ibukku. Ujuk ujuk awakku panas banget lan muntah muntah.
Ibuk : " Nyapo,?
Aku : " Aku gak mlbu sekolah buk aku loro."
Ibuk : " Yo ngonokui oleh olehanmu leh dolan mblayang ae karo ega nek loro ngonokui sing repot sopo jane yo aku to, ngolo leh gedekne dolan lan mblayangmu ae."
Aku : " Enggeh buk kulo nyuwun ngapuro."
Akhire aku ora wani mbaleni hal koyok kui maneh. Aku wedi yen ora omong malah dadi molo. SELESAI
Komentar
Posting Komentar