08. MBURU UCENG KELANGAN DHELEG
Mburu Uceng Kelangan Dheleg
Dening : Afit Wulandari/08
"Rus 2 minggu ngkas awakmu lak arep melu lomba nyanyi to?" takon Roni
"Iyo Ron..."
"Yen ngono kapan awakmu nek arep latihan" takon Lalan
"Mengko muleh sekolah aku wes arep latihan karo Pak Awi lan kanca-kanca liyane sing arep melu lomba nyanyi" Rusdi njawab karo isih maca buku.
"Nek ngono aku lan Roni muleh dhisik yo amarga arep latihan karate"
"Oo.. Iyo ora apa-apa sing satai wae " jawab Rusdi.
Wayah muleh sekolah Rusdi latihan nyanyi karo kanca-kanca liyane dhewek e bakal nyanyi lagu sing judule pupus. Pak Awi guru seni budaya sing nglatih nyanyi Rusdi lan kanca-kanca nganti gumun amarga suarane Rusdi iku khas, nanging Pak Awi ngomong yen Rusdi jek kudu latihan meneh amarga ana part sing durung Rusdi mangerteni. Supaya Rusdi iso mertehanke gelar juara ing tahun wingi. Amarga wes rampung anggone latihan Rusdi pamit muleh marang gurune. Tekan parkiran sepeda motor Rusdi langsung nganggo helm lan siap arep muleh.
Wayah isuk ing kelase Rusdi kabeh kanca-kancane Rusdi sing lanang padha crita ngenani anggone dolanan PS. Saiki emang lagi usume bocah-bocah dolanan PS Rusdi sing lagi teka meneng wae amarga dheweke ira tau dolanan kaya ngono kui, dheweke sibuk latihan nyanyi kanggo persiapan lomba.
"Rus awakmu wes tau dolanan PS durung?" takon Gurit
"Durung Rit aku sek kudu latihan kanggo lomba nyanyi sok mben" saut Rusdi
"Halah Rus Rusdi latihan barang nggo opo wong wes genah nak awakmu iku tahun wingi wes dadi juara mesti tahun iki awakmu meneh sing dadi juara" Gurit mulai dadi provokator
"Jare Pak Awi aku sek kudu latihan meneh amarga ning lagu sing arep tak nyayike aku durung apik leh nyanyi" Rusdi nyauri karo mlaku moro ning bangkune.
Lalan lan Roni wes teko kawet mau wong loro iku yo krungu nek Gurit mau wes mulai mrovokasi Rusdi supaya ora melu latihan nyanyi. Lalan lan Roni ngomongi Rusdi supaya ora ngrungoke omongane Gurit lan kanca-kanca liyane amarga dilut ngkas Rusdi bakal mrlu lomba lan Rusdi kudu tenana anggone latihan. Sak tenane Rusdi iku kepengen banget melu dolanan PS nanging dheweke ora iso melu dolanan amarga ijik kudu latihan nyanyi.
Lomba nyanyi bakak dieneke seminggu ngkas, tibak e lagu sing kudu dinyanyike ora trimo siji nanging 2 lagu dadi Rusdi kudu latihan luwih tenanan meneh. Kawet seminggu iki Gurit ora uwis-uwis ngujuk-ngujuki Rusdi supaya melu dolanan nanging Rusdi mesthi iso nolak. Nanging sing jenenge Gurit ora bakal mandeg yen durung klakon kapinginane. Soyo suwi atine Rusdi goyah dheweke pingin njajal kaya apa to rasane dolanan PS iku.
Wayah muleh sekolah Gurit nemoni Rusdi.
"Rus ayo melu aku"
"Nyang ndi to Rit?.. Dina iki aku kudu latihan nyanyi meneh"
"Halah wes to Rus suaramu iku wes apik rasah latihan terus, nek ngono kapan we iso kaya kanca-kanca iso dolanan. Rasah nggatek omongane Pak Awi awakmu mesti di apusi yo po ra Ndra?" Gurit terus ngujuk-ngujuki Rusdi.
"Iyo Rua wes to percaya karo awake dewe
"Apa iyo ngono kui? Sak tenane aku iku yo kepingin iso dolanan kaya bocah-bocah liyane" akhire Rusdi kena godane Gurit. Padahal Rusdi ngerti nek Pak Awi ora ngono kui nanging Rusdi wes kadung kepingin dadi dheweke ora peduli meneh.
"Mulakno ayo ngko muleh langsung melu aku"
"Yowes nak ngono aku tak jupuk motor dikek" Rusdi mlaku ning parkiran.
Rusdi metu ko kelas tanpa pamit karo Lala lan Roni, Rusdi emoh yen kancane mau ngerti nek dheweke arep mbolos latihan. Nanging Rusdi ora ngerti nek wes ana ing parkiran luwih dhisik. Dheweke cetuk Roni
"Lho Rus awakmu arep nyang ndi? Dina iki awakmu gak o arep latihan nyanyi to? Takon Roni
"Eh... Iyo Ron nanging aku gk iso latihan amarga aku dikon ngeterne ibuku menyang omah e mbahku.
"Ealah... Ngono to yowes nak ngono aku tak muleh dhisik yo"
"Iyo sing ati-ati Ron"
Rusdi wes teka ning nggone janjian karo Gurit lan Indra. Dheweke langsung njajal dolanan tibakno bener apa sing diomong bocah-bocah ning kelas dolanan iki tarah seru tenan.
Wes ana 4 dina Rusdi ora tau latihan nyanyi maneh ana wae alesane supaya ora melu latihan. Pas wayah dina ke 5 Rusdi ora latihan, Roni sing maune arep menyang omahe Rusdi malah cetukan Rusdi numpak motor, amarga penasaran Roni ngetutake Rusdi jebule Rusdi moro nyang nggon PS-an. Langsung wae Roni marani Rusdi.
"Oalah ngeneki to Rus sing mbok omong arep ngewangi ibumu ngeterne pesenan, arep ngeterne ibumu nggone mbahmu? Iki to nggone?" Roni ngomong karo nahan emosi
"Lho Ron awakmu ning kene nyapo? Takon Rusdi
"Aku mau arep nyang omahmu aku ngerti awakmu metu ko omah terus tak eloki tibakno menyang nggon kene. Terus ora tau latihan sisan ngerti arep lomba nyanyi" saurane Roni rodok sinis
"Aku ki yo kepengen dolanan Ron. Aku kesel latihan terus, wong rumangsaku suaraku yo wes apik dadi rasah latihan nemen-nemen"
"Yowes sak karepmu aku arep muleh. Ojo nganti nyesel Rus sok mben"
Ora krasa lomba nyanyi wes arep diawiti kurang 15 menit ngkas Rusdi bakal tampil. Senajan pegel karo Rusdi, Lalan lan Roni tetep ndlok kancane lomba. Rusdi wes tampil nanging kabeh padha kaciwa amarga tampilane Rusdi ora kaya biasne dheweke nyanyi.
Akhire peengumuman juara lomba diumumke. Rusdi ora oleh juara, dheweke nyesel amarga nyepeleke latihan lan dheweke terlalu sombong ngenani kemampuane.
"Lan Ron aku njaluk ngapura yo amarga ora ngrungoke omonganmu saiki aku wes ngerti ning ndhuwur langit isih ana langit. Tibakno aku kalah"
"Wes ora apa-apa belajar saka kesalahan wae supaya ora dibaleni meneh" saut Lalan
"Yo iki sing diarani Mburu Uceng Kelangan Dheleg" tambah Roni
TAMAT
Komentar
Posting Komentar