06. LIBURAN SEKOLAH
Liburan sekolah
Dening Yusuf
“Kenalake jenengku Agus, aku nduweni kanca sing paling tak banggakan sing nduwe jeneng Dian lan Roni"
Liburan sekolah wis teka nanging aku lan kancaku isih bingung arep liburan neng ngendi, “libur sekolah enake neng ngendi ya?” Takon aku marang kancaku. Dheweke njawab “enake mlaku-mlaku lan nggoleki kahanan anyar”. “Iya aku ngerti, nanging neng ngendi?” Takonku meneh marang dheweke, banjur dheweke njawabe: “Ya kaya ta menyang gunung utawa menyang kebon/alas ngunu lah".
Kanggo golek ide sing apik aku lan Dian budal neng omahe Roni. Sawise teko kono , banjur Roni ora ono neng omah , tibake bocahe isih neng sekolahan amergo enek tugas kelompok. Aku lan Dian nunggoni neng omahe Roni sampek keturo nganti awan. Saking suwene aku nunggu , akhire Roni balek, "Gus, enek opo kok nunggu aku ? Sampek keturon-turon. Ngesakke Dian sampek durung tangi". " aku karo Dian nduweni angen-angen liburan iki arep dolan, gelem dolan neng gunung gak Ron ?". "Ooooo .. Aku gelem wae , nanging Dian iyo kudu setujuh". Ora suwi Dian tangi lan setujuh karo rencanane Agus karo Roni.
Kanthi rai serius lan akhire aku , Dian lan Roni setujuh . kanggo liburan menyang panggon sing becik lan kahanane kawah sing linuwih. Mesti panasaran ta Dian lan Roni arep neng ngendi?Esuke aku lan kancaku sing nduwe jeneng Dian lan Roni kuwi nuju menyang panggon kuwi, nanging sak durunge iku aku lan kancaku pesen travel kanggo liburan menyang kono. Ora murah pesen Travel iku, aku lan kancaku kekurangan duwek kanggo mbayar tiket kanggo mrono. Nanging ora masalah , mergo omah ku kuwi ora adoh soko panggonan travel iku , tak sempetake muleh disek kanggo njumuk duwek tiket lan kanggo sangu neng panggon wisatane. Terus aku mbayar menyang petugas tiket travel , alhamdulillah aku lan kancaku biso numpak travel kanggo liburan neng panggon wisata sing tak karepake.
Nanging kancaku kuwi isih durung reti panggon tujuan sing arep dituju, kepeksa aku ora ngandhanekne dheweke dhisik. Pas ono ing perjalanan aku ndeleng neng njobo mobil , kanthi katon apik lan indahe pemandangan sing kaliwati. hehemmm… yen tembung wong zaman saiki sih kandhane SURPRISE, sakwise meh nganti menyang panggon tujuan aku ngandhanekne jeneng panggon wisata sing tak tuju kuwi, kanthi rai seneng dheweke pitakon marang aku“panggon apa iki? Becik banget pemandangane lan udarane sejuk banget”. Aku kanthi bangga aku njawabe: “Iki panggon sing tak ngen-ngen sajroning iki yaiku gunung Bromo”.
Aku lan kanca-kanca ku , banjur muteri gunung Bromo nganti Awan. Dian saking senenge , muteri gunung nggo Jaran. Suwasono neng kono katon asri lan indah nganti gawe ati bungah. Akeh wong sing bakul jajanan aksesoris utowo oleh-oleh sing regane lumayan murah banget.
Ana bukune Roni ugo ditulisake pengalaman pribadine liburan ke gunung bromo , yen Kahanan alam sing becik, dalanan sing menggok-menggok, mawa udarane sing sejuk banget nggawe aku milih liburan menyang kene iki. Kanthi numpak montor aku lan Roni banjur anyak munggah menyang gunung bromo kesebut.
Sakwise sak jam kapungkur akhire nganti uga neng puncak Bromo, aku lan Roni banjur mudhun menyang padang pasir sing amba neng sekitar gunung Bromo karo nunggu Dian, kanthi sethithik kendala yaiku ban montor sing sethithik kepleset mawa keblekok ngliwati padang pasir kesebut nanging semangat ku akhire nganti uga neng panggon parkir sing panggone tepat ana ing ngisor gunung Bromo. Nanging, aku karo Roni nunggu Dian numpak jaran sampek kesel . suwene kuwi sing gawe kesel. Ora suweh nunggu , banjur Dian teko karo nguya-nguyu dewe , tibake dewekke mau sampek ceblok soko jaranne.
Sawise podo ngumpul kabeh , Kanthi rasa ora sabar aku , Dian karo Roni banjur markirke montor, banjur mlayu menyang undak-undakan sing dihubungna sikil gunung bromo kanthi puncak Bromo.
Sakwise sekitar kurang luwih 10 menit munggahi undak-undakan kuwi akhire tekan neng puncak gunung Bromo, mung tembung sing terlintas neng benak kami yaiku “Bromo Apik Bangetttt”.
Ya tembung kuwi sing tak pikirke sanganti neng puncak Bromo kesebut, saka puncak kuwi aku, Roni lan Dian ndeleng pemandangan sing becik lan alami. Mawa aku uga bisa ndeleng apa sing ana neng sikil Bromo saka kene conthone kaya: wong sing nunggang jaran utawa suku Tengger, banjur aku uga ndeleng montor sing tak parkir neng ngisor lan akeh mobil Jeap sing diparkir nang ngisor.
Saking senenge ndeleng pemandang , aku lan Kanca ku lali wayahe bali. Nanging awak iki urung iso yen ninggal ake gunung Bromo. Wes sore banjur aku lan kanca ku medhun banjur goleki travele kanggo muleh. Teko omah sampek jam 21.00 WIB , sakwise muleh aku lan kanca ku mampir neng omahe Dian kanggo mindah foto-foto sing dijumuk pas ono ning Gunung Bromo mau lan kanggo mrikso barang gowonan dewe-dewe.
Liburan sekolah tahun iki , bakal dilanjut bebarengan meneh karo kanca-kancaku. Liburan iku yen wes dilakoni bebarengan mesti ngasilake pengalaman kang ora biso dilalekake.
Komentar
Posting Komentar