11. KAKUATAN TRESNA
KAKUATAN TRESNA
Dening : Ariska Novia R
Jenengku Salsa, siswa kelas X SMA sing isih keliwat bocah ngenal bebasan katresnan. Aku ngenal karo bebasan katresnan wektu linggih neng kelas 2 SMP.
Pisanan aku melbu SMP durung paham bener babagan katresnan, nanging pas aku wes suwe kenal karo knco"ku aku maleh gampang kepincut karo omongane cah lanang. Kelas 2 SMP aku sering banget gonta ganti pasangan, amergo sak ben menjalin hubungan mesti kroso bosen. Aku gampangne perasaane wong lanang lan ora mikir pie mburine. Kepisan aku pacaran karo konco sak kelasku, dewek e yo bagus. Nanging amergo atiku kegudo, tanpo mikir perasaan e dewek e aku meneng" ndue hubungan karo koncone sak kelas karo aku pisan. Ora suwe, sandiworo iki dimangerteni karo wong loro kuwi, dewek e pegel banget karo aku. Nung kelas meneng-menengan.
Sak rampunge kisahku karo dewek e, aku kenal wong lanang maneh. Dewek e kakak kelasku, tedi jenenge. Aku serius lan ora main" pas karo dewek e amergo roso tresnaku sing gede. Nanging ora suwe dewek e maleh berubah lan gawe kecewa aku. Aku loro ati ora uwes-uwes. Sak banjore dewek e ngilang soko uripku, beruntunge aku enek wong lanang seng iso gae lali roso loroku, ferdi jenenge.
Saiki aku wes SMK. Durung mari lan paham babagan katresnan, sangono gampange aku ndolanke perasaan wektu kuwi, tanpa sethithika mikirke pangrasa pasanganku. Awal mlebu SMA, aku njalin hubungan karo kakak kelasku. Aku kelas X, lagekne dheweke kelas XII pisan meneh aku mung ndolan karo demen tanpa serius mikirke pangrasane sing wis kelarani amarga tingkahku.
Putus saka dheweke aku kenal karo cah lanang liya, kabeneran dheweke uga sak umuran karo aku, tepate kelas XI, Alfan jenenge. Sadurunge aku ora kegeret kanggo njalin hubungan meneh, wes jeleh bebasane, ora ana sing menarik wektu aku njalin hubungan.
Awal kenalan aku uga ora pati nggeret, lan aku ora nganggep Alfan.Ning rasa kuwi terasa beda pas aku ping pisan ndeleng awake.
Sa, kuwi lo sing jenenge Alfan" jare Lani, salah sawong kancaku sing pas kuwi lagi linggih enak-enak neng ngarep kopsis karo guyonan. Aku teras nyawang menyang arah Alfan, lan kuwi awal aku ngerti Alfan kanthi langsung.
Tenane kuw Alfan? Takonku marang Lani tanpa ngilangke pandanganku saka arah Alfan.
Iya bener, kuwi Alfan" Jawab Lani karo mangan jajan sing entas dheweke tuku.
Edan, bener-bener edan. Ganteng banget jebulna batinku sajroning ati lan isih gumun ndelengke. Sangantine neng omah, aku ora mandhek-mandhek kepikiran raine Alfan.
Ngapa iki, aku ora bisa mandheg mikirke cah kuwi. Biyasane aku uga ora tau kaya iki pikirku aneh banget karo bola-bali aku nguwaske handphone ngarep-arep ana SMS mlebu saka Alfan. Tenan aneh, sing maune aku ora kegeret, saiki malah ngarep-arep luwih karo Alfan.
Ana SMS ! Bengokku. Teras dak bukak SMS kuwi lan bener, kuwi SMS saka Alfan. bungah banget. Kuwi awal nguga aku bisa serius njalin hubungan karo pasangan, tenan beda karo pasangan-pasanganku sak durunge
Lan iki wayah sing tak tunggu, wayah aku lan Alfan mlaku bareng. Sadurunge kami nonton, ning mergo wayah wis keliwatake, kami akhire nuju menyang siji panggonan sing becik banget. Udara sing sejuk, kahanan tenang, manuk-manuk nembang, suket ijo njoget lan genangan banyu sing amba yaiku panggonan cilik saka pancaran becik kene iki. Neng kene iki aku lan Riko padha nyritani babagan kuripanku dhewe-dhewe, ora krasa uga sore wis teka.
Aku oleh ngomong serius ora Sa? Takon Alfan. kono serius nguwaske aku.
Oleh Mas Karo sethithik gugup aku njawab pitakone. Dumadakan Alfan gujeng tanganku. Duuh duh duh edan, arep ngapa ki bocah batinku njero ati.
Gelem ora dadi pacarku ? Aku tresna karo kowe.
Saknalika pangrasaku teras campur aduk antara seneng lan bingung. Tekan saiki hubunganku lan Riko apik-apik wae. Ora pernah neson apa maneh pada selingkuh. Mugo crita katresnanku iki bakal dadi crita katresnan keri dhewe kanggo aku lan Riko.
Komentar
Posting Komentar