10. TRESNA RA KUDU DUWENI

TRESNA RA KUDU DUWENI
Dening : Arika Dwi Hapsari / 10

Jenengku Elsa Dian Permatasari. Aku sekolah ing salah siji sekolah sing terkenal ning kotaku, yaiku SMK Negeri 1 Ngawi. Sekolah sing wis duweni akreditasi A lan dadi sekolah rujukan. Aku ora ngira yen aku bisa ke trima ning sekolah seapik iki. Aku jupuk jurusan Administrasi Perkantoran amarga aku pengen waktu lulus mengko aku iso kerjo ning kantoran.
Lisa Juana Tasya, konco kethelku sing mesthi ana pas aku lagi seneng lan susah. Bejo duwe konco koyo Lisa, masio dheweke cuwawak, nanging atine apik banget. Wes 2 tahun kepungkur aku sekolah lan bebarengan karo Lisa. Selain kuwi, aku karo Lisa uga melu organisasi sing podo. Pokok ning endi ana Elsa ning kono mesti ana Lisa.

Bel sekolah uwis muni, teeetttt teettttt teeettt!!!!
“Lis, dino iki mau rapat pora?” takonku menyang Lisa.
“Sek El tak delok chat ning grub” Jawab Lisa. Lisa banjur buka hp lan ngecek ng grub organisasi yen dina iki rapat apa ora.
“Eh El, dino iki rapat ning kelas 12 Pemasaran 2. Ayo ndang budal selak keri mengko.” Kondhone Lisa.
Aku amung mantuk banjur metu soko kelas lan melu mlaku ning gurine Lisa.

Rapat di awiti, dina iki sing mimpin rapat ora Rama ketuane, nanging Adi salah siji anggota sing entuk tugas dadi perwakilan Teknikal meeting lomba.
“ Assalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuh” Kondhone Adi.
“Waalaikumsalam Warahmatullahi wabarakatuh.” Jawab bocah - bocah sing melu rapat.
“Iki langsung wae masalah lomba tanggal 22 Maret 2018,  masalah kostum sing dinggo peserta uga enek nilai khususe. Kanggo supporter ora kena gowo drum amergo wedi nganggu dalane perlombaan. Tiket wis iso di pesen awit tanggal 15 Maret ning SMA Negeri 2 Ngawi. Khusus kanggo tiket langsung wae ditunjuk sopo sing dadi koordinatore. Amung kuwi hasil TC wingi. Ana pitakonan?” Takone Adi.

Bocah – bocah ora ana sing takon amung meneng wae.
“Di Adi, jarang – jarang aku delok bocah lanang cuek, menengan, pinter, sholeh, rajin sholat koyo kowe iki” kondhoku ning jero ati.

Krasa yen aku ngingeti dheweke, Adi langung ganti ngingeti aku. Aku langsung kaget lan salah polah. Raiku langsung abang banjur aku madep ngisor amergo isin.
“Yen ora ana pitakonan, cukup tekan semene rapate adhewe. Wassalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuh.” Tutup Adi.
“WaalaikumsalamWarahamutallahi wabarakatuh.” Jawab e bocah - bocah.

“ Langsung wae, sapa sing gelem dadi koordinator tiket?” Takone Rama.
Nanging ora ana sing gelem dadi koordinator. Embuh mergo wegah dadi koordiantor utawa isin arep ngomong.
“Yen ora ana sing gelem. Kepeksa Aku dhewe sing bakal nunjuk sing dadi koordinator Tiket. Risma! Kowe sing dadi koordinator tiket” Kondhone Rama.
“Siap!” Jawabe Risma.

Rapat uwes bubar. Persiapan kanggo lomba uwes 90%. Aku banjur metu soko kelas 12 Pemasaran 2, banjur mlaku menyang parkiran karo Lisa.
“El” celuk Lisa.
“Hm” jawabku.
“Kowe awit rapat teko bar rapat tak ingeti kok ngingeti Adi ae to El? Kowe seneng karo Adi?” Pitakon e Lisa langsung gae atiku tratap.
“Opo iyo aku seneng karoAdi? Ah ora mungkin.” Batinku ning jero ati.“ Omong opo to Lis we ki. Ora mungkin aku seneng karo Adi.” Jawabku sakeneke.

“Ora usah ngeyel El, wong mau waktu Adi ngingeti kowe lo, mukamu ketok abang” Godane Lisa marang aku.
“Opo to Lis kowe ki.” Jawabku. “Opo yo mungkin Adi seneng karo aku. Ngayal kowe ki El” nggremengku.
“Opo El? Ngayal? Yo sapa ngerti Adi seneng kowe tapi dhewek e ora wani ngomong ning kowe. Tapi tenang ae El, aku bakal ngebantu kowe kok” Kondhone Lisa karo cengar - cengir.
“Lisa! Tresna kuwi ora kudu nduweni Lis. Yowes ben tresna iki tak pendem ning jero ati. Luwih apik aku ndelikne tresna iki. Kowe yo ngerti to Lis, yen Adi iki bocah sing imane kuat. Ora mungkin dheweke bakal pacaran. Dheweke ngerti yen ning agama islam pacaran kuwi dilarang. Kowe mestine yo ngerti kuwi to Lis.” Jlenterehku menyang Lisa.

“Iyo aku ngereti El. Tapi, hmm … tak pikir – pikir saka omonganmu mau asline kowe seneng tenan to karo Adi? Hayoo ngaku!! Gak usah ditutup-tutupi El, wong kowe mau wes keceplosan ngomong loh.” Godane Lisa.
Aku ora iso ngleno maneh,  amarga aku mau uwes keceplosan. Mukaku balik abang maneh amergo isin digojeki karo Lisa.

“Yo to abang meneh mukae. ahhahhaha” Lisa ngguyu nganti diingeti wong lewat.
“Wes wes wes. Kok malah aku dibully to. Uwes ndang jikuk motore wes sore ayo gek ndang mulih” Kondhoku.
Sak tekane parkiran aku karo Lisa banjur jikuk montor lan mulih menyang omahe dhewe-dhewe.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI