12. MLAKU BEBARENGAN

Mlaku Bebarengan
Dening : Brenda Zalsha Fahra Dilla /12/XII AP 1


  Jam 04:00 Aku tangi turu lan ngelakoni sholat, banjur ngewangi ibu ngeresiki omah sak durunge aku mangkat sekolah. Aku ngirim sms ning kanca kanca yen mengko budal sekolah bebarengan.
 Jam 06:00 Aku,Jefri,Juana,Dika lan Della wis podo lungguh ning kelas. Sinambi nunggu bu guru mlebu kelas.
Teng.. Teng.... Teng..
"Sugeng Injing", ature bu gutu.
"Sigeng injing bu", jawabe poro murid ing jero kelas.
"Saiki bu guru ndueni tugas kanggo nambah nambah nilai yoiku kelompokan nggawe drama sing temane tentang Kekancan. Saiki Nisa,Jefri,Juana,Dika lan Della dadi sak kelompok mergo bocah bocah kui podo mbandel kabeh! Terus sing liyane golek kelompok dewe dewe. Podo ngerti cah?". Pitakone bu guru marang bocah bocah.
"Ngertos bu", panjawabe murid bebarengan.

   Teng.. Teng.. Teng... Wayah istirahat aku karo Jefri mung lungguh ning kelas.
"Apike adewe gawe judul drama opo Jef?", Pitakonku marang jefri
" Ngene ae adewe sak kelompokkan ndueni bedo bedo kepercayaan lha adewe iso gawe drama tentang kui. Piye?" Jawabe Jefri.
"Iyo. Ngono yo iso, yowis aku tak sing gawe naskahe yo, nanging kowe yo ngewangi. Nek ngakon cah cah liyo wediku nek gak mathuk". Dimanthuki Jefri karo mesem mesem.

Wayah muleh barengan aku ngajak cah cah dinggo ngumpul ning omah ben iso melajari naskah drama lan biso latihan barengan, mumpung dina minggu ngumpule jam 10:00
  Aku,Dika,Juana, lan Della wes podo lungguh lan nyekeli naskah drama dewe dewe. Nanging Juana sing ditunggu gak ndang teko teko.
" Nengdi ki bocah kae, wes ditunggu sesue iki gak ndang moro. Opo lali dalan omahmu Nis?" Pitakone Della karo nesu.
"Aku yo gak ngerti e Del, jungkel sawah paling wonge" jawabku lan guyonan songko cah cah liyo.
"Yo wis, ditunggu ae yo ngapo lo cah. Mungkin wonge iseh sibuk. Saiki mending adewe latihan disek lha mengko nek Juana teko iso dibaleni meneh", Panengahe Dika.
"Iyo". Saurane Juana cepet
  Wes sue cah cah nunggu Jefri nanging gak ndang teko teko. Akhire sampek jam 11:30 Jefri lagi teko.
"Woy bocah bocah", sambute jefri tanpo ndue rasa salah. Hal kui gak dijawab karo Della sing wis sue nunggu Jefri.
"Lha saiki Jefri wes teko gek ndang diwehi naskahe Nis, ben ndang dipelajarai", kongkonan Dika.
"Iki Jef, dipelajari tenanan yo. Mengko ndang podo latihan bareng bareng". Panyuruhku karo ngewehi naskah drama marang Jefri.
   Kanggo nyingkat wektu aku lan cah cah langsung podo main drama. Siji loro luput mesti enek lan guyonan tapi bocah bocah wes podo mapan lan ngerti piye polah maine. Dadi aku ngewisi latihan. Lan ngelanjutke latihan mengko bengi jam 18:00.
 
"Nisa nengdi ki, wonge sing ngajak kumpul ning omahe malah wonge lawange turupan". Omongan Della karo nesu.
"Yo ditunggu sek to cah mbok yo podo sabar", penengahe Dika
 
  Ora suwe aku mbukak lawang lan ngerti cah cah wes podo ngumpul ning ngarep omah lan aku ngerti wajahe Della kang wis nesu.
"Ayo podo mlebu cah!", Panyiruhki marang Juana,Dika,Jefri, lan Della
"Iyo. Suwun Nis", panjawabe bocah telu mau kejaba Della sing iseh nesu.
"Piye kon arep gawe drama nek ndue kelompok podo gak siap kabeh. Ndek awan mau Jefri gak iso teko wonge budal ning Greja trus saiki kowe yo melu melu, kowe sing hawe janji tapi kowe dewe yo gak siap. Tris piye dramane adewe iso apik. Ha?", Della karo nesu.
"Yo ngapuro to cah aku ndek mau iseh sembahyang ndek Masjid". Memelasku
"Hakah terah adewe ki kabeh podo bedo! Arepo di kapak kapakne yo tetep bedo lan ora kompak. Wes!" Saurane Della
"Wes cah wes.... justru saiki adewe ndudohne ning bu guru lan konco konco liyo nek perbedaan keyakinan kui gak iso gawe crah. Dadi adewe yo kudu ngurmati siji lan liyan. Mungkin adewe ndueni kegiatan dewe sing gak podo. Tapi iki kan drama kanggo pelajaran lan nilai adewe. Sopo ngerti cah drama tentang kekancan iki biso gawe bu guru ngerti nek adewe kui iso dadi sak kelompokkan" penengahe Dika sing dowo.
"Iyo. Wes gak sah dipikir nemen nemen. Adewe iso mlaku bebarengan karo perbedaan iki", jawabe Juana.
"Iyo cah. Saiki gek ndang ayo latiha tenan lan tambah dimantepne ben sesok nek tampil gak enek paluputan meneh!", pangajak Jefri.
"Iyo", sauranku

  20:00 Aku lan bocah bocah ngewisi leh latihan lan ngakon kabeh podo muleh sesok nek iso latihan meneh sak durunge maju. Sak durunge muleh moro moro
"Nis", Della nyelok aku
"Iyo Del, enek opo yo", sauranku
"Aku jalok ngaouro karo omonganku ndek mau. Sing marai kowe ngeroso salah", panyuwine Della.
"Iyo gak ooo kok Del. Aku nherti kowe nesu mergo aku gak tepat waktu", tak esemi
"Nahh ngene kan yo apik dadi gak enek sing podo ngeroso salah kabeh", penengahe Juana.
"Adewe ki iso lo mlaku benarengan lan ojo sesekali omong bedo tentang adewe meneh cah". Panyuwunu Jefri.
"Iyo ya". Saurane kabeh.
"Dadi sesok adewe tampil kudu apik ben entok nilai apik cah". Penegas Nisa

   Bedo gak popo sing penting gak gawe pepecahan iso ngwehi toleran lan podo ngurmati siji lan liyane. Bedo gak malalah angger adewe iso ngaloki bareng lan ora podo sesinggungan. Kekancan kui unik


Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI