03. GETUN

GETUN
Dening Slamet Widodo


         Bekthi lan ngajeni marang wong tuwa minangka wis dadi kawajibane anak, luwih-luwih ngajeni lan bekthi marang Ibu. Wis lumrahe yen anak iku kudu manut marang apa pituture wong tuwo, nanging kadangkala ana bocah kang nduweni sifal ala, murka, lan durhaka marang wong tuane.
        Dina iki ora kaya biasane , Minah ,rondho sing ragane kuru iku katon nggletak ning amben Jero omahe, ora kaya dina-dina kang wis kepungkur biasane Minah wis ana ing tegalan isuk-isuk banget kanggo kerjo ngresiki suket sing mrambat kethel ing tegalane tanggane , isuk iku Minah durung masak kanggo sarapane Dina, anak wadon siji-sijine sing bisa dikarepake . Dina mbukak tutup sego ing mejo, ngerti ora ana apa-apa ,Dina mbengok marang Ibune
"Buk,,, Ibu,,,, , kenapangapa ora masak ?"
Minah sing nggletak ning amben kaget banjur tangi
"Oalah ndhuk... , Ibu awake lagi ora menak , awakmu dina iki ora usah sarapan, mengko Yen balik sekolah Ibu tak masak kanggo awakmu"
"Oalah.. ibuk... Ibu kenangapa Ibu lara? Yen ngene sapa sing susah Buk?"
Dina mlaku metu saka omah Karo rai sing cemberut. Saben dinane Dina budhal sekolah digonceng numpak motore Upik ,kanca awit sekolah SD. Wektu iku Dina ngenteni Upik ning pinggir dalan ngarep omahe, ora suwe Upik teko Karo Citra lan Vidi.
Dina:"Oalah Pik tak pikir awakmu ora mlebu  ,ayo gage budhal wis awan"
Ara: "Oalah Din... Din.. kapan to Kowe nduwe motor dewe, mbendino kok nunut.. wae"
Vidi: "Lha Iyo to.. ,aku lo ngomong Papiku langsung ditukokne "
Upik: " wis cah uwis apa gunane guneman kaya ngono iku, ayo budhal mengko telat pelajaran IPS gurune galak banget Lo"
"Yawis ayo mngkat!" Saure Ara lan Vidi
(Dina lan kaca-kacane mangkat sekolah)
                    Minah sing awake lagi lara iku kepeksa kudu lunga metu saka omah kanggo nggolek tetuwuhan sing bisa dimasak kanggo anake . Ananging dina iku Minah ora nemoni tetuwuhan sing bisa dimasak, kabeh tanduran ing tegal garing marga mangsa katiga .Banjur iku Minah milih bali menyangkut omah banjur masak apa sing ana ing pawone.
          Wektu iku ora ana apa-apa kajaba lombok sing ana ing pawone. Dina iku Minah Amung bisa masak sambel .wektu wis saya awam, ora suwe  Dina wis mulih saka sekolah banjur mlebu omah
Dina: "Buk.. Ibu wis masak durung?"
Minah: "uwis ndhuk, Ibu wis nyepakna ning mejo"
Dina langsung gage mlaku marani mejo lan mbukak tutup sego
Dina: "Oalah Buk... Mbendino krupuk, sambel, krupuk sambel , gumoh aku Buk ngingeti panganan ngono iku"
Minah: " Ndhuk.. Ibu lagi ora ana duwit kanggo tuku lawuh , awake dewe kudu bersyukur nak isih bisa mangan.
Dina: "Iyo Buk ,iya , nanging yen kaya ngene apa sing disyukuri? Mangan sambel?"
Dina ora mangan,banjur iku dheweke dandan ayu .
Ora suwe Upik, Ara ,lan Vidi teko ning pinggir dalan ngarep omahe Dina.
Dina: " Buk aku arep lunga menyang omahe Upik"
Minah:"iya ndhuk aja bali wengi-wengi"
Dina marani Upik, Ara, lan Vidi ning pinggir dalan
Ara:" kepiye Din, wis ngomong njaluk motor ?"
Dina:"alah gampang aku wis ngomong Ibuku, jare aku bakal ditukokake motor"
Vidi: "aja-aja ngapusi awakmu Din , Sendalmu wae pedhot kok sembung Karo paku ,mosok yo arep tuku motor"
Upik: "uwis ayo mangkat dolan, menyang ngendi Iki?'
Ara: " yowis jalan-jalan numpak motor wae , mengko Yen ning pasar duwitku diutangi Dina maneh"
Bocah bocah iku dolan numpak motor lan ora ana tujuwane.


Srengenge wis katon soyo abang, mertandane wayah saya sore
Bocah-bocah iku bali menyang omahe dewe-dewe, kajaba Upik sing kudu ngeterke Dina bali ning omahe .
Sawise teko omahe Dina ,Upik ngelak
Upik:"Din aku njaluk ngombe omahmu Yo"
Dina:"Iyo wis lah ayo mampir"
Sore iku ora kaya sore-sore sing wis kepungkur. Ning mejo akeh banget panganan enak , ana ayam bakar, iwak lele, tempe goreng, sambel, daging sapi,lan buah-buahan.
Upik:"walah.. walahh Din , Ibukmu kok masak e akeh banget enak pisan ambune"
Dina:"biasa saben dina manganku ya ngeneki, yawis ayo mangan"
Dina lan Upik mangan nganti warek, ora sadar yen wis magrib
Upik:"Din kok Ibukmu ora ana"
Dina bingung banjur nyauri apa, amarga Dina ya ora ngerti menyang endi Ibune
Dina:" Lak aku wis omong ta , Ibuku arep tuku motor"
Upik:"Oalah Iyo ya ,yowis aku tak bali yo"
Yo , (saure Dina)
Wis jam pitu luwih Minah ora bali-bali ,Dina mlebu kamare Ibune lan nemokake secarik kertas sing kaya ana tulisane. Sawise maca tulisan iku, Dina nangis ujug-ujug ,banjur dheweke mlayu menyang ratan lan nggoleki Ibune.
Ibuk... Ibu menyang endi Ibu... (Bengoke Dina Karo nangis)
Sawise adoh anggone mlaku ,nanging ora ana asil ,Dina banjur mulih, teko ngarep omah akeh banget uwong kang ngebaki omahe. Mripate Dina tumuju marang samubarang sing nggletak ning klasa.
Ora dinyana samubarang iku yaiku mayite Ibune. Dina langsung nangis njerit-njerit Karo ngrangkul mayite Ibune. Ora nyana lan ora ngira yen kadadean Iki bakal dilakoni marang dheweke.
Wektu terus lumaku, sawise Minah mati, Dina urip melu pak lik e sing omahe ora adoh Karo omahe Dina. Ing kono Dina wis katon ana perubahan marang uripe, dheweke luwih mandiri, gelem nyambut gawe lan narima marang kahanan sing ana. Wiwit saka iku Dina saiki wis dadi wong sing mandiri nganti kuliah , dina Iki dheweke lulus lan wisuda , rasa seneng lan uga susah dirasakake dina iki marang dheweke. Ananging Dina tetep semangat kanggo nggayuh apa sing dikarepake Ibune yaiku dadi Dokter.
 Tamat

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI