01. KANCA LAWAS
Kanca Lawas
Dening : Ario Widi Prasetyo/01
Rio remaja sing sekolah ning SMPN 2 Malang nduwe konco cedak sing jenenge Tyo lan Pras. Cah 3 iku terkenal ning sekolahan mergo kepinterane lan kesopanane. Nanging salah sijine ono sing ndiwe sifat cuek lan ora pengen eruh urusane wong liyo. Pras iku sing nduweni sifat mau, sifate kuwi sing patek gak disenengi karo kancane.“ Pras ayo mengko futsal karo cah-cah. ” pitakone Rio.
“ Males aku, budalo dewe wae karo Tyo, aku tak ng omahe wae dolanan game luweh menak. ”
“ Ojo ngono to Pras, pisan-pisan wae lah awakmu melu metu awaedewe. ”
“ Males aku. ”
Akhire Pras ora melu futsal. Sesoke pas ning sekolahan Pras teko telat.
“ Nyapo awakmu kok iso telat? ”
“ Ndek mau aku dikon ngeterke bukku disek menyang rumah sakit. ”
“ Lho, sopo sing loro? ”
“ Bapakku sing neng rumah sakit. ”
“ Lha loro opo? ”
“ Aku yo ora ngerti ek, soale lagi mau isuk mlebu rumah sakit. ”
“ Engko wae ya muleh sekolah niliki bapakmu. ”
“ Iyo. ”
Bel muleh sekolah muni, Rio, Tyo lan Pras moro ning rumah sakit amargi niliki bapake Pras. Sakwise niliki, Rio lan Tyo pamit muleh amargi uwes sore, wedi yen digoleki bapak ibune.
Dino-dino dilewati karo Pras, Tyo lan Rio sampek akhire masa perpisahan, masa sing gak disenengi kabeh murid mergo pisah karo kanca-kancane. Rio, Tyo lan Pras njipuk SMA sing bedo, dadi mulai soko SMA wong 3 iku wis jarang bareng maneh amargi sibuk dewe-dewe. Pisan ketemu ning dalan yo mung nyapa tok, ora ngobrol. Rio kelingan jaman mbiyen pas ijek SMP. Saiki Rio yo uwis nduwe kanca anyar,Tyo yo uwes nduwe kanca anyar lan mbuh Pras ning endi, sakwise perpisahan Pras wis ora tau komunikasi karo kancane. Rio lan Tyo janjian ng omahe Rio.
“ Tyo, opo awaedewe nggoleki Pras, uwes suwu pol Pras ora tau ngabari. ”
“ Bener saranmu, tapi arep nggoleki menyang endi. Omahe wae uwes pindah. Blas ora enek jejak peninggalane. ”
“ Jajal takok tanggane sing ning omahe kawak, menowo enek sing eruh. ”
Rio lan Tyo nggoleki ng omahe Pras sing kawak. Jarene tanggane Pras sak keluarga pindah tapi embuh parane ning endi, tanggane gak enek sing eruh parane Pras ning endi.
“ Piye iki, uwes gak enek petunjuk maneh lo. ”
“ Mesti enek. ”
2 sasi Rio lan Tyo nggoleki panggone Pras nanging ora ketemu. Akhire wong 2 mau nyerah amargi blas ora nemoni petunjuk. Sakwise lulus SMA, Rio lan Tyo mbalek bareng maneh mergo kuliah ning universitas sing podo lan jurusane podo. Pas kuwi enek pemikiran nggo nggoleki Pras maneh.
“ Tyo, ayo nggoleki Pras maneh. ”
“ Arep nggoleki ng ndi maneh, mbiyen kae uwis gak enek petunjuk blas kok. ”
“ Ojo ngeluh disek, dijajal maneh menowo enek petunjuk. ”
Pas ning dalan, Tyo ruh wong lanang sing mirip Pras.
“ sek-sek Rio, mandek disek. Aku mau eruh wong lanang sing koyok Pras lagi mulung. ”
“ Ning endi? ”
“ Ning cedak kalenan kae lo. ”
“ Jajal ae diparani ayo. ”
Pas diparai tibakne wong lanang mau bener-bener Pras. Rio lan Tyo kaget mergo kancane malah dadi koyok ngene.
“ Pras, awakmu nyapo kok mulung? ” pitakon Tyo.
Nanging Pras ora jawab lan langsung mlayu ngaleh ngedohi kancane. Rio lan Tyo nggodak Pras nanging kelangan jejak.
“ Tyo, opo bener mau Pras? ”
“ Iyo, aku yo ora percoyo lo dheweke dadi koyok ngono. ”
“ Lha yo ya, kok iso. Mesti enek sesuatu.”
Pas perjalanan mulih, ora sengojo mobile Rio nabrak wong lanang, jebule iku Pras. Rio terus nakoi Pras nyapo kok ngadoh. Tibakno Pras minder lan mikir yen kancane 2 kuwi uwes ora gelem kancanan karo Pras maneh. Tibakno Pras salah sangka, selama iki malah kancane 2 mau nggoleki panggone Pras.
Akhire Pras diterne muleh Rio lan Tyo ng omahe. Sejak ketemu koncone 2 mau, uripe Pras wis ora susah maneh mergo dikei dukungan soko kanca-kancane.
Komentar
Posting Komentar