17. AMUNG SEDILUT
AMUNG SEDILUT
Dening : Dwista Meiyana/17
Ing salah sawijining dina sing cerah, ana 3 bocah sekolah sing menyang pasar gedhe. Bocah-bocah sekolah kuwi ijik nganggo seragam sekolah, lan ora ganti klambi omahan disik. Bocah 3 kuwi ngalor ngidul mlebu bakul klambi sing ana ing pasar kui. Ora mung bakul klambi, bocah 3 kuwi mau iyo mlebu metu marang toko sepatu, toko tas, lan sak liane nanging ora tuku.
“Kowe kui arep tuku klambi sing endi to Sin, kok awit mau mung didelok wae ora ndang dibayar?” takon Dina
“Sek ta Din, aku ijik bingung iki, lha apik kabeh ngene” saurane Sinta
“Iyo iki model e apik kabeh, warnane yo apik. Opo dituku kabeh wae?” omonge Dina
“Yowis la ngono, tuku sing iki wae” saurane Shinta
“Yowis ayo ndang dibayaar disik, ngelak aku wisan ” omonge Tina
3 bocah sekolah sing menyang pasar gedhe iku, Sinta, Dina, lan Tina. Dina lan Tina ngeterna Sinta tuku klambi sing dipingini menyang pasar. Nanging, bocah 2 kui sui-sui pegel karo Sinta, amarga Sinta ora ndang milih klambi sing arep dituku.
Sakwise mbayar klambi sing dituku, Sinta nraktir kancane tuku es cincau sing ana ing ngarep pasar gedhe.
“Cahh, ayo ning bakul es cincau kae, tak traktir es cincau. Dhuwitku ijik turah akeh iki” Munine Sinta ing kanca-kancane
“Ehhh, tenanan ora ki Sin?”
“Iyo tenanan, ndang podo pesen, mengko aku sing bayar. Itung-itung kuwi upah mergo wis ngeterna tuku klambi”
“Asikkkkkk”
Dina wis mulai sore, Sinta lan kanca-kancane banjur mulih menyang omahe dhewe-dhewe, ora kecuali Sinta. Sakwise tekan omah, ibuke Sinta bingung weruh kresek sing digawa anake. Banjur ibuke nakoni anake.
“ Lhoo Sin, iku apa kok gowo kresek? Isine apa kui? Oleh bantuan ta?” takone ibune marang Sinta
“Bantuan apa to buk, iki lo klambiku sing lagi tak tuku ndek mau ning pasar gedhe. Mosok klambi anyar lagi tuku diomong sumbangan” saurane Sinta.
Sinta pegel karo ibune amergo klambi sing lagi dituku, diomong barang sumbangan.
Yen ibune mung sabar meruhi saurane anake kaya ngono.
“Oalah nduk nduk, awakedhewe iki urip pas-pasan, yen nduwe dhuwit iku dieman-eman, tuku keperluan sing penting-penting wae disik. Yen ora penting dhuwit e ditabung wae.Minggu wingi kan yo wis tuku klambi, mbokyaaja boros. ”
“Oalah buk buk, klambi ki yo penting. Mosok aku ora nduwe klambi apik”
“Penting pie ta Sin? Klambimu wae lak ijik akeh sing apik-apik lan ijik patut dienggo to, mbok ya dienggo disik, yen wis ora patut dienggo lagi tuku maneh sing anyar.”
“Aku urung nduwe klambi model ngene iki buk, koncoku wae wis podho nduwe kabeh, mosok aku ora nduwe dhewe. Kan ya isin ta buk” saurane Sinta, banjur dheweke melbu kamar.
“Ya Allah Gusti” Ibune Sinta mung bisa ngelus dada ngerteni kelakuane anak e.
***
Sesuk isuke, Ibune Sinta pamit ing Shinta yen ibune arep bakulan menyang pasar.
“Shin..Shintaa” gugah ibune Sinta
“Sinn, tangi nduk uwis isuk” nanging sing digugah ora ngewehi respon
“Shintaa...”
“Enghh” respone Sinta sakwise kroso yen ana sing nggugah
“Tangi disik ndukk"
“Ibuk arep budal bakulan dhisik yo, yen budal sekolah sarapane wis ana ing mejo” omonge ibune Sinta marang anake
“Iyo bukk”
Sakwise iku ibune Shinta metu ko kamare Shinta lan budal menyang pasar, amarga arep bakulan telo ing pasar cilik. Sakliyane kui, Sinta sing ngerti yen ibune wis budal menyang pasar, dheweke nglanjutna maneh turune ndek mau.
Saurunge budal sekolah, Sinta sarapan disikmenyang omahe. Banjur dheweke budal menyang sekolah numpak angkot.
"Ehh sin sin"celuk Dina pas Sinta lagi melbu kelas
"Ana opo to? Ijik isuk ngene wae wis arep curhat" saurane Sinta
"Haaahh, ora arep curhat iki Sin, kae lo aku mau ngerti Mia tuku jam anyar, jam e apik" omonge Tina
"Alahh paling yo jam rongpuluh ewunan koyo sing ning pasar"
"Ora iki Sin, bedo meneh. Tak jamin kowe mengko lak pengin"omonge Tina
Sakwise kuwi, Sinta marani kursine Mia lan ndelok jam anyar sing jarene Tina apik. Mboso uwis ndelok jam sing dimaksud Tina, Sinta mbalek ning panggone Tina.
"Ehh iyo Tin, jam e apik tenan" omonge Sinta
"La kowe dikandani ogak percoyo, jare Mia jam e kui tukune dikirim saka luar negri. Opo ora pengen koe Sin? Mosok kalah karo Mia" ujukujukan e Tina
Krungu omongane Tina, Sinta yo mikir. Mosok dheweke kalah karo Mia. Banjur dheweke mikir yen arep dikon nukokne ibune jam kaya gene Mia mengko muleh sekolah.
Bel muleh wis muni, banjur Sinta ora sabar teka omah, amarga pengin ndang ngomong nang ibune ngenani jam sing dipingin. Nanging urung sampek teka omahe, Sinta weruh yen enek rame-rame lan asep gedhe ning cedak omahe. Sinta bingung, nanging dheweke tetep nyedak ning panggonan rame-rame kuwi. Mboso weruh sebab e enek rame-rame kuwi,Sintakaget, amarga asap gedhe sing diweruhi mau asale saka omahe. Omahe Sinta kobongan. Sinta nangis, banjur nggoleki ibune, ngerti ibune nangislungguh ning ngisor uwit ngarep omahe Sinta nyedaki. Dheweke nyedak ning ibune lan histeris.
"Lhoo bukk kok omahe isa kobongann piee"
"Mengkoo aku lak wis ora nduwe klambi-klambi apik maneh, aku ndek ingi lagi tuku klambi anyar urung dienggo wis podho kobong kabeh"
"Ya Allah Sinn, istighfarr nduk,istighfarr, iki ujian saka Gusti Allah"
Sinta wis ora nggatek omonge ibune. Dheweke mung mikir pie nasibe klambi-klambi sing lagi dituku ning pasar ndek ingi. Klambine wis podho kobong lan ora bisa dienggo maneh. Barang barang sing lagi dituku Sinta kuwi kobong kabeh , belas ora ono sisane. Sinta nangis , ora nangisi buke seng lagi sengsara nanging nangisi barang barange sing lagi dituku. Banjur Sintasadar yen kabeh seng dipingini lan dinduweni kuwi amung sedilut.
Komentar
Posting Komentar