09. CEROBOH
CEROBOH
DENING: ANASTASYA NADIA P. / 09
Jenengku Liya, luweh tepate Apriliya Sekar Arindi. Aku kelas 9 SMP ing SMP Negeri 1 Klayar, aku anak tunggal dadi opo wae seng tak karepi mesti keturutan-ora arep pamer nanging emang wong tuwaku seneng banget manjakne aku.Saiki aku lagi prei sekolah, biasa..sakbanjure ulangan semester mesti sekolahku ngadakke prei suwi. Amergo prei suwi iku aku arep menyang omahe eyangku seng ning Surabaya, wis suwi aku ora merono, aku kangen banget karo eyangku.
Eyang iku ibuk soko bapakku, eyang pisah omah karo aku, aku ing Yogyakarta eyangku ing Surabaya, menyaopo eyang manggon ing Surabaya yaiku amergo eyangku asli wong Surabaya, eyang ora gelem pindah menyang Yogyakarta.
“Ya! barang-barangmu wes kok siapke durung kanggo sesok menyang omahe eyang? Disiapke seng tenanan aja ana seng keri, dadi sesok bisa langsung budal.”
Seng ngomong kuwi ibukku ku, ibukku seneng banget nyeramahi aku, apa ae seng tak lakokne mesti di koreksi dening ibukku, kadang aku pegel nanging aku iseh ngehormati wong tuwaku dadi aku meneng wae yen ibukku wes mulai ceramahe.
“Sampun buk, iki wes siap ing njero tasku kabeh.”
“Tikete?”
“Ing njero tasku buk, tak aworke HP.”
“Oh yowes, saiki kowe ndang turua kana ben sesok seger nek wayah arep budal.”
Ibuku ndawuhi aku turu, senajan iki iseh jam pitu wengi nanging aku wes mapan turu ing ambenku, ben sesok aku bisa seger lan semangat perjalanan ing omahe eyang.
Aku wes ora sabar arep petuk eyang.
*****
Srengenge wes katon njedul ing wetan, suara pitek jago dadi pratanda yen wengi wes ganti isuk.
Dina iki…dina iki aku arep menyang omahe eyang ing Surabaya, aku semangat banget nganti dek wingi wengi aku rada kena insomnia amergo saking gak sabare budal pengen weruh eyang.
Barang-barang wis disiapke ing koper-koper, rencanane aku lan bapak ibuku budhal menyang Surabaya numpak kreta amergo aku arep nginep ing kono telong dino dadi menak numpak kreta ketimbang numpak mobil sing mesti resikone mancet.
Teko ing stasiun klayar numpak ojek, aku lan bapak ibuku banjur menyang kreta sing tumuju arah Yogyakarta-Surabaya, kreta sing are tak tumpaki iku mangkat ing jam sanga, lha saiki iseh jam setengah sanga, mungkin amergo saking semangate aku, aku lan keluargaku ora nyadar budal telung puluh menit luwih awal saka jadwal berangkate kreta.
Ing kono petugas loket nagih tiket, aku banjur ngrogoh tasku amergo tikete tak deleh ing njero tasku ndekwingi.
Lho-lho! Nang endi tikete, ing tasku ora ana! Sak ilengku dekwingi wis tak deleh ing njero tas kok! Jajal tak ileng-ileng maneh….
Ah..Aku lagi kelingan! Ndek wingi wengi amergo ora biso turu aku mendelengi tiket kreta nganti ngrasa ngantok lan sak banjure tikete tak deleh ing meja cedak kasurku! Tikete mesthi iseh ing kono.
Amergo aku ora ndang-ndang ngetokne tiket kreta saka tasku, bapak langsung nakoni aku.
“Enek opo Ya? Petugase nunggoni lo, ndang diparengno tikete!.”
Piye ikiii! Aku pengen ngomong yen tikete keri ing ngomah, tapi aku wedi diseneni! Akire aku ngewanikne omong, ora peduli diseneni opo ora piker ngguri.
“Anu pak..tikete..iseh ana ing nduwur mejo cedak kasurku durung mlebu ing tas.”
“Opo! Kok isa ta Ya? Bukane ndek wingi ibuk wes ngendika yen barang-barang disiapke seng primpen ben ora ana seng keri?.”
Aku wes ngiro nek ibukku mesti ngawiti ceramahe sabanjure aku ngomong kuwi engke, dadi aku ora pati kaget amergo diceramahi dadakan.
“Ndek wingi wengi aku ora bisa turu, dadi aku dolanan tiket amergo wes ora sabar kepingen ndang budal ing Surabaya, tikete lali iseh ing nduwur meja during mlebu tas.”
“Uwes-uwes gak penak ana akeh uwong ing kene, bapak tak bali menyang omah maneh njupuk tiket, kretane iseh selawe(25) menit maneh budal dadi wektune iseh cukup kanggo bali menyang omah.”
Bapak jan paling tak sayang..
Akhire bapak moro menyang omah maneh kanggo njupuk tiket, aku lan ibuk ngenteni ing stasiun.
“Nek ana kegiatan maneh seng teliti ya nak anu, barange disiapke seng tenanan ora mung omong iya-iya ae tapi kenyataane durung lengkap barang sak kabehane.”
“Nggih buk, Liya nyuwun ngapura, gara-gara Liya bapak kalih ibuk dadi repot.”
“Wes ora popo, seng penting aja di baleni maneh lo ya!”
“Nggeh buk.”
Aku nyuwun ngapura marang ibukku amergo aku nyadar yen aku iku wes ngrepotke bapak lan ibukku.
Kreta limang menit engkas arep ndang budal, pas banget bapak ketok mlayu saka lawang mlebune stasiun, bapak banjur nyerahke tikete dening petugas tiket lan aku bapak karo ibuk banjur mlebu ing gerbong kreta, siap menyang omahe eyang ing Surabaya,
TAMAT~
Komentar
Posting Komentar