15. SALAH PAHAM
Salah Paham
Dening : Dhenik Nur Wulan F
Arga lan Fitri wis dadi kanca awit cilik, amarga kui teko saiki mesti bareng-bareng terus. Arga iku nduweni sifat apikan, lembut, ora kasar marang wong. Yen Fitri nduweni sifat kang ramah lan apik atine. Pas pelajaran olahraga kabeh pada main bal-balan.
“Aduh.” Sambat Fitri.
“Fit, awakmu gak opo-opo?” takon Arga.
“Ora opo-opo kok.”
Sirahe Fitri kenakan bal, banjur Arga nesu marang wong seng ngeani bal mau.
“Sopo mau sing nguncalne bal?” takon Arga marang kanca-kancane.
Kanca-kancane ora enek sing ngaku, ruh-ruh ana swara cah wadon.
“Aku.”
“Owalah, awakmu to sing n"guncalke bal mau?”
“Iyo, napo? gak trima?”
“Ati-ati ngunui nak nguncalke bal, deloken saiki bal e ngenani Fitri ngunui.”
“Halah manja. Mandak kenekan bal ngono wae macak loro.”
Pas Arga arep nyauri, Arga langsung ditarik Fitri menyang kelas.
“Ga, uwes gak usah. Puputkan gak sengaja wonge.”
“Dheweke kudu dikek i balesan.”
“Heh. Gak apik lo ngonowi.”
Arga tetep gak trima karo opo sing wis dilakokne Puput marang Fitri. Sakjoke kedadean iku Puput gak seneng marang Fitri.
Fitri saiki dibully karo Puput, nanging Fitri ogak mbales opo sing wis dilakokne Fitri marang dheweke.
“Awakmu napo to kok iso pegel karo aku? Aku nduwe salah opo karo awakmu?”
“Merga awakmu cedak karo Arga, aku gak seneng.”
“Owalah, mergo kuwi?”
“Iyo, awakmu kudu ngadohi Arga.”
“Yo gak iso to. Wong aku karo Arga ae wis kekancan awet cilik kok.”
Sakwise ngomong iku Fitri langsung ngalih ninggalne Puput.
Kedadean iku ora dicritakne marang sopo-sopo karo Fitri, termasuk Arga. Amarga Fitri wedi yen Arga nesu marang Puput kaya kedadean bal ngenani sirahe Fitri ndek mbiyen. Suwe-suwe Puput nyedaki Arga, nanginng tanggepane Arga biasa wae marang Puput.
Pas Arga karo Fitri mlaku wong kalih arep menyang kantin, Arga ngobrol karo Fitri
“Fit, Puput saiki wonge nyedaki aku.”
“Nyedaki piye?”
“Dheweke ngomong yen seneng marang aku, nanging aku gak seneng karo dheweke.”
“Lha terus respone Puput piye?”
“Dheweke gak perduli aku seneng kono opo ora, kono tetep berusaha jarene.”
“Haha, koyok opo ae wisan.”
Pas Fitri karo Arga ngelewati mejane Puput, Fitri dijigal karo Puput akhire tibo.
“Aduh.”
“Fit, awakmu gak opo-opo?” Arga takon karo nulungi Fitri ngadek.
“Sikilku loro,Ga.”
“Put, awakmu ki enek masalah opo to sing asli?” takon Arga marang Puput, karo nyekel lengane Fitri ben ogak tibo maneh.
“Aku gak seneng wae awakmu mlaku bareng karo Fitri.”
“Tapi yo ogak ngene to Put caramu iki salah. Aku malah gak seneng karo awakmu.” Arga banjur gowo Fitri UKS.
‘Awas we Fit, bakal tak bales.’ Batine Puput.
Pas ning kelas Puput moro menyang mejane Arga, ndudohi Arga fotone Fitri karo wong lanang. Sakjoke Arga ngerti foto kui, Arga malih ngadohi Fitri.
“Arga!” celuk Fitri.
Nanging Arga meneng wae lan ogak nglingak.
“Awakmu napo to, Ga?” takon Fitri pas ndek samping bangkune Arga.
“Arga, ayo mulih bareng aku.” Ruh-ruh Puput wis ning sandinge Fitri.
“Ayo, Put.”
Fitri bingung karo sikape Arga marang dheweke, sesuke Fitri moro menyang omahe Arga.
“Assalamu’alaikum.”
“Wa’alaikumsalam, eh Fitri ayo mlebu omah kene.” Jawab ibuke Arga.
“Enggih, Budhe. Argane wonten Budhe?”takon Fitri sakwise lungguh kursi sandinge ibuke Arga.
“Enek, sek tak celukne.”
Arga moro dhewekan, merga ibuke Arga moro menyang ngguri.
“Enek opo awakmu rene?”
“Aku Cuma pengin takook. Napo to awakmu saiki berubah?”
“Awakmu kui sing berubah.”
“Maksude?” Fitri bingung.
Banjur Arga ndudohne foto sing dikeki karo Puput.
“Lho, kuwi ogak aku lo. Aku lo gak nate kenal karo wong kui, ngerti dewe aku gak nate akrab karo wong lanang sakliane awakmu.”
“Lha iki buktine wis ana.”
“Sumpah ya. Awakmu entuk gambar iki soko sapa?”
“Puput.”
“Puput kuwi cuma nuduh aku supaya awakedewe iki musuhan, mergane dheweke ogak seneng aku karo awakmu barengan terus. Sumpah ya aku gak kenal karo wong sing enek ning foto kuwi, terserah awakmu arep percaya opo ogak.”
“Dadi iki gaeane Puput?”
“Lha yoto, sopo neh?”
“Tarah yo Puput kae kurang kerjaan kok. Sepurane ya Fit aku wis nesu marang awakmu, awakmu gelem to ngapurakne aku?”
“Saiki wis percoyo? Mulane to ngunui nak gak ngerti bener opo orane ki ditakokne marang wonge langsung ben gak nginiki kedadeane.”
“Iyo-iyo. Sepurane tenan ya Fit?”
“Iyo”
Pas lagi ngobrol ujuk-ujuk ibuke Arga moro.
“Eh Fitri ayo maem ning kene pisan, Budhe masak akeh iki ngke.”
“Mbotensah, Budhe.”
“Halah gak usah gaya barang, ayo ndang melu maem pisan.” Ujuk-ujuk Arga ngadek lan narik kaose Fitri.
Akhire Arga lan Fitri apikan maneh, kaya wong sing gsk bar ngalami masalah.
Komentar
Posting Komentar