02. KANCA SEJATI

Kanca Sejati
Dening: Chrystian Firnando S / 02

Putra, Bagus, lan Putri murid SMA Negeri 1 Bantul. Wong telu iku wis limang taun konconan ora nate nduwe masalah. Sampek wong telu iku dijuluki telu serangkai karo kanca-kancane. Pas arep budal sekolah Putra lan Putri marani Bagus ning omahe.
“Gus Bagus, ayo budal sekolah”.
“Sek Put, enteni sedelet!”
“Yowis ojo suwi-suwi”.
Wong telu mau budhal sekolah numpak sepeda motor, nanging pas ning dalan ban motore Putra bocor terus digawa ning tambal ban.
“Gus, Putri budalo disek, aku engko wae gakpopo”.
“Engko awakmu telat piye?”.
“Orapopo, budalo disek”.
“Awak dewe enteni ae lah Put, telat yo bareng-bareng wae”.
Jam nunjukne pukul 07.30 pas kuwi Putra, Bagus, lan Putri wis telat mlebu kelas.
“Assalamualaikum Pak”.
“Waalaikumsalam, kenapa telat?”
“Ban sepeda motor kula bocor pak” wangsulane Putra.
“Yowis ndang lungguh!”.
Dino kui enek murid anyar jenenge Ryan. Ryan kuwi wonge duwur lan putih ora iso omong basa Jawa. Putra lan Bagus marani Ryan ning bangkune lan ngajak Ryan ning kantin.
“Ryan, kenalno jenengku Putra lan iki kancaku jenenge Bagus”.
“Maaf, kamu bicara apa ya, saya tidak mengerti”.
“Lho, aku iki ngomong basa Jawa mosok awakmu ora ngerti?”.
“Ya saya hanya bisa sedikit-sedikit saja, tidak bisa lancar seperti kalian. Oh iya, mau awakmu ngajak aku ke kantin kan?”.
“Hahaha, bahasamu campur aduk”.
“Ya maklumi wae ya”.
“Yowis ayo ning kantin”.
Pas teko kantin, Bagus nyeluk Putri lan Putri moro Ryan ngingeti Putri karo bengong.
“Heh Ryan, nyapo ngingeti Putri sampek ngelamun?”
“Orapopo”.
Terus Putri lungguh ning samping Ryan wong loro iku omong-omongan lan kenalan amargi mau pas ning kelas durung kenalan. Sakwise Ryan mlebu sekolah limang sasi, dheweke nyedaki Putri terus sampe Putri baper ning Ryan.
“Gus, aku mau dibaperi karo Ryan lo”.
“Dibaperi piye?”.
“Eneklah pokoke, awakmu ora perlu ruh. Hahaha”.
“Orapopo yen awakmu karo Ryan. Ryan kuwi apikan kok bocahe”.
“Ojo ngono awakmu”.
Wektu mulih sekolah Ryan marani Putri lan ngajak Putri mulih bareng, nanging Putri ora gelem amargi dheweke barang Putra. Nanging Putra alasan yen dheweke enek acara, dadi ora iso ngeterne Putri lan Putri gelem mulih bareng karo Ryan nanging Ryan ngajak Putri nggolek maem disek. Tibake Ryan nyatane prasaane ning Putri nanging Putri ugung ngewehi jawaban. Sesoke ning sekolah, Putri ngekeki jawaban ning Ryan yaiku Putri gelem dadi pacare Ryan. Sajoke jadian sifate Putri rodo berubah.
“Put, saiki awakmu nyapo jarang dolan bareng aku lan Bagus?”
“Saiki kan aku wis nduwe pacar dadi aku kudu nomer sijine pacarku”.
Krungu saurane Putri ngono Putra lan Bagus ngerasa yen hubungan Putri lan Ryan marai efek elek ning Putri.
“Putri, engko mulih sekolah aku lan Bagus pengen ngomong sesuatu”.
“Ora iso, aku bar mulih sekolah langsung dijak Ryan menyang tempat maem”.
“Limang menit wae lah”.
“Ora iso”.
“Yowis”.
Pas ning tempat maem tibake Ryan ngenalne wong wadon ning Putri.
“Iki sopo Yan?”.
“Oh, iki pacarku”.
“Hah, pacarmu? Lha aku iki sopo Yan?”.
“Awakmu iku gendakanku, aku mung main-main karo awakmu ben aku iso cedak karo Putra lan Bagus”.
“Jahat awakmu ning aku”.
Sajoke kedadian iku Putri lan Ryan putus lan Putri njaluk pangapuro ning Putra lan Bagus amarga wis lali marang sahabate. Putri janji bakal ora lali karo apike sahabate sing enek wayah susah opo seneng lan bakal ngutamakne sahabat tiwas pacar.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI