19. TRESNA JALARAN SAKA KULINA

TRESNO JALARAN SOKO KONCO
DENING : ERIKA JUANA TASYA

Jenengku rika hapsaroh, aku sekolah ing SMKN 1 NGAWI  kelas 3 aku iku wong e ora seneng ngurusi masalah e wong liyo. Ardi dwi nugroho kelas 3 jurusan teknik bocah seng wong e rodok ganteng tapi ki bocah e y rodok nyenengne nak pas awor nang organisasi sekolah dek e yo senengan e guyon.
Pas sakwetu mulih sekolah..
     “ka mengko awakmu mulih jam piro?” takon ardhi
     “emm…..jam 5 yakno dhi soal e kan iki mengko ono rapat disik to”jawab arika
     “oalah iyo ka”
Aku lan ardhi langsung melu rapat mergo aku lan ardhi kui melbu organisasi seng podo mangkane aku karo ardhi kui yo lumayan akrab.

Pas rapat e kui wes bar aku banjur mulih. Pas aku teko omah aku ngeling-eling takonane ardhi mau ng sekolah, kok atiku pas cedak ardhi ki deg-deg an yo rasane kin ing ati bungah kok oro koyok biasane aku omongan karo bocah lanang lione.
Aku ng kamar bukak hp banjur bukak WA lha kok ardhi chat aku ya.
       “lagi ngopo ka? Chat e ardhi
       “lagi nggarap PR dhi, lha awakmu lagek ngapo?” jawab rika
       “ lagi ndelok tv ki ka, yo uwes ka ndang dilanjutno lah mu sinau”
       “ iyo dhi, sampean yon dang sinau ojok ndelok tv wae, hehehehe”
       “iyo iyo ka”

Pas kui aku ngroso bungah banget emboh ngapo wong biasane nak aku di chat karo wong lanang iku  wes biasa wae lha kok iki di chat kalih ardhi rasane ki benten sanget, kok iki remene niku luweh soko seneng biasane, opo aku tresno kar ardhi yo? Eh eh kok aku nglantur teko ngendi-ngendi ki pie to. Wes lah aku tak turu wae ben sesok sekolah e mboten kawanen.

Wayah isuk aku tangi jam setengah gangsal aku banjur sholat lan sakwise sholat aku langsung adus mergo dino iki ono upacara sekolah dadi budal e radi isuk. Tapi ki biasane ki aku yo budal e tarah yo isuk sih.
Pas aku meh bdal sekolah jam e wes jam 6 aku langsung mangkat sekolah, kiro-kiro perjalanan ku teko sekolah ki 20 menit an. Pas aku teko sekolah aku banjur tuku sarapan karo koncoku. Bar maem aku banjur melu upacara bar kui langsung melu pelajaran.

Pas wayah muleh sekolah aku papas an karo ardhi mergo pas dino kui aku kro dek e ono jadwal nglatih organisasi baris-berbaris karo ardhi.
           “ka rika koe mengko mulih karo sopo ka?”
           “ dewe dhi soal e aku kan montoran dewe dhi”     
           “ka mengko sak durung e sampean mulih mengko tumbas maem sek ya,gelem ora?
           “emmm…. Pie ya dhi aku mengko ora wani muleh dewek an ki”
           “mengko pas mulih tak barengi ka  lak ra wani muleh?”
         “lak ngono yo uwes dhi aku gelem, tapi ojo suwi-suwi ya?”
         “iyo-iyo ka”
Pas kui aku langsung melu konco-koco wadon ku seng melu nyekel latian adik-adik e mergo aku emoh yen mengko pikiran e adik-adik e aneh-aneh mergo iku ing organisasi dadi aku yo menyesuaikan.

Pas wayahe latian bar aku banjur diajak ardhi menyang warung tapi mboten seng sepi mergo aku omong ing ardhi golek warung e seng rame wae ben gak ono pikiran negative soko wong lio seng ngingeti aku karo ardhi.
          “ ka sampean pengen maem nopo?”takon e ardhi alus
          “sego goreng wae dhi”
          “lha ngombe ne opo?”
          “es teh wae dhi. Gek ndang dipesen to dhi” rika rodok nesu
          “iyo-iyo ka iki y owes dipesen”

Sak wis e aku maem karo ardhi dek e banjur ngeterne aku mulih mergo omah ku lan omah e ardhi  kui searah. Pas wes meh teko setengah e dalan mulih aku mandek lan ardhi banjur mandek.

“kok mandek nyang opo ka?” ardhi bingung
“teko kene wae ya dhi lah mu ngeterne aku soal e kan iki arah e wes bedo,mengko      sampean malah kewengen nak ngeterne aku mulih?” jawab rika khawatir
“lho lha sampean tak terne teko kene wae gaopo to ka, wani pogak ka?” ardhi cemas
“ora opo-opo dhi mergo wes kulinane mulih wengi dhi.”
“ oalah yo uwes ka lak ngono ati-ati ya ka”
“ iyo dhi koe barang yo ati-ati muleh e”
“iyo ka” jawab rika karo mesam mesem.

Pas wayah teko omah aku banjur adus lan salin, sak wis e kui aku langsung melbu kamar. Atiku seneng e ra karuan mergo dino iki mau aku iso maem bareng karo ardhi wong loro. Aku ngroso yen ardhi kui nggeh nyimpen perasaan e kanggo aku, hehehehe. Eh tapi aku ojo kepedean disik lah sopo ngerti nak ardhi kui apik e ing kabeh uwong wadon ora aku tok. Emmmm… wes ora opo-opo lah seng penting dino iki aku iso maem bareng karo ardhi.
Aku turu waelah sopo ngerti yen sesok petukan ardhi meneh.

Wayah isuk…..
Dino iki aku yo sekolah koyok biasane melbu isuk maneh lan pelajaran koyok biasane. Aku muleh sekolah jam 4 dadi aku iku ing sekolah kui sering ngroso ngantuk. Aku kadang pas ing sekolah kui mikir ngopo ya ardhi kok gak enek roso-roso pengen ngungkapne perasaan e ing aku opo dekne mung pengen kekancan tok yo karo aku?”. Alah lah tak piker keri waelah

Wayah bel mulih sekolah.
Tetttt…tetttttt….tettttt
Aku banjur mbukak hp lha kok ardhi chat aku.
“ka dino iki temu diluk gelem ora ng taman?” takon ardhi
“enek opo dhi emang e?”aku bingung
“enek seng ameh tak omongne ing koe ka?”
“oalah yo uwes dhi,aku tak ing taman saiki”
“tak enteni ing taman yo ka”
“iyo dhi”.

Aku langsung budal menyang taman marani ardhi.
Aku wes teko taman aku langsung marani ardhi ng bangku seng kursine dowo aku banjur lungguh ing samping e ardhi.

“enek opo dhi kok ngakon aku ing kene?aku bingung
“emmmm…anu ka…aku jujur ya ka?”. Ardhi rodok gaga plan ndredeg
“iyo dhi ngomong o” aku ngguyu
“sak jujur ki aku ki anu ka…..”ardhi gugup
“anu anu nopo t dhi?”aku guyu
“aku iku seneng koe ka awit awal aku ki kenal koe aku wes ngroso lak aku ki seneng ing cedakmu rosone bahagia ka. Ka sampean gelem ora dadi pacarku?ardhi isin-isin
“ora salah ngomong sampean dhi?”
“ora ka aku ancen seneng kalih sampean, pie?”.ardhi gugup ngenteni jawaban e rika
“emmm… iyo dhi aku gelem aku awal e yo uwes seneng karo sampean dhi aku nyaman kalih sampean dhi”. Aku mesem
“maturnuwun ka wes nompo aku ddi pacarmu,,hehehe aku seneng banget ka”
“aku iyo seneng dhi iso bareng-bareng kalih sampean”.



       

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI