ANEKDOT 36

Abang apa Putih,Yu?
Dening : Nisa Sindiani / 36

Awan kuwi Yu Minah karo Yayuk lagi jagongan ngenani program operasi plastik.
Yayuk : “Yu, aku saben ndelok tipi kuwi kok nggumun dewe lo yu.”
Minah :  “Nggumun pekara apa lho, Yuk?”
Yayuk : “Kae Yu, wong-wong nang tipi kok padha ayu-ayu, ketok bening-bening kabeh.”
Minah : “Yo kae nak ora ayu yo ora bakal mlebu tipi. Jajal nak koyok kowe ngeneki sapa sing gelem nglebok ne kowe ning tipi?”
Yayuk : “Yo wis siwer to Yu wong e nak ngasi nawani aku.”
Minah : “Lha yon eh awakmu yo ngerti.”
Yayuk : “Ngono kae piye ya Yu kok podo bening-bening koyok banyu kali?”
Minah : “Yo perawatan to Yuk, kok kurang men akal we wi. Malah ngono kae kadang enek sing operasi plastik barang.”
Yayuk : “Kok iso to Yu?”
Minah : “Yo iso to. Wong sing maune sipit mripate iso dadi belok. Sing maune pesek yo iso dadi mancung. Sing lambene kandel yo iso dadi tipis. Jaman saiki kui angger nduwe duit apa-apa bakal kelakon.”
Yayuk : “Wallaaahh… canggih tenan ya, Yu. Iso berubah kaya ngono. La kok sampean ngerti kaya ngono, Yu? Mbiyen ning Hongkong sampean apa kerja ning salon?”
Minah : “Ora lah, genah aku dadi pembantu. Aku ki ngerti mergo rata-rata ki ning kono padha operasi plastik kabeh. Majikan ku ke salah sijine. Mbiyen pas durung operasi Yuk, majikan ku kae ki raenek apa-apa ne nak karo aku. Kalah adoh majikan ku karo aku. Jik ayu aku sak poll e. Ngrasa kesaing karo pembantu ne dhewek e langsung operasi plastik.”
Yayuk : “Lha asile terus piye, Yu?”
Minah : “Yo malih ayu majikan ku kuwi. Ketok mundak enom yoan.”
Yayuk : “Yo berarti perubahan e nemen, Yu? Gek pira ngono kuwi Yu mbayare?”
Minah : “Yo tarah dadi ne apik tenan Yuk. Nak pekara mbayare mestine yo larang. Sak suntikan wae iso pirang-pirang juta, kuwi lagi suntik e durung operasi ne durung obat e. Ibarat e paling lah ku mergawe 10 tahun nang Hongkong lagi iso nggo operasi.”
Yayuk : “Lha sampean ngapa ora operasi, Yu? Pora wis mlumpuk duit e sampean? Sampean nang Hongkong kawit lulus SMP ngasi saiki wis 26 tahun.”
Minah :”Alah Yuk.. Duit sak mana akehe trima diguwak yo eman-eman. Ayu o kaya apa nak ora ana duit yo ora wareg. Nak awak wis ayu buanget opo yo weteng ki ora luwe? Apa cukup ngilonan trus weteng bakal wareg dhewe, ora to?”
Yayuk : “Ora Yu.”
Sakwise kuwi ora ana maneh pacelathon, Yayuk banjur mulih amarga arep sholat dhuhur.
*****
Dina sesok e
Sore iki Yu Minah lagi jagongan nang ngarep omah karo Susi. Ujug-ujug Susi kemruwuk ngomongi Yu Minah yen ana wong edan.
Susi : “Yu, Yu Minah. Delok o kae ko etan.”
Minah :”Ana apa to Sus?”
Susi : “Kae lo, ko etan enek wong edan anyaran ketok e.”
Minah : “Aja ngawur awakmu, Sus. Mengko atak e wong gresek”
Susi : “Ora yu. Tenanan aku ki. Kae lo wonge pating srembong. Gek mlaku rene. Yu gek ndang ayo mlebu omah, cepet yu cepet. Wonge mlayu rene ke lo wis ngingeti awakedewe.(Karo nggeret Yu Minah)
Pas lawange Yu Minah arep di tutup, wong sing dikira wong edan marang Susi mau mbengok lan nyurung lawang e Yu Minah saka njaba ben ora sida ke tutup. Yu Minah karo Susi nyurung lawang e ko njero, wong loro iki mau wis kringeten amarga nyurung sakuat tenaga lan gemrodos amarga wedi karo wong kuwi. Nanging, surung-surungan lawang kuwi mandek sakwise sing dikiro wong edan mau muni marang wong loro kui. “Yu Minah, Susiii”.
Minah : “Lha dala Sus, lha kok ngerti jenenge awakedewe wong kuwi?”
Susi : “Lha embuh yu aku ora ngerti. Ngene ae yu, lawang e iki tak tahan e. Jajal sampean delok saka jendelo.”
Minah : “Iyo iyo. Tahan Sus lawang e aja ngasi mlebu.”
Yu Minah banjur ndelok saka jendelo, Yu Minah ndelok kanthi ngematno. Kok sajak e kaya tau ngerti wong iki. Saya di pikir wong iki kok kaya wong sing dikenal. Lha tenan, jebule wong kuwi mau Yayuk.
Minah : “Wis Sus buka o lawang e.”
Susi : “Lho Yu, wong edan e mlebu mengko.”
Minah : “Wis ora, pokok e buka wae.”
Minah metu karo Susi sing lagi ndelik nang mburi ne.
Susi : “Yu, gek ayo mlebu wae ndang di tutup maneh lawang e. Aku wedi yu karo wong edan.” (bisik-bisik nanging isih iso dirungokake marang wong sing nang kono)
Yayuk : “Ya Allah Ya Rabbi. Susi Susi, dosa awakmu ya. Mbak yu ne dewe diomong wong edan. Kualat we ngko.”
Susi langsung kaget. Mbakyu? Mbak Yayuk?
Susi : “Astagfirullah, Gusti nyuwun ngapura. Mbak Yayuk Ya Allah. Sapa sing ora ngira wong edan anyaran yen sampean pating srembong kaya ngene ki?”
Minah : “Bener omong e Susi. Awakmu ki kena apa iso kaya ngene? Kresek abang putih pating srembong nang awak. Wi barang kena apa wajah mu mbok brungkus kresek loreng ngono kuwii? Nyebut Yuk, nyebut.”
Yayuk : “Astagfirullah, Yu Minah, Susi, aku iki ijik satus persen normal yo. Aku ki mrene arep takok marang Yu Minah. Mathuk e sing paling apik ki kresek putih apa abang sing kenek di nggo operasi plastik?”
Susi : “Ya Allah mbak mbak. Oon mu kok ora mari-mari. Yo ngeneki dadi ne nak mbiyen pas jik cilik sing diombe ora tajin malah banyu pususan. Kaya ngono kok jare satus persen normal.”
Minah : “Wis Sus gowo o mulih mbak mu. Mulih ae kana  Yuk, mulih. Sepet aku ngingeti awakmu.”
Yayuk : “Lho Yu, iki piye? Endi sing apik? Kresek abang apa putih?”
Minah : “Ora enek sing apik, kresekmu mambu jlantah kaya ngono wi ora payu. Wis mulih o, mulih.”
Susi banjur nggawa Yayuk mulih. Isin rasane nduwe mbakyu kelakuan e kaya ngono.
~Tamat.~

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI