21. GORO-GORO SEPATU

“ Goro- Goro Sepatu “
Dening : Erlina Ambar Anggita Putri 21 ( XII AP 1 )


                     Langit biru katutup awan. Srengenge jebul soko birune awan. Jenengku Anya ,kelas 12 AP. Dino iki wektune aku melbu sekolah , wayah prei wes entek, wes ora ono prei prei nan maneh. Huft dino seng paling tak pegeli, dino dino kudu gawani jajan ,ngge bakulan menyang sekolahan. Yoii aku ngono dadi uwong suabar sak sabar sabare manungso. Kurang sabar piye ,neng sekolahan gowo jajan abot abot malah di eceni karo konco konco seng belas ra ono roso ngesake.
                    “ Kampret gowonan akeh eram rek “ omongku ing jero ati.
Dino iki wayahe pelajaran matematika. Pelajaran sing paling gak disenengi murid liane, ngapo ? Yo amergo gurune , hahaha . Guru matematika iku ncen galak , pinter iyoo tapi nak kon jelasne menyang muride aduhh biyungg, koyok diuber maling rek. Sopo murid seng dong nak coro ngajare koyo ngono. Amung murid murid seng nduweni indra keenem wae seng iso dong karo coro ngajare guru iku. Nanging kanggo aku, guru iku yaiku ladange rezeki kangge aku. La ngapo ? Yo amergo guru iku menakan ,hahaha. Masio guru iku galak, nanging nak karo aku wahh apik eram. Ing sawijining dino, pelajaran matematika ono ing terakhir, ngepasi jajanku seng iseh akeh during entek entek. Dino kuwi aku bingung ,piye carane ngentekne jajan kuwi, yo piye maneh jam e wes arep bar, wes arep wayah mulih. Gak mungkin lak aku ider panganan mesti ko seneni menyang gurune.
                       Bar e aku balek soko guri, tak delok jajanku wes entek. Aku kaget tak kiro jajanku ilang , ee tibake kabeh iku di tuku guru matematika iku lan dibagekne menyang  konco konco sekelas. Suenenge atiku jajanku diborong kabeh. Soko kuwi saben jajanku gak entek mesti guru kuwi borong kabeh jajanku. Makane aku ngarani guru kuwi menakan, masio kabeh murid muni guru kuwi galak.
                       Bel sekolah uwes muni, wayahe murid mulih menyang omahe dewe dewe. Yahh sek koyok saben dinane,mulihku numpak pit. Ora koyo kanca kanca seng tumpakane uwes montor apik apik. Nanging piye maneh iki ancen nasibku seng kudu tak lakoni kanthi ikhlas.
                       “ Assalamualaikum “
                       “ Waalaikumsalam nduk ,lo tibake awakmu wes mulih to ?”
                       “ Uwes lahh , enek pangananan porak ? Aku luwe mbah “
                       “ Lawuhe tempe karo sambel yaa nduk ?”
                       “ Oalah mbah mbah dino dino kuwi ae , wes wes rasah mangan aku , waleh tempe karo sambel terus. “

Dino kuwi atiku pegel banget, kesel kesel soko mulih sekolah ogak dicepaki panganan enak malah lawuhe tempe karo sambel. Aku waleh nyen saben dinane lawuh kuwi. Yo memper ae ancen simbah orak nduwe duwek. Makane kuwi ora gumun yen alat sekolahku iki yo ra sepiro, sepatu rusak, tas jebol, krudung dlabus. Wes pokoke uripku iki ancen ngenes.
                         Aku ogak jalok opo opo neng simbah. Amung sepatu wae aku wes seneng. Sepatu seng iso jogo sikilku soko beling , jogo sikilku soko panase aspal, jogo sikilku soko regete dalanan. Nanging kepriye simbah ancen ora kuat tuku sepatu kangge aku.
                        Saben dinane padu wae karo simbah perkoro sepatu, aku ngroso ncen simbah ora sayang karo aku. Nukokne sepatu wae ora iso opo maneh bahagiakne aku seng luwih. Dijak dolan adoh, arep neng ndi ndi keturutan, jalok opo opo keturutan. Bayangne urip ngono menak koyoke. Koyo kanca kancaku iku. Uripe menak opo opo karek jalok ogak koyo aku seng mlarat koyo ngene.
                     “ Mbah mbahh , duweke ndi aku arep tuku sepatu !”
                     “ Oalah nduk , mbahe ki durung enek duwek “
                    “ Alah ngapusi bendino ditakoki gak enek duwek terus , sepatuku ii wes rusak mbah. Aku pengen tuku sepatu maneh ben apik koyo kanca kancaku. “
                    “ Yo sabar nduk , mengko lak mbahe enek duwek bakal tak tukokne sepatu nggeh “
                   “ Alah mboyak ora ngurus. “
Mboyak aku ora ngurus. Kepriye carane pokoke aku kudu tuku sepatu anyar, batenku ing jero ati.
°°°°
                 Isuk isuk aku budal menyang sekolah, ancen sengojo tak isuke alesane ben ora petok karo simbah. Aku sek mangkel goro goro wingi. Panjaloku ora dituruti. Sepatu elek wes jebol tak pekso nganggo . Wis peng akeh sepatu iki tak jahit. Sampek kulite entek. Saben dinane amung iso ngempet yen kanca kancaku podo ngelokne aku. Piye maneh ancen meneng seng iso tak lakoni. Wes gakpopo kabeh iki goro goro simbah seng ogak iso nukokne aku sepatu. Hufttt ngempet ati iki sampek bodo kucing yo bakal tak empet.
               Bolak balik jalok duwek simbah yo panggah ora diwehi, alesane sek podo gak nduwe duwek. Aku wes pegel karo simbah. Tak nengne ben mboyak karepe simbah piye. Mosok putune jalok sepatu ra diturut turuti. Yah ono  yah ene golek duwek ra mlumpuk mlumpuk. Aku ngerti mesti simbah nabung duweke ngge munggah haji. Simbah ancen egois mikir awake dewe, putune belas gak dipikir. Sepatu elek yo sek dipekso dinggo. Mosok belas gak nduwe roso ngesake neng putune dewe .
               “ We wi napo to nya ? Takon siti
              “ Oalah iki lo dino iki aku pegel karo simbah, mosok ra iso nukokne aku sepatu “
              “ Mbok seng sabar to nya, tarah mbahmu ugung nduwe duwek kok
             “ Alah sok tau we wi ki. “
             “ Aku ngesake mbahmu nya , isuk teko sore golek nduwe amung kanggo kowe “
            “ Yo mboyak tarah kuwi tugase , bahagiakne aku ngerti gak ? “
           “ Hemmm wes nya nya , karepmu aku mung iso ngandani awakmu “

Sore iku mulih sekolah , siti tak tinggal . Seng biasane mulih bareng dino kuwi tak tinggal disek. Aku pegel kro siti soyo suwe deke sok tau karo uripku. Sok sok an ngatur uripku. Belani simbah pisan ogak malah belani aku.
         °°°°
              Awan ketok cerah , ambu ambune hawane bakal sumuk. Sore iku mulih sekolah aku mampir menyang toko sepatu. Eehh ogaak tuku sepatu. Amung delok delok tok. Kanggo ngobati rasa pengenku.
 Braaakkkkk.....
Aku kaget , suara opo iku.
“ kecelakaan kecelakaan “ bengak bengok wong wong seng ono neng cedak toko
Wong neng dalan podo mandek , ngebeki dalanan. Aku pengen delok,nanging ogak ketok sopo seng kecelakaan. Wong wong podo biduh dewe dewe golek bantuan, aku seng ogak ngerti opo opo melok biduh, dredek, lan bingung arep kepriye. Atiku drdek ra karuan, senajan firasatku elek.
Saking pengenku weruh, aku dlesel dlesel. Tanganku ngewel, awaku langsung ambruk neng panggon kuwi. Aku kaget sak kaget kagete . Tibake seng kecelakaan mau seng muni bianter mau, simbahku dewe . Banyu motoku mili deres neng pipi, aku wes ora iso opo opo.aku kaget. Sirahe simbah metu getih akeh, tangane seng wes tua nyekel kresek ireng, langsung tak bukak wae kresek ireng iku. Banyu motoku soyo mili deres, tibake seng digowo simbah iku sepatu seng lagi ae tuku menyang toko seng tak tekoni mau. Aku wes ora kuat, aku nanges gero gero neng panggon kuwi. Wong wong podo biduh dewe dewe. Golek pitulungan mloya mlayu kanggo nulung simbah. Pengenku amung siji, wektu iku . Aku oengen simbah ogak ngapo ngapo, aaaa ak akkk akuu peengen nyanyang simbah seng saben dinane ngurus aku, sing nakal iki.
             Kabeh iki goro goro karepanku pengen sepatu seng gawe simbah sore sore budal meenyang toko trimo arep nukokne putune sepatu. Aku gak jowo yen tibake simbah kuwi syang pol karo aku. Wani wanine sore sore neng dalan gede trimo nukokne sepatu kangge aku. Dino kuwi nyadarke aku yen perjuangane simbah iku gak bakal iso tak bayarke kanggo opo opo. Sak nakal nakalku simbah isih tetep jogo aku. Aku ancen nakal , senengane nyentak neng simbah, nanging simbah ogak pernah ganti nyentak menyang aku. Kabeh iki goro goro sepatu .kabeh iki goro goro karepanku. Kabeh iki goro goro aku seng ogak sabaran. Goro gorro sepatu aku seng nakal koyo ngene iso luwih dadi apik.

Komentar

  1. Ngapunten nggeh , cerkake akeh seng salah ketik ... maklum pangriptane bermata empat 😂

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI