22. MENDEM ROSO
MENDEM ROSO
Dening : Ervin Renata P.V / 22
Nanda siswi SMA Taruna Bangsa, dheweke kalem lan apik atine, akeh koncone sing seneng marang Nanda. Dheweke nduwe kanca sing jenenge Nana, Nana iku salah siji siswa sing berprestasi. Nanda lan Nana wis dadi sahabat awit kelas 1 SMA. Pas ning kelas, Nanda cerita ning Nana yen dheweke seneng marang Rizal. Rizal kuwi kakak kelas sing hits ning SMA Taruna Bangsa. Pas ning kelas Nana marani Nanda ning bangkune.
“ Nan, aku nduwe informasi tentang mas Rizal.”
“ Tentang apa Nan? ”
“ Ndek mau kan aku bar ning kantin to, terus aku krungu Mia ngomong ning kancane yen dheweke ngerti alamate mas Rizal. ”
“ Endi Na alamate? ”
“ Engko tak kabari. ”
Pas Nanda teko omah, dheweke entuk pesan soko Nana. Pas dibukak isine alamate mas Rizal. Nanda langsung sumringah amargi uwis ngerti alamate wong sing disenengi. Padahal meneng-meneng Nana yo seneng marang mas Rizal, Nana ora cerita marang Nanda amargi wedi nglarani perasaane sahabate. Nana mung bisa ngalah lan ngempet rasa cemburu marang Nanda. Pas ning kelas Nanda njalok pendapate Nana.
“ Apa engko aku muleh sekolah moro ning omahe mas Rizal ya? “
“ Karekmu wae Nan, penting awakmu seneng. ”
“ Engko muleh sekolah kancani aku ya moro ning omahe mas Rizal. ”
“ Siap Nan. ”
Bel sekolah muni, kabeh murid pada mulih menyang omahe dewe-dewe kecuali Nana lan Nanda.
“ Na ayo menyang omahe mas Rizal. ”
“ Ayo budhalsaikiwae. ”
Sakwise tekan omahe mas Rizal Nanda wedi arep moro nemoni mas Rizal nanging Nana mekso Nanda. Akhire Nanda gelem nemoni mas Rizal. Tibakno mas Rizal durung muleh sekolah.
“ Na piyenoki. ”
“ Lha piye maneh, lha wong sing nduwe omah durung balek kok. Yowes ayo balek. ”
Sesoke pas ning sekolahan Nanda marani Nana.
“ Na, piyeiki. ”
“ Apane? ”
“ Piye carane aku ngomong ning mas Rizal yen aku seneng dheweke. ”
“ Jajal temoni ning kelas terus njaluk nomor hpne wae. ”
“ Engko pas istirahat takjak ya Na. ”
“ Iyo-iyo, bakal tak kancani. Saiki gausah bingung ya. ”
Bel istirahat muni, Nanda lan Nana moro kelase mas Rizal nanging dheweke ora ono ning kelas, Nanda lan Nana nggoleki menyang kantin, tibakne mas Rizal ning kantin karo Mia. Nanda kaget lan gaksido marani mas Rizal, tibakne mas Rizal uwis jadian karo Mia.
“ Akhire sio-sio Na perjuanganku saiki, saiki aku nggur iso mendem roso iki sampek kapan aku dewe yo ora ngerti. ”
“ Sabar Nan, mungkin iki wis dalane, sing penting saiki awakmu kudu ikhlas yo nerimo kabeh iki. ”
“ Angel Na. ”
Akhire aku yo nggur iso mendem roso iki Nan, batin Nana.
Komentar
Posting Komentar