24. ADIK TINGKATKU JODOKU

Adik Tingkatku Jodoku 
Dening Indriwany Kabela/24/XII AP 1

Miftakhul lan Wikra lagi njalani masa taaruf, sing ora di percaya kalih Miftakhul yaiku  tibakno Wikra iku adik kelase SMK biyen ing Ngawi. Pas bubar ngampus aku dikandhani kancaku , dikon ng taman disek sakdurunge balek.
“ Mif, mengko ojo balek disek ya kancani aku ning taman “ Ucape khusnul.
“ Sepurane ya khus aku gak iso. Bali sekolah aku langsung mapak adikku sekolah aku dipesenke Ibukku amargo ibukku repot “ Mifta karo cepet-cepet beresi barangku arep balek.
“ Mel iki penting mung sedhilut ora sui 5 menit wae yo ?” Khusnul goceki tangane miftha sambi melas. Yo iku Khusnul senengane melas garai ogak tegonan .
“ Piye ya khus” Mifta karo ndelok i jam lan mikir.
“ Hmm iyo khus aku iso ngancani awakmu, tapi tenan lo ya 5 menit” Ucap Mifta marang Khusnul.
“Hehe Oke aku beres-beres disek ya awakmu ngenteni ng ngarep kelas wae yo mif” Karo beres-beres.
Mifta lan khusnul mlaku bareng menyang taman. Sak wes e tekan taman khusnul langsung Nyritake. Khusnul nyeritake apa anane yen khusnul dikongkon Wikra sepupune ndudohke surat sing ono ing ngisor pot cedak lungguhan warna biru .
“ Mif ing ngisor pot iku ono surat saking sepupuku Wikra adek tingkat adewe jurusan Pendidikan Bahasa Arab. Wikra njaluk tulung marang aku yen awakmu dikon njipuk surate dekne nang ngisor pot iku” Khusnul samba nunjuk pot sing dimaksud.
Sakwise dijipuk nanging ora diwoco. Miftakhul rodhok bingung lan takon marang khusnul.
“ Khus, kiro-kiro opo isi surate yo” takonku marang khusnul
“Mungkin iku surat cinta mif, makakne Wikra ora gelem omong langsung marang aku nanging lewat surat iku. Santai mif, Wikra iku bocahe alim menengan kok ” Khusnul karo senyum-senyum nggodho Mifta.
“ Opo iyo khus? Yowes khus ayo bali saiki” Karo nglebokno surat ing tas.
Sakwise tekan omah Miftakhul penarasan marang isine surat mau. Miftakhul nerves arep buka surat e. Bismillahirrahmanirrahim langsung dibukak lan isine,
“Assalamualaikum mbak kulo Wikra Saputra, In shaa allah mbak Khusnul sampun njelaske sinten kulo. Langsung wae mbak yen mboten keberatan kulo nyuwun nomor ayah sampeyan. Titipke mbak Khusnul wae . Matursuwun”
Sesuk bengine…
Kring….kring….kringgg…kringggg
“ Assalamualaikum  kalih bapak Mahendra?” Wikra ndredeg banget.
“ Waalaikumussalam sinten ?” Wangsulipun pak Mahendra.
“Kawula Wikra pak rencangipun Miftakhul ing kampus” Ucape Wikra.
“Oh kancane sing ndy yo” Bapake bingung.
“Sakasinggihanipun sanes rencang pak, sayangipun naming tepang kemawon heheh” Wikra ngajak guyonan.
“Oh iya le ana apa?” Wangsulipun bapak Mahendra
“Ngenten pak kawula kapencut marang putra estri panjenengan Miftakhul. Kawula benjing sami kaluwarga badhe ngrawuhi dalem bapak kaliyan pangangkah nyuwun izin taaruf kaliyan putra estri Bapak. Kados pundi pak pareng?” Jelasku marang Bapak Mahendra
“Oh, iya le bisa” Wangsulipun Bapak Mahendra.
“ Alhamdulillah, matursuwun pak Wasalamualaikum” Ucapku karo bungah.
Kabeh setuju saka keluarga Wikra lan Mifta nek dekne ngloro taarufan tiga minggu.

Sajrone proses taaruf Fendy balek saka Kalimantan. Fendy wis kerja ing Kalimantan ket Miftakhul kels 3 SMK. Fendy iku kanca cilike Mifta ing Ngawi saka cilik Fendy wis nduewi rasa an dhep Mifta lan saiki Fendy wis sukses lan pengen nikahi Mifta. Naning, kedhisikan karo Wikra kanca kampuse. Fendy nyeseli ning dekne tetep sabar lan ikhlas yen kalah cepet karo Wikra. Sajrone proses taarufan Wikra lan Mifta kaget nek ndisik SMK dekne kabeh siji sekolah ing Smkn 1 Ngawi. Lan dekne kabeh keeling-kelingan yen dekne kabeh tau nduwe rasa siji padha liya.
“santai, nggawe basa ngoko wae” Ucap Mifta.
“Sampeyan alumni ndy mbak”Takone Wikra marang Mifta.
“ Alumni Smkn 1 Ngawi?” Ucap Mifta.
“ haa.. alumni Smkn 1 Ngawi?” Wikra kaget lan keeling-kelingan yen dekne nate nduweni rasa marang kakak tingkate lan tibakno Mifta iku kakak tingkate. Kanggo mastekne Wikra takon meneh.
“Biyen kelas 12 APK 1?” Takon Wikra
“ Iyo, kok ngerti Wik?”Takon Mifta lan mikir aja-aja Wikra iki adik tingkatku SMK spontan aku teras takon marang Wikra.
“Sampeyan uga alumni Smkn 1 Ngawi? Jurusan TPK 2? Melu Baret, Takmir lan Osis?” Takon Mifta.
“ Masya Allah” Ucap Wikra sambil tarik nafas ora ngiro yen bakal ketemu meneh.
Mifta tasik ora ngiro yen bakal ketemu maneh kalih wong sing didhemen ket biyen. Kabeh wis maleh dadi dekne ngloro ora nengeri siji padha liya lan ora padha weruh yen dekne ngloro padha senenge. Wikra crita yen dekne SMK seneng karo Mifta lan akhire Mifta uga cerita yen dekne SMK nate seneng karo Wikra. Lan proses taaruf wis neras sajrone 3 minggu, 2 minggu meneh banjur dekne kabeh ngloro lan kaluargane kanggo banjur menyang kawinan.
“Masya Allah Mif aku tenan ora ngiro yen awakmu tibakno siji sekolah lan padha-padha due rasa” Ucap Khusnul kaget diceritani Mifta.
“ Aku yo ora ngiro khus, Masya Allah aku bungah temen. Adik kelas sing biyen tak tresnani  dadi calon imamku. Ancen ndemeni jero meneng liwat doa kui luwih becik tinimbang nembung.” Mifta karo nangis.
“Aku mung bisa dongakne awakmu mif, mugo-mugo berjodoh. Aamiin. Awakmu kudu bersyukur bejo  ngintukne ikhwan jaman saiki koyok Wikra. Langka temen.” Kandane Khusnul.
“Alhamdulillah khus matursuwun ya” Ucap Mifta marang Khusnul,

Banjur 2 minggu …
“Wis ta le ikhlaske iseh akeh sing luwih becik, ayu lan sugih saka dheweke”Kadhane buk’e Fendy.
“Kulo buk kulo saking alit sampun remen sami Mifta, butuh wayah kangge ikhlas kalih kabeh niki buk, saking alit” Fendy ngetokne eluh ing ngarep ibuk e, nanging fendy tetep tegar ing ngarepe Mifta. Lan Fendy ngucapke Selamat marang Mifta lan Wikra. Mifta lan Wikra urip bahagia. Menowo niki wis dalan takdire Fendy kanca ket cilik lan pujaan atine wis dadi calon makmume wong liyo.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI