23. APIKE KEKANCAN

APIKE KEKANCAN
Dening Imroatul Sholikah/23

Senenge dadi wong sugih urip sarwo kecukupan. Opowae seng kepengen iso keturutan. Koyoto Tasya, Tasya iku anake wong sugih saben dino sekolah di terke sopir numpak mobil apik.
Masio sugih, uripe sarwokecukupan Tasya oora sombong. Wong tuane terkenal wong seng apik lan ramah ora bedak-bedakne wong sekelilinge. Kanca-kancane Tasya seneng lan berah suwi-suwi ng omahe Tasya amargo kanca-kancane Tasya weng dianggep dadi keluargane dewe.
Tasya nduwe kanca seng paling cedak lan mangerti kahanane Tasya. Jenenge Dewi, omahe cedak karo Tasya nanging bedo RT. Wes nganti rong (2) minggu Dewi ora dolan neng omahe Tasya. “Hmmm...Dewi neng endi yoo neng sekolahan barang gak enek...biasane bendino dolan rene. Nanging wes 2 minggu ora dolan rene maneh.” omonge Tasya marang ibuke. “Paling Dewi lagi Loro, cobo endangi kono neng omahe!” jawab ibue Tasya. “Iso wae buk, mengko Tasya arep endangi Dewi ng omahe”omonge Tasya.
Wes peng akeh Tasya gedori lawang omahe Dewi nanging gak enek seng bukak lawange. Akhire Tasya takok ng tonggone Dewi. Tibake wes 2 minggu Dewi pindah omah neng Kampung halamane neng desa. Amarga Bapake agek kenek PHK dadi mulih neng desa neruske dadi wong Tani. “Ngesakke temen dewi,” omonge Tasya neng ati.
Neng omah, Tasya ngelamun lan mikir nasibe kancane iku. “Enek opo to Tas?Kok gak koyok biasane,” takok bapake Tasya neng Tasya. “Dewi pak....” jawabe Tasya. “Enek opo Dewi, kok awakmu sampek ngonowi, apa dewi loro?” bapake dadi penasaran. “Saiki Dewi pinda ng Desa ne neng Kampung pak, Bapake Dewi agek wae kenek PHK saiki pindah neng desa dadi wong tani, ngesakne Dewi pak...” jawab Tasya. “Trus opo rencanamu ngenani Ceritane Dewi iki....?” “Tasya pengen bapak biso bantu Dewi”  “maksude ...?” “Tasya pengen Dewi iso neng kene maneh lan iso sekolah bareng maneh pak” mohon neng bapake. “Yo wis nenk ngono bapak bantu, nanging kowe kudu nggoleki alamat omanhe neng deso yooo..” omonge bapak. Tasya seneng Bapake iso bantu Dewi ben iso barengan maneh.
Akhire Tasya oleh alamate Dewi soko Ibu seng duwe kontrakan seng di sewa bapak ibue Dewi pas neng kene. Tasya seneng banget. Tasya lan Bapake moro neng omahe Dewi seng neng desa.omohe Dewi seng neng desa iku mlebu-mlebu neng jero plosok. Sak wise teko omahe Dewi, wong loro mau disambut neng keluargane Dewi lan Dewi ne dewe. Senenge Tasya wes iso ketemu Dewi mahe sampek wong loro iku pelukan saking kangene. “maaf yaa Tas, aku gak sempet ngabari awakmu nek aku pindah neng desa” omonge Dewi neng Tasya. “Gak papa seng penting saiki aku wes ketemu awakmu rasane seneng banget, hehehe.., kepiye kabarmu wi..?” “alhamdulillah apik” jawab Dewi.
Sak wise omong-omongan suwi. Bapake Tasya jelaske tujuane moro neng omahe Dewi iki. Wong Tua ne Dewi setuju lan ora kabotan, wong tua ne ngerahke keputusan neng Dewi dewe. “Ngene wiik....Tekane Bapak lan Tasya rene iku kepengen ngajak Dewi melu neng kota maneh, sekolah neng kono, Insyaallah biaya sekolah bapak seng nanggung dadi Dewi gak usah kawatir. Bapak wes nganggep Dewi iki anake bapak dewe. Piyeee... Dewi gelem melu?” takok bapak Tasya. “Alhamdulillah.....nek emang bapak lan Tasya ngehendaki Dewi melu, dewi purun Pak. Dewi matur suwun sanget saking keapikane bapak lan mbantu keluarga Dewi.”
Akhire Dewi melu Tasya neng kota Lan urip bareng sak omah . Sekolah bareng. Bapak Ibu e Dewi tetep neng Desa lan ngerawat mbah putrine Dewi seng sepuh.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI