26. SING PENTING WANI LAN YAKIN

Sing Penting Wani lan Yakin 
Dening Latifah Hanum M

Dina minggu mesthi dadi dina sing nyenengake kanggo kabeh bocah sekolah, amarga dina kuwi wayah e prei sekolah lan uga iso kanggo dolan lan plesiran karo keluarga. Nanging dina minggu kapungkur aku rumangsa aras aras en ana ing omah mergo ora enek gawean sing kena di tandangi.
Ing omah ora ana sapa sapa bapak lan ibu lagi tindak menyang omah e simbah. Sanajan kuwi aku yo di peseni karo ibu yen aku ora oleh metu menyang ngendi ngendi. "Va kowe mengko ojo metu ning ngendi ngendi li ya.. Ning omah wae."kandha ne ibu. "Ngehh bu.. "jawab ku.
 Nanging aku yo rumangsa waleh ana omah wae lan kepengin metu dolan. Nanging yo podo wae kabeh kancaku podo sibuk karo gaweane dewe. Ana sing lagi plesiran karo keluarga ne ana sing lagi kencan karo pacar e ana sing lagi garap tugas sekolah lan liyo liyane.
Untung e ana Putri sing gelem ngajak aku dolan. Putri yaiku kanca ku sing paling apik lan cedhak banget karo aku, tinimbang karo kancaku liyane.
"Va ayo melu aku menyang madiun.. Gelem ora we?" pitakon e Putri.
" Ayo gelem aku.. Arep golek opo we menyang madiun? Kowe opo ngerti dalan e?jawab ku.
"Wes to ayo refreshing...tenang aku ngerti dalan e mandak menyang madiun e kok.. " kandha ne Putri.
"Eh, tapi aku ora oleh metu karo ibu ku. Mergo ning omah ora ana wong."
"Wes to sedilut tok Va.. Ra bakal nganti sore kok." bujuk Putri
"Yowes ayo aku tak salin dhisek."
Aku banjur salin, enggal-enggal langsung budal menyang madiun karo Putri. Ing dalan ora ngiro yen bakal ana tilangan, akhir e aku lan putri metu dalan tikus utawa dalan jero kanggo ngindari polisi ben ora di tilang.
"Put piye ki ana polisi? Trus arep balek muleh opo piye?" pitakon ku
"Ora usah awake dewe metu dalan jero ae.. Koyok e aku ngerti ngendi dalan.." jawab Putri.
Ora let suwi aku lan Putri banjur mlebu gang cilik sing di yakini Putri yen kuwi dalan e menyang madiun. Nanging wes ana 30 menit anggone muter muter nanging ora ndang jedul ning ratan gedhe. (bisa diomong yen kesasar).
"Put, ket mau muter muter ae gak ndang jedul ratan gedhe to? Atak e awake dewe kesasar?" pitakon ku.
"Hehehe... Sak jane aku yo ora ruh dalan kene Va.. Tapi wes to Va sing penting wani lan yakin mengko lak jeduk ratan gedhe." jawab Putri.
Aku meneng mergo rodok mangkel karo Putri. 5 menit sak wes e rante motor e putri pedhot lan akhire kudu di tuntun golek bengkel, lan sak suwine nuntun motor ora nemoni wong 1 ae. Dalan e sepi mampring koyo ana ing kuburan. Ora ana wong sing kena di jaluki tulung. Tarah nalika iku pas awan.
Ora suwi ana wong liwat trus nulungi aku lan Putri.
"Motor e kena apa nduk kok dituntun?" pitakon e bapak bapak mau.
"Niki pak rantenipun pedhot, napa wonten mriki enten bengkel sing saged benake rante pak? Pitakon ku.
"Oalah rante ne pedhot, nanging nek ning kene ki ora ana bengkel nduk..wes ngene wae motor e di gowo menyang kono ngarep masjid karo ngiyup ben ora panasen." kandhane bapak mau.
"Ngeh pak.. " jawab e Putri.
Nganti jam 2 awan rante ne lagi bar di benak ne karo bapak mau lan akhire iso neruske lampah e. Nanging yo kuwi motor wes bener, tapi ora ngerti dalan muleh. Bola bali Putri ki ngomong yen awak e dewe wani lan yakin mesthi iso muleh. Nanging ning tengah dalan aku lan Putri malah petuk an wong edan lan nguber uber aku lan Putri. Untun e numpak motor dadi ora kena cekel karo wong edan mau.
Akhire aku lan Putri ora sido menyang madiun, mergo wayah e wes sore. Jam setengah 4 aku tekan omah, teko omah aku di seneni karo ibu ku.
"Ning ngendi ae kowe Va..? Awet awan bapak karo ibu muleh kok ora ana wong ning omah.. Wes di omongi nek ojo metu kok malah yahmene lagi muleh..!" kandhane ibu nyeneni aku.
Aku mung bisa meneng lan jalok pangapura marang ibu. Sak wise kadadean kuwi aku wedi lan kapok yen arep dolan metu nanging ora entuk pangestu ne wong tuwa. Amarga Apa wae sing dilakoni kudu oleh izin lan pangestu ne wong tuwa.

****

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI