29. KEKANCAN SELAWASE
KEKANCAN SELAWASE
Dening : maya armika (29)
Nalika sakbare lulus SMP, Sofi wis mlebu SMA seng enek nang cedak omahe. Mbiyen Sofi sekolah nang SMP ISLAMIYAH WIDODAREN. Nanging saiki deweke munggah SMA, sekolahe jenenge SMAN 1 Widodaren. Jarak omah lan sekolahe ora adoh, sekitare 5m soko omah e. Nang SMA deweke oleh kenalan akeh soko konco SMP mbiyen. Sofi yo ndue kenalan konco anyar seng bedo sekolahan pas SMP. Sofi iku wonge ayu,apikan,jujur,seneng bantu wong liyo,rajin, dadi deweke ndue konco akeh amarga sifate wonge. Nang SMA deweke luwih cedak karo Lucky, amarga kaet SMP deweke wes konconan awit kelas 7 lan bareng sak kelas nganti kelas 9. Lucky iku wonge ora duwur, nanging apikan lan pinter. Lucky saiki yo dadi konco sak kelas e sofi, deweke yo dipercoyo dadi ketua kelas nang kelase.
“Eh, Sof.. kowe opo ndue nomere pak ketua ?” pitakone Lia
“nduwe, kowe opo arep jaluk ?” jawabe Sofi
“iyo...ora popo tha ?” pitakone Lia meneh
“ok. Ra popo, nomere iki 087812262074” jawabe Sofi
“matursuwun yo sof” jawabe Lia
“iyo podho-podho” tambahe Sofi
Nanging cedak kekancanane sofi karo lucky ora mulus, akeh kanca-kanca kelas e mikir yen sofi karo lucky kui jadian. Nanging yo enek kanca-kanca ne seng nesoni sofi amarga cedak karo lucky.
“ngapa tha kok aku sahabatan karo cah –cah podho malah sebel karo aku ? salah ku apa ?” pitakone sofi kar rodok sedih
“wis tha sof, rasah sedih ngunu kui. Paling yo cah-cah mung iri. Sing penting kan awake dewe ora gawe masalah”. Jawabe Lucky tenang
Sakbare omongan, lucky karo sofi nduweni tekad yen kekancanan iki ora bakal bubar amarga desas-desus utawa enek seng iri karo kekancanane kui. Persahabatane iku bakal terus dijogo.
“muga-muga persahabatan iki ora bakal bubar, lan aku janji ora bakal gawe kanca ku loro at mergo polah ku lan salah ku. Muga-uga iki sahabat sing paling tak tresnani” omonge lucky
Motto kui wis podo dicekel dewe-dewe sahingga ndadekake persahabatane iku apik lan mlaku karo opo sik dikarepne.
Mlaku limang sasi lucky karo sofi kudu pisah amarga Sofi kudu pindah sekolah amarga bapake ditugasi ning luar kota. Wong loro kudu sedih lan nangis pas Sofi pamit lunga pindah sekolah marang lucky. Sofi yo jaluk sepuro marang kanca-kanca sakkelase yen deweke ndue salah disengojo opo ora disengojo.
“cah, aku jaluk sepuro yo lak limang sasi aku ning kene ndue salah, sing tak sengojo opo sing ora tak sengojo. Mulai sesok aku wis ora sekolah ning kene, aku bakal pindah melu bapak lan ibukku”. Tuture sofi karo rodok nangis
“iyo sof, awakedewe yo sepurane ya yen limang sasi iki urung iso dadi konco apik mu. Awakede ki asline saling sayang marang siji lan sijine, nanging kadang enek kesalahpahaman sing garai awakede nesunan”. Jawabe Lia
“iyo podho-podho ya cah nak selama iki aku durung iso dadi konco terbaik”. Tambahe sofi karo nangis”.
Sakbare pamitan, sofi ngekei bingkisan marang kanca-kanca ne sak kelas e kanggo kenang-kenangan. Banjur bingkisan iku dibukak lucky amarga deweke ketua kelase. Sakwise dibukak tibake isine fotone sak kelas. Banjur foto kui dipajang ing tembok mburi kelas e.
“sof,ndang ayo mengko selak ketinggalan pesawat” ajake ibuk
“nggih buk”. Jawabe sofi
Sak tekone ning Lampung, sesuk e sofi langsung daftar ning sekolah anyar e. Ing kono sofi daftar ning MA Seputih Raman. Dino kapisan mlebu deweke isin ngasi ora wani metu soko kelas.
“eh,kenalke aku liana, yen jenengmu sopo ?” takoke liana
“jenengku sofi”. Jawabe sofi karo isin
“kowe iku pindahan soko endi ?” takok sofi maneh
“aku pindahan saka Jawa, aku melu bapak amarga bapaka ditugasi kerjo ing kene”. Jelasne sofi
“oalah,, semoga betah yo sekolah ning kene”.
“iyo”. Jawabe sofi singkat
Dino keloro, sofi kesusu budal amarga deweke tangine kawanen, wedi yen keri teko sekolahan.
“sofi!!!! Cepet tangi, mengko kowe telat mlebu sekolah lo!!” dhawuhe ibuk
“iya,iki aku tak tangi”
Sofi delok jam dinding “hah?? Wis jam 6”.
Banjur sofi mudun lan langsung mlayu menyang kamarmandi. Sakwise adus deweke menggisor kanggo sarapan.
“buk,kok mau ngungah aku kawanen? Takone sofi rodok mangkel
“ibuk jaluk ngapura yo nduk, mau ibuk yo keturon. Yowis ndnag di maem mengko telat lho”. Jawabe ibuk lembut
“nggih buk” jawabe sofi iseh rodok mangkel
Sofi budal sekolah numpak angkotan umum,sak tekone sekolah sofi wis telat 10 menit. Nanging sofi njaluk tulung marang satpam e supaya deweke bisa mlebu, akhire sofi diizinke mlebu kalih satpame. Nanging sofi kudu lapor marang pihak kedisiplinan sing ono ing sekolahan.
“matur nuwun nggih pak!”
“nggih sami-sami. Ojo diulangi maneh! Kongkone satpam
“nggih pak siap!”
Pas Sofi mlebu kelas
“assalamualikum”
“waalaikumsalam” jawabe kanca sak kelas kompak
“sofi, ngapa koe telat ?” pitakone guru sing ning kelas e sofi
“ngapunten bu, wau kula kawanen angsale tangi” jawab e sofi
“yowis saiki kowe kenek hukuman, kowe ngadek nang ngarep nganti pelajaranku rampung!”
“nggih bu”
Sofi ngadek nganti 2 jam pelajaran, kanca-kanca ne pada ngece, kecuali ningrum. Ningrum iku nduweni sifat apikan,pinter, jujur karo kabeh kancane. Kring..kringg...kringggggg!!!bel istirahat wes muni
“sof ayo menyang kantin, mesti kowe kesel mau ngadek 2 jam” ajak ningrum
“ayo rum” jawabe sofi singkat
“eh sof, kowe ngapa kok mau iso telat?” takone ningrum
“oh, aku mau tangine kawanen” jawab sofi
Moro-moro heny lan indah moro ning mejo ne sofi karo ningrum
“eh rum, kowe ngapa kok gelem cedak karo bocah anyaran iki? Takone heny sombong
“iyo rum, wis mau teko telat! Hahaha..” tambah indah
“eh heny, indah aku ora isin konconan karo sofi, sofi ki apikan jujur lan pinter, ora koyok kowe-kowe kuwi”. Jawabe ningrumlantang
Banjur heny karo indah ngaleh
“matur suwun yo rum wis mbelani aku” jawabe sofi
“iya, padha-padha, ikulah gunane kekancan”
“iya suwun ya”
Wong loro kui guyu bareng lan dadi kanca sampe lulus SMA.
Komentar
Posting Komentar