30. KAYAL

KAYAL
Dening MEI NOVA RINATA

                   Jenengku Nova aku sekolah ing SMKN 1 NGAWI, aku due kanca plek utawa disebut sohib ono 7. Lanange papat wadone ono telu. Sing lanang jenenge Tian, Abi, ucup, karo Ario. Yen sing wadon jenenge Meida lan Ervin. Ervin iki dikiro wong lanang tapi asline wadon mergo jenenge deweke koyok wong lanang.
                    Ing sawijining dina aku lan kanca kancaku cah pitu sing disebut Sejoli kui mau dolan ing kali etan omahku
Tian : "cah, la kok apik men kaline yo? Pasire putih koyok ing pantai wae, lak ngene carane aku                                 tak selfi disek cah arep tak gawe story whatsappku"
Aku :"Alah alah kok yo ndeso meng koe wi? Omah ono ning kuto kok yo katrok ora eruh pantai "
Abi :"Ancen e ora tau dolan lo va, Tian kui sobone wae angkringane pak M, ora iso budal ing pantai hahahahaha"
Ucup :"Rupamu bi Abi.."
Abi : "ngopo rupaku cup? Bagus ta?"
Ucup :"koyok luwak "
Ervin,Meida,Ario,Aku, Tian guyu kepingkel pingkel.
Aku :" wes wes hob, dang ayo mlaku neh ngulon tak delokne pemandangan sing luwih apik"
                   Karo mlaku Ario kepleset ing lemah ndut
Ervin :" polahmu ki pie to yo, mlaku ki nganggo sikil ojo nglamun ae"
Meida :"ndang tangi, selak ditinggal Nova kae lo"
Ucup :" woo tarah yo bocah bento.. mlaku ngono wae ora teteh le tole"
Ario ; "Lunyu cup mbok yo koe jajale dadi aku kene, lambemu kok maido ae.. sikilku wae iki gringgingen rasane.. tak juotos opo pie? Ndang rene"
Tian : " Oalah cah cah mandak ngono tok e kok yo padu barang.. tiwas padu tak ngayal sek karo leyeh leyeh ning ngisor pring"
Abi : "wes aku tak melu Tian wae, karo ngenteni bocah gemblung kae teko kene"
Tian : "bi Abi? Umpomo koe due cewek uuayuuuu......" (rung bar leh ngomong disaut Abi)
Abi : " Ayu ! Wo tarah dasare wong Ngawi omong ayu ae yo uayuuu"
Tian :" yo yo.. umpomo koe due cewek ayu trus bodine semlehoi ngono kui arep mok jak ning endi bi?"
Nova :"Lak aku malah ngajak ng cafe bintang limo, tak kon nukokne pizza,spageti karo ratatouile.. yuhh ancen enak tenan"
Abi : " Arep tak jak mulih wae ian Tian, tak kenalne pak mbokku disek bar wi tak jalukke restu meh tak rabi wae hahahha"
Tian :" la umpomo cewekmu urung gelem rabi?"
Nova : "pekso neh"
Abi : "yo wes golek liane wae.. ojo koyok wong susah yo to? Hahaha"
Ngerti ngerti Ucup, Ario,Meida karo Ervin wes teko ngarepku
Ucup :"ngayal ki mbok yo ojo duwur duwur lak ceblok i loro"
Ario :"ngayal opo mau we? Cewek? Yows kene aku melu ngayal cewek"
Ervin :" Oalah due konco kok yo podo ra genah kabeh"
Meida : "Nova barang malah marai"
Aku :"pie to pie ? aku kok salah ae"
Tian :"wes wes malah tambah padu.. jajal rungokne aku, tak omongi cah tenanan ki aku  delok en ning kali kae sing tengah"
Bocah bocah podo ndelok kali tengah
Aku :"ono opo ian?"
Tian: "mosok ora ruh kae opo?"
Meida :"opo to ian ojo medeni ngono kui to"
Tian :" delok en tenanan kae lo ... enek banyu"
Ucup: "woo rupamu koyok telo ian"
Abi :"bocah lak kakean ngayal yo ngonowi"
Akire kabeh guyu lan seneng mergo dijarak i Tian.
- WES BAR -



Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI