31. NYESEL

NYESEL
dening : Meida Zulfaiza / 31

Dina iki kelase Adin lan Nesa enek tugas akeh. Koyok biasane, Nesa ora nate nggarap pr saking bapak/ibu guru. Dheweke mesti nyonto garapane kancane. Koyok saiki, ngerti kanca sekelase padha nggarap pr matematika pas dheweke lagi wae teko, Nesa langsung nakoni garapane Adin sing saiki yo uwis ning jero kelas.
"Assalamu’alaikum, Sugeng enjing bocah-bocah."
"Waalaikumsalam, Sugeng enjing bu guru."
"Saiki ayo podo buka buku paket halaman 51." Dhawuh bu guru
"Nggih, bu" jawab murid-murid kompak kecuali Nesa sing lagi fokus nulis.
Soyo suwe Nesa malah babarblas ora nggatekake kahanan kelas. Adin sing dadi konco semejane Nesa ngerti yen dheweke ora nggatekne penjelasan bu guru nanging lagi nyalin jawaban pr matematika sing pelajarane pancen sakwise pelajaran sejarah iki. Nesa ngabotne pr matematika amarga pak guru matematika terkenal galake. Makane kui Nesa ngebut ngerjakne pr lan langsung nyonto garapane Adin.
"Nes, uwis ndang mandek lehmu nyalin jawabane, iki pelajaran sejarah lo" omonge Adin ngilikne Nesa
"Iyo mengko sek to din, iki nanggung nak ora dibarne sisan"
"La nyapo kok ora mbok kerjakne ning omah to sa"
"Aku lali din"
"Lali kok mben dino to sa"
"Jenenge yo lali, piye neh din"
"Yowis nak ngonowi ndang ditutup, ndang nggatekne penjelasan bu guru"
Adin mbalik fokus maneh marang penjelasan bu guru, nanging Nesa tetep orang nggagas kandhane Adin, dheweke isek wae nyalin pr kui mau.
"Nesa!" bu guru nimbali Nesa
"....." ora ana jawaban saka Nesa
"Nes, ditimbali bu guru lo" celuk Adin nyadarne Nesa sing ora krungu mergo fokuse nyalin pr
"Ha? Iyo to din?" Nesa mbalik takok, ning sedurunge dijawab Adin, Nesa wis ngerti jawabane mergo kabeh pada radep ning arahe, cepet-cepet Nesa mbales pertanyaane bu guru.
"Ng-nggih bu?"
"Apa wae pemberontakan sing tau ana ing Indonesia, sebutne 7!”
“Ngg...G30SPKI…..” suwi ditunggu akhire Nesa yo mung bisa jawab siji
“Awit mau dijelasne kok ogak digatekne, saiki metuo kelas sampek pelajarane bar lan gowo bukumu sisan, disinauni ning jobo.”
“Nggih bu”
Nesa mlaku alon-alon metu soko kelas, ning jobo dheweke buka buku sejarahe lan maca-maca bab sing mau dilewatne Nesa mergo nyalin pr matematikane. Setengah jam, akhire pelajaran sejarah rampung. Nesa mlebu kelas maneh dibarengi wajah nyesele.
“Gak apa-apa kan, sa? Adin takok Nesa
“Iyo din, lagian iki yo salahku dewe mergo gak nggatekne pas pelajaran
“Makane ojo dibalenineh sa”
“Iyo din, iki terakhir”
Saiki wayahe pelajaran matematika, wis setengah jam ditunggu-tunggu rawuhe pak guru nanging sing rawuh malah guru bk. Guru bk nyampekne pesen saking pak guru matematika yen pak guru nembe gerah, makane dipeseni ngerjakne tugas 10 soal.
“Aduh din, tiwas mau aku ngebut ngerjakne pr e, tibakne pak guru malah mboten saged rawuh” sesel Nesa
“Iyo to sa, makane yen wayahe pas pelajaran wi yo kudu nggatekne, koyok mau misale. Lan ojo nunda-nunda wektu ben gak lali ngerjakne tugas.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI