32. KADO SPESIAL

KADO SPESIAL
Dening : Mita Eka Bintari / 32

Rino wengi sak ben delok tipi prisil karo mas e Dimas oyok - oyok an remot tipi go ngeleh channel seng di senengi dewe - dewe. Prisil tau nangis goro - goro mas e ora gelem ngalah. Prisil pengen delok mata najwa yen Dimas mas e pengen delok sinetron. Sangking pegele prisil ning Dimas dekne mutung mlayu moro ning njero kamar. Ibu prisil njajal omong karo prisil ben ora nesu. Tok.. Tok.. Tok...

"nduk.. Bukak lawang e nduk, ibuk pengen omong", ibuk ngetuk lawang kamare prisil
"bikak ma..aa..won buk, mbo..oo..ten kulo ku..uu..nci" , suarane prisil karo magep-magep
Ibuk bukak lawang alon - alon melbu kamar e prisil seng kebak karo buku lan karya seni ne prisil , cat kamar seng rupame pink paduan ungu.
"uwes nduk cah ayu. Gak usah nangis ae, mas mu emang ngno kae. Mungkin mas mu lagi okeh pikiran ning sekolahan", penjelasane ibuk.
"iya emang teng sekolahan akeh gae masalah", nada prisil rodok kasar.
"omong opo kowe kuwi nduk, ngno kae yo mas mu. Mas mu ogak nakal, mungkin emang lagi kesel ae muleh sore terus", ibuk jelas ne karo kalem.
"nggeh ibuk ngapunten", pocape prisil karo nglapi eluh. Ibuk ngelus rambut e prisil lan ngandani prisil ben ora ganggu mas e. Dimas awet prisil lahir ngeroso wes ora patek di perhatine karo wong tuwa ne, ngeroso yen wong tuwa ne luweh sayang ning prisil. Bapak luweh sering getak Dimas yen gawe nangis adik e. Ibuk ora wani belo dimas soale dimas emang seng salah. Jawane ibuk Dimas ben iso njowo. Tibakne malah gawe Dimas loro ati teko gedhe sak iki.

Wayah isuk Prisil tangi bukak lawang. Ning ngarep lawang papasan karo Dimas arep melbu kamar mandi. Sak klebat prisil langsung minta maaf menyang mas e.
"mas sepurane ya", pocape Prisil nada lirih. "minta maaf nyapo?", jawabane dimas karo melas. Dimas ya kroso awet mbyen mulo Dimas ora tau sayang marang adine.
"aku seng salah mas, ogak tau sopan ning awakmu, bapak gaene nyeneni awakmu goro - goro cilik an ku gembeng an. Seng salah ora awakmu tapi seng di seneni awakmu", karo nangis Prisil cerito jaman cilik ane.
"iyo, aku ngerti. Tarah bapak sayang e ning koe. Ogk sayang ning aku. Ora enek seng sayang aku ning omah kene. Opo-opo koe seng dibanggane. Koe wi pinter ora koyo aku seng gawene gae masalah ng sekolahan, gae isin bapak karo ibuk", ceriro Dimas.
"ogk mas, ibuk i sayang ning awakmu. Bapak iyo sayang ning awakmu. Bapak karo ibuk cuman pengen yen awakmu di seneni di kandani kuwi ben iso luweh njowo. Iso berubah. Ogk nakal wae", jawab e Prisil neguh ne mas e.
"iyo dek", jawab Dimas
Prisil mbaten lagi iki Dimas nyeluk dekne dek. Prisil trenyuh.
"uwes mas aku tak nyepak ne sragam sek awakmu dang mandi sek", Prisil mbalek melbu kamar

Prisil iki lungguh ning bangku Smp kelas 8. Prisil termasuk siswa seng dibanggane bapak ibu guru. Prisil akeh ngraih juara ning setiap lomba cerdas cermat Mipa. Prisil nduwe konco cedak jenenge Reni. Reni bocahe ayu lan apik ning Prisil konco sebangku sing dadi konco curhat e Prisil sabendino yen ana masalah sing ora iso di simpen karo Prisil dewe.
Prisil cerito ning Reni yen mau bengi dekne padu karo mas e, mas e mau yo lagi pisan nyeluk dekne *dek* Prisil trenyuh lan mikir asline mas e ora koyok opo seng dipikir Prisil. Awet cilik dasare mas e kuwi seneng jarak ii Prisil nangis Prisil bocahe cengeng akhire mas e kenek senenan soko bapak e.
Reni ngrungokne curhatane Prisil koyo dino biasane nangis cerito ne Prisil dino iki gawe Reni melu Trenyuh. Reni ngandani Prisil yen Prisil ojo gaene nduwe pikiran elek ning mas e. mungkin kabeh uwong kuwi nyampaine rasa sayang e kuwi bedo - bedo. Teko kunu Prisil mulai iso mikir yen mas e memang ngroso yen awak e ora tau diperhatine ibu bapak e makane ning sekolahan dewek e seneng nglamun lan sering ora gatekne gurune. Akhire bapak lan ibu sering dipanggil karo guru sekolahe Dimas.
Bu Yeni nimbali Prisil kon moro menyang kantor. "nduk Prisil", "nggeh bu", mengko balek sekolah moro o menyang kantor ibu arep omong", "nggeh bu".
Prisil cerito ning Reni yen bu Yeni nimbali dewek e. Mesti iki arep ana lomba cerdas cermat meneh.
Tettt..... Tett..... Tett.... Bel sekolah muni Prisil cepet - cepet moro ning kantor nekani bu Yeni.
"assalamu'allaikum", suara Prisil melbu ning kantor. "waallaikum salam. Kene nduk melbu kene", Prisil mlaku alon-alon moro ning panggone bu Yeni. Prisil takon "wonten nopo bu?", "ngene nduk, minggu ngarep dino seloso ono lomba cerdas cermat sekabupaten awakmu karo Yuli tak tunjuk perwakilan sekolah. Iso to?", penjelasane bu Yeni
"nggeh bu saget", jawab Prisil. "lo la iki Yuli ning ndi kok gak enek, mau wes tak omongi lo cah e. Koe gk ngerti nduk?", pitakon bu Yeni marang Prisil. "mboten bu", saurane Prisil. "yowes nduk kuwi ae, sesok isuk langsung moro ae ning peroustakaan karo Yuli yaa, wes dang langsung balek. Ati ati nduk",
"nggeh bu, assalamu'allaikum", "waallaikumsalam".
Dino sabtu teko minggu Prisil di ajak moro ning omahe mbah e. Wes suwi ora nilik i mbah e ning ndeso. Prisil ora iso maksimal sinau ning sekolahan tapi Prisil sinau dewe ning omah.
Pas perjalanan Prisil ning njero mobil koyok biasane ning guri karo mas e, ora polah ora omong. Meneng - menengan teko sak teka ne ning omahe mbah e. Sampek sampek ibuk ora tego ngerti anak anak e kuwi terus meneng menengan. Sak teko ne ning omahe mbah e Prisil ning njero kamar ora tau metu, mung nyekel buku moco moco buku pelajaran. Ning ndeso mas e cedak banget karo mbah e ora koyok biasane , dimas luweh cedak lan okeh guyu. Mbah e seneng, mungkin Dimas wes iso ngerteni nek dekne nduweni adi seng wes gede. Wes sak suwine 2 dino ning kampung Dimas iso gae seneng mbah e . Pas muleh Dimas brebes lan ongel di jak muleh. Prisil seng ngerti kedadean kuwi melu brebes. Mungkin sangking kangen e Dimas 2 tahun ora muleh ning ndeso goro - goro bapak sibuk karo kerjaane.
"le, sekolah sing pinter ya, ojo bandel. Manut karo bapak ibuk, ojo nakal karo adine", kandanan mbah kakung marang Dimas. Dimas ora kuat nyauri terus brebes Prisil wes ning njero mobil ngingeti mas e sing ora iso ngempet nangis.
"nggeh mbah kulo janji mboten nakal kalih adi melih, kulo wangsul mbah, assalamu'allaikum"
"ati ati le, waallaikumsalam" jawab mbah kakung lan mbah putri barengan.
 Soyo adoh mobil ninggalne omahe mbah e, Dimas iso mandek nangis, Prisil ogk tego ngingeti mas e seng lagi iki iso nangis yen ninggal mbah e. Ning jero mobil Prisil takon. "mas, awakmu nyalo? Kan sok bodo iso runu neh", "gak popo dek", saurane mas. Bapak lan ibuk tatap tatapan guyu iso ngingeti anak e gelem omong omongan ora koyok biasane.
Ngepasi dino seloso pas lomba cerdas cermat Prisil ulang tahun. Prisil ora kelingan yen dino kuwi dekne ulang tahun sangking sibuk e mikir lomba. Prisil sabendino sinau ning njero kamar. Jarang metu.
dino senin melbu sekolah Prisil di celok bu Yeni. Diaturi go persiapan lomba sesok. "nduk sesok isuk jam 4 isuk budal ning surabaya ya, ojo lali pamit ning bapak ibu mu", "nggeh bu", jawab prisil.
Muleh sekolah Prisil lali ora ngomongi pak supir kon mapak sore, dadine Prisil muleh sekolah mlaku, sangu sekolah uwes entek go jajan amergo muleh sore nguras weteng, kepekso Prisil mlaku. Pas kuwi rodok mendung Prisil mlaku cepet - cepet Prisil wedi dalanan wes sepi. Soko guri ana motor mlaku alon-alon, Prisil kroso yen ana uwong seng ngetut ne dekne, mlaku soyo dibanteri motor kuwi yo soyo melu banter. Akhire Prisil mandek motor melu mandek. Prisil wedi langsung brngok bengok. "maling... Maling.... Tulung...", Prisil bengok banter sak bantere nek bengok. Uwong uwong podo metu motor kuwi mau langsung mandek ng ngarepe Prisil, dekne soyo wedi langsung nangis. Moro - moro helm di bukak tibakne kuwi Dimas. Prisil kaget campur seneng. "lo mass, awakmu?", pitakok Prisil karo kaget. "iyo iki aku Dimas mas mu", jawab e Dimas karo guyu. "ihh mas we wi seneng men o njarak aku, wedi lo aku", nada Prisil rodok pegel, "tapi kog we tumben mapak aku? Kog roh aku lagi muleh? Tros iki motore sopo? Trus kog awakmubiso numpak motor mas?", Prisil takok gk uwes - uwes. "halah takok ae, wes pokok e ayo muleh". Prisil lan Dimas langsung wae muleh. Prisil seneng tibakne uwong mau dudu uwong jahat, tapi Prisil jek penasaran mas e kok iso entok motor anyar kok iso numpak motor. Padahal mas e kuwi ora tau belajaran motor. Soale ugong genep 17 tahun ugng oleh numpak motor.
"ngene lo dek, mas minggu wingi ditumbas ne motor karo bapak, soale bapak repot wes gk iso ngeterne mas sekolah, iki mau pak Kasdi yo gak iso mapak soale lagi sakit, trus mas iso numpak motor soale angger ning sekolahan mas wes belajar numpak motor ra ketang sitik - sitik mas yo iso nglakokne", penjelasane Dimas ning Prisil.
"oalahh, ngno to mas", saurane Prisil karo mantuk - mantuk.
Jam wes nunjukne ning pandom 2 bengi, Prisil cepet-cepet nyiapne barang budal ning surabaya. Prisil pamit ning bapak lan ibu e ora pamit ning Dimas. Prisil di terne bapak ibu e teko sekolahan lan pamit jalok restu.
Sakwise ngeterne bapak lan ibu muleh Dimas tibakne wes tangi banjur takok mau bar soko ngendi kok wes metu, bapak lan ibu jelas ne yen mau bar ngeterne Prisil ning sekolahan yen adine kuwi arep lomba cerdas cermat ing surabaya.
Dino soyo sore Pengumuman cerdas cermat wis di umumne, Prisil lan Yuli entok juara 2. Ora juara 1 ning Prisil wes seneng Prisil wes berusaha maksimal, musuh e ora soko sekolah lingkup daerah, tapi sak kabupaten. Prisil mikir yen adoh - adoh teko surabaya arep nukok ne mas e oleh - oleh. Akhire Prisil dijak mampir bu Yeni ning toko oleh - oleh. Akhire Prisil nemokne barang sing paling , yaiku patung mobil antik sing digawe saka kayu, Prisil tuku khusus digo mas e.
ibu nelfoni Hp Prisil ora tau iso, hp Prisil mati awet mau isuk goro - goro lali ora di ces mang bengi. Akhire ibu e Prisil nelfon ning hp ne bu Yeni ngabari yen Dimas kecelakaan lan kritis. Pas kuwi Prisil lagi milih oleh - oleh kanggo mas e, bu Yeni langsung ngabari Prisil, dekne kaget trus langsung pengen ngajak muleh lan goeo oleh - oleh mau. Ning njero mobil Prisil doa ben mas e iso selamet Prisil nangis ora iso ngempet tangis. Bu yeni lan yuli mung iso doa lan neguh ne atine Prisil. Lagi wae Prisil karo mas e apik an tapi dekne wes dikabari yen mas e ngalami kecelakaan.
Prisil langsung moro ning Rumah Sakit mlayu moro ning UGD ning kono wes enek bapak, ibu, pak kasdu lan mbok inah. Prisil nangis ora iso mandek, ibu ngabari yen Dimas wes ora iso di selamat ne. Dimas ngalami kebocoran otak amergo sirah e bentur aspal banter banget. Prisil ora iso nahan tangis, atine rasane loro banget. Kelangan wong seng lagi ae disayang. Prisil semaput.
2 jam bar kuwi Prisil tangi wes ana ning njero kamar, Prisil kaget yen ana kado seng dibungkus karo kertas pink. Prisil lagi kelingan yen iki dekne ulang tahun. Prisil penasaran kuwi kado saka sapa akhire kado kuwi dibukak isine kalung sing bandul e liontin. Prisil nangis amergo bar maca surat ucapan tibakne kuwi kado saka mas e. Prisil langusng metu saka kamar  lan ngerti jenazah e mas e wes bar di kafani. Prisil nangis soyo nemen ora iso ngempet banyu sing mili ning pipi. Roso penyesalane Prisil ora iso diungkapne.
Ibuk jelasne yen kuwi mau mas e bar nukok ne kado kanggo Prisil tapi mas e lali ugng nukok ne roti ulang tahun, posisi wes bar tuku mendung e arep udan Dimas numpak motor banter ora ngerti yen nyelip mobil ngarepe ana mobil pick up trus mas e ogk iso imbang banjur tibo. Prisil soyo nangis ora karuan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI