33. TAMBAH UMUR
TAMBAH UMUR
Dening : Mutiara Citra Dewi/33
“Ra, dang turu wis wengi iki!” omonge ibukku karo mbukak lawang kamarku pas ngerti aku ijek mentiling dolanan hp.
“Nggeh buk”
“Nggeh-nggeh jodek meng ra panggeh” banjur ibukku ngalih.
Tak cobo merem, soyo sue aku ngroso ngantuk. Polahku ra karuan, medep rono madep rene, miring rono miring rene. Soyo suwe aku merem banjur turu.
Adzan subuh wis krungu nang kupingku banjur aku tangi langsung menyang sumur kanggo jupuk wudhu.Sak wis e wudhu banjur sholat subuh.
“Ra, banyune wis mateng ndang adus!” bengok e ibukku.
Aku banjur mlaku menyang pawon njupuk banyu terus adus. Adus e wis rampung banjur aku salin lan dandan.Jam 6 kurang seprapat aku metu kamar kanggo sarapan.Jam 6 pas aku budal sekolah. Jarak e sekolah lan omah kiro-kiro ana 34 km utawa setengah jaman, mulane aku budal isuk. Sampek sekolahan kabeh katon biasa-biasa wae. Padahal sak jane iki dino ulang tahunku tapi kanca-kancaku pada ora ana sing ngekeki selamat.
“Yowis, paling cah-cah pada ora eruh utawa lali” muniku ning jero ati.
Pelajaran dino iki ya koyo biasane. Kabeh pada guyon, bengak-bengok, enek sing nyanyi sing dolanan hp yo akeh banget. Wayah e istirahat bocah-bocah ya pada ning kantin tuku jajan.
“Biasane bocah-bocah nek enek sing ulang tahun mesti jaluk traktiran, tapi nek aku sing ulang tahun kok ora ya?, padahal aku wes nyiapne duwit lho.” grundelku ning jero ati.
“Alah benderan leh tambare ora ngetokne duwit, hehehe”
“Heh Ra! Koe nyapo katek meneng ae?” koncoku ngangget i.
“Weyy” Aku kaget.” Ora papa kok Na”
“Woalah bocah kok nglamun ae to ra-ra”
“Hehehe” karo mesam mesem.
Sak wis e aku lan kanca-kancaku warek langsung mangkat ning kelas amarga wis arep masuk. Jam pelajaran sing keri dewe wis entek wayah e mulih sekolah. Kabeh pada ngringkesi buku ne dewe-dewe.
“Ketua kelas gek ndang di awiti dungo” dawuh e bu guru.
“Monggo kanca-kanca kita dedungo sesarengan, kawiwitan” , “cekap”
“Wasalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatu”
“Walaikumsalam warahmatullahi wabarakatu” jawab e murid bebarengan.
Bu guru lajeng metu saka kelas banjur di susul murid-murid pada metu kelas.Aku ijik nata barang-barangku. Upik moro-moro marani aku.
“Ra ayo tak jak nang wc sedilut”
“Yowis dang ayo”Aku lan Upik budal.
Aku ngenteni nang jaba wc karo ngaca ning kaca sing ana nang tembok anding wc.Ora pati suwe upik metu saka wc. Banjur aku lan Upik menyang kelas.
Wis teka ngarep lawang, aku banjur bukak lawang,” Kreeekkkk”. Ujuk-ujuk kanca-kancaku pada nyanyi lagu ulang tahun lan pada gebyurne tepung nang aku. Sedilut ae aku kebak tepung awakku putih kabeh, sak rai sampek sepatu putih kaya arep di goreng.
“Happy Birthday Rara…Happy Birthday Rara!”
“Eeeeeeee Ya Allah…….!” “Awas ya….!”aku nggodak bocah-bocah sing pada gebyur aku nganggo tepung ganti arep tak wales.
Aku nggodak bocah-bocah nganti kesel. Nekku godak sampek tekan jobo ning latar sekolah.Sampek latar sekolah tak ubengi.Enek sing kenek tepung yo enek sing kliwat lehku gebyur. Pas wayah godak-godakan mau tibak e kancaku enek sing ngrekam aku, pas di gebyur enek sing moto aku. Foto lan videone lucu baget sampek aku lan kancaku ngguyu pingkel-pingkel ora iso meneng. Sak wis e kui kabeh banjur resik-resik ning kmar mandi, banjur kanca-kancaku terus jalok ngapuro amarga uwis ngerjain dek mau lan pada ngucapno selamat ulang tahun nang aku. Amarga wis sore kabeh bajur pada balik.
Sak wis e tekan omah aku langsung wae mblusuk nang kamar. Pas mlebu kamar siji sing tak ingeti ana buntelan Koran ning mejo nggonku leh sinau. Urung sempet aku salin aku langsung marani buntelan iku.
“Apa iki….?” Pitakonku nang jero ati.
“Lho kok empuk ya..”
Langsung wae aku tak bukak timbang penasaran. Tibak e ning buntelan kui isine gamis.
“Buk iki klambine sapa?” aku metu saka kamar.
“Oalah kui klambi kanggo awakmu, kui kado saka bapak lan ibu kan iki ulang tahunmu”
Aku meneng karo mesem banjur mlaku menyang kamar. Aku cepet-cepet salin, terus gamis e tak enggo. Gamis e apik banget warnane pink lan aku seneng banget warna pink.Banjur aku metu saka kamar kanggo dudohne gamis nang wong tuoku.
“Weeehhhh klambine di enggo e” guyon e bapakku.
“Pas o mbk?” takone ibukku.
“Pas buk”
“Seneng gak?”
“Seneng banget buk”
“Yaw is gek dang mangan disik, ibuk dek mau masak capjay”
“Yeeeey”
Aku terus mangan karo delok tv ning sandingku ana ibuk lan bapak sing lagi delok tv. Sak wis e mangan aku terus dolanan hp. Aku banjur gae status ning stori WA.
“Suwun pak buk, kanca-kancaku kabeh, Jazakallahu Khairan”
Ning WA kabeh kanca-kancaku pada ngucapne selamat ulang tahun kabeh ning aku banjur tak bales i siji-siji. Tapi enek kancaku sing tak arepne ucapane nanging de’e ora ngucapne ning aku. Dek mau pas nang sekolahanku aku ngerti de’e nanging de’e ora nyapa padahal aku ngerti de’e yo ngerti nek aku lewat dek mau. Aku ngguyu karo ngingeti tapi de’e ora ngrespon blas malah kaya wong ora eruh.Ya wis lah paling de’e lali. Aku kroso ngantuk banget. Banju aku menyang kamar terus turu.
Wis ana 3 jam nekku turu.Ibukku terus nggunggah aku.Jare ibukku enek kancaku moro nang omahku. Banjur aku metu saka kamar ning teras. Tibak e Rosi kncaku sing taka rep-arep wis nang ngarep lawang nggawa roti lan lilin sing murup. Aku kaget banget.
“Ya Allah….”
“Yeeeay….dang di sebul lilin e”
“Fuuuhh”
“Hehehehe suwun lo, dang melbu nang omah” aku lan Rosi mlebu omah terus rosi tak kongkon lungguh.
“Suwun ros , santuku awkmu ogak iling dek mau”
“Heheheh”
“Awakmu dek mau kok meneng ae padahal koe ngke yo ngerti aku”
“Hehehe sepurane ra aku tanha jarak e ngerjain koe dek meng”
“Hoalahhhh”
“Ra” aku di celuk ibukku.
“Dalem” banjur aku mara nang mburi.
“Ana apa buk?”
“Ke baturmu dang jak golek bakso opo panganan apa ngnu, iki duwit e.”
“Nggeh buk” aku terus nang kamar kanggo salin klambi.
Aku metu saka kamar banjur ngajak rosi metu. Aku ngajak rosi mangan nang Mie dhower panggonan favorit e awak e dewe.
Alhamdulillah ya Allah, tambah e umurku iki aku seneng banget meskio ora di rayakne tapi aku wis seneng banget. Kabeh pada ngucapne selamat mugo-mugo tambah e umurku bisa dadi barokah marang wongtuo lan kabeh.
Komentar
Posting Komentar