35. KEBERSIHAN LINGKUNGAN

KEBERSIHAN LINGKUNGAN


Tian, abi, lan ario yaiku murid ing smkn 1 ngawi sing wis kancanan awit kelas 10 smk. Telung siswa kui pinter njogo kebersihan ing lingkungan sekolahan. Ora heran yen bapak/ibu guru ndadikne tauladan kanggo murid liyane.
Sawijining dino ing wulan agustus, wong telu kui dolan ing kebun teh ing wilayahipun sine jawa timur ing daerah pegunungan sawise moleh sekolah. Wong telu kui foto-foto kanggo dokumen tentang kebersihan lingkungan amergo enek lomba kanggo 17 agustusan lan nganggo tema lingkungan alam mulane bocah telu kui mau mewakili kelas XII AP 1.
Ing perjalanan wong telu kuimau delok” pemandangan sing dilewati mau, koyo wong gumun ratau ning daerah pedesaan.
Ario : wihh bi apik ya pemandangan e
Abi : iyo adem pisan
Ario : betah aku ning kene adem e koyo ngene kok e hahha
Abi : iyoo yo
Tian : ayo munggah delok ning kono lo apik
Abi lan ario : ayo kok e
Sabanjure ngobrol wong telu kui munggah ing pas panggonan sing pemandangan e luweh apik, ning kono akeh wong enom,tua,sampe bocak cilik yo ono. Lan ning kono akeh bakulan jajanan koyo pentol, bakso, lan kabehane.
Wayah wis teko nduwur wong telu kui ngobro masalah keresikan sing ono ing kebun teh, mesio panggone adem lan pemandangane apik tapi isek akeh wong sing kurang sadar karo kebersihan lingkungan iku penting banget.
Ario : “Heh bi delok o bakul pentol kui guwak sampah ora ning panggone”
Abi : “La yo to wong iki panggonan wis apik enak adem , jane di tambah njogo kebersihan lingkungan no tambah ayem ning kene ki”
Tian :“Yo mergo urung enek kesadaran ning awak e mulane urung iso njogo lingkungan iki
Abi : “Iyo, bener jane enek peraturan no tambah rapi og yo pora
Ario :”Iyo bener, gek ke delok o kamar mandine mosok yo raenek lawang e kan yo ra patut to


Tian : ”Ee iki mergo urung enek dana paling o mulane urung patek rapi lan disiplin wong bakulan lan kesadaran masyarakat e.
Ario: ”Yowes neh ayo ndang ndokumen ke iki lo gek ndang mangan luwe aku
Abi : ”Yo yo wong kok luwenan weki
Ario : “Yoyo lah wong normal iki hehehe
 Sawise ngobrol bocah kui mau langsung golek panggonan sing apik, lan ngefoto lingkungan lan foto bocah 3 kui mau leren ning watu gede sing ono ning kebun teh karo ngome banyu sing digowo abi. Sawise leren bocah kui mau langsung medun golek panggonan sing penak yen di nggo leren lan maem.
Sawise golek” panggonan akhire oleh panggonan sing apik santai lan nyaman di nggo ngbrol lan bakule yo ramah lan sabar jeneng e pak yatmo.
Bocah 3 kui banjur pesen panganan lan ing pak yatmo.
Tian : ”Pak es teh tigo lan baksone tigo
Pak yatmo : ”Nggeh mas
Sawise di doli wing telu kui banjur mangan. Sabare mangan wong telu kui langsung budal ning parkiran lan banjur mulih amargo wis sore.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI