36. CANDU

CANDU
Dening : Nisa Sindiani / 36
Tahun 2018 jaman wis saya maju. Apa-apa bisa kelakon saka sak jentikan e tangan. Ibarate donya kuwi ana ing gegeman tangan. Kena apa kok donya iso di gegem? Piye anggone nggegem donya? Ibarat kuwi mau patut kanggo nggambarake majune teknologi ing donya iki. Iku ngono amarga ana ne internet sing pinter banget. Ana ne internet iku gawa dampak sing apik lan uga dampak sing ala. Akeh banget dampak apik amarga anane internet. Ilmu sing diperloake amung kari ngetik lan bakal muncul dewe. Bocah-bocah iso sinau dewe, ngerti maneka warna media social lan ngerti ana ne dolanan-dolanan modern utawa sing sering disebut kanthi jeneng game online.
Dina iki aku lagi nang omahe Diki, arep nggarap tugas Bahasa Indonesia gawe makalah. Untung wae tugas e kelompokan dadi aku iso diskusi karo Diki.
“ Dik, gek ndang jajal buka o internet, format e makalah koyok piye. Aku ora nduwe paketan, nganggo paketan hape mu wae.”
“ Yo sing santai Mus, tak golek no nang mbah google mesti enek kabeh.”
“ Yo nak ngono gek ndang, tak maca materi ne dhisik.”
“ Sip “
Wis enek 15 menit anggonku maca materi ne nanging Diki durung nduduhi blas format makalah e. Aku curiga bocah iki ora mudeng format e makane durung di duduhne nang aku opo asline wonge durung golek blas malah nge-game? Penyakit game online e Diki tarah wis teko stadium 4 arep sekarat. Bocah kae ora iso pisah karo hape ne, masio nang WC hape ne bakal tetep di gawa. Mangan barang ngasi klendran amarga isih nge-game.
“ Endi to Dik format e? Kok suwi eram?’
“ Lho… oiyo we mau ngakon aku golek ya? Sik-sik Mus nanggung ki game e wis arep finish. Mengko tak golek no lak wis finish.” Saurane Diki sak penak e dhewe
“ Alah suwi eram to we wi, kawit mau kok ora bar-bar lah nge game. Wis kene hape mu tak golek dhewe format e.” omong ku karo ngroyok hape ne
“ Lo lo lo lo… karek diluk ngkas kilo Mus, lah alah perjuangan ku sio-sio ngko.” Melas e Diki
“ Mbuyak ra urus. Nak ra ngene ra bar bar mengko tugas e awakedewe. Game e mengko maneh ae.”
Wis ora tak pedulikne protes e Diki, nak ora tegas ngene mengko tugas e ora bakal rampung. Bocah kae perlu di wenehi pelajaran supaya ora gampang nyepelekake perkara. Banjur wis oleh format makalah e, Aku lan Diki gage ngrampungake tugas iki supaya mengko ora kesusu yen arep di tumpuk.
Seminggu sakwise tugas makalah kae, Diki ora kok mari penyakit game e nanging malah saya ndadi. Saben tak jak omongan dhewek e amung nanggepi sakperlu ne. Malah mbuh-mbuh dhewek e ora ngrungokake opo sing tak omong. Saurane amung “ Iyo “, “ He.e “, lan “ Hmm “
“ Dik, awakmu wis garap tugas PKN apa durung ?” pitakon ku wayah istirahat pertama
“ Opo enek tugas ? sing endi to? “ pitakon e bingung
“ Sing kae lo.. buku paket hal 96 nomer 1-10.” Sauran ku
“ Wooalah iyo ya, kok iso lali ya aku.”
“ Piye kon ora lali wong sing mbok elingi ki game online mu terus saben wayah. Hape di charge barang wae isih mbok nggo main.”
“ La piye meneh wis kadung hobi ki.”
“ Kuwi ki duduk hobi, hobi iku di lakoni yen ana wayah senggang. La awakmu nge-game saben wayah ngasi lali tugas lali mangan ngono.”
“ Kapan to iki tugas e dikumpulne? “
“ Sesok pas pelajaran PKN “ sauran ku kalem
“ Alah gampang naknu, garek golek nang intenet lak yo muncul kabeh jawaban e “ omonge Diki nyepelekake
“ Dadi uwong ki ora oleh gampang nyepelekake. Mengko yen ditakoni pas ulangan lisan kowe ora ngerti opo-opo amarga gawene copy paste ae.”
“ Wis to, sing tenang wae.”
“ Sakarepmu wae lah, penting dadi kanca aku wis tau ngelengake kowe.”
“ Iyo-iyo.” saurane Diki karo isih tetep dolanan game online. Kawit mau mangan jajan, dheweke ora nyeleh hape ne blas. Ngasi cilok sing arep di pangan ameh kleru moro ning irung. Bocah ki jan wis akut banget kecanduan e.
****
Saiki aku kelas 11 SMK jurusan teknik computer. Sediluk maneh aku bakal Prakerin. Aku lan Diki wis semayan bakal golek panggon praktek sing pada, nanging awake dewe durung nentukake bakal praktek nang Solo opo Jogja. Saiki wayah preinan sakwise ulangan tengah semester ganjil. Rencana ne anggone praktek sakwise ulangan semester ganjil. Mending saiki tak nang omahe Diki wae karo ngajak diskusi, kira-kira panggon ngendi sing bakal dipilih nggo praktek.

Ing omahe Diki
Pas aku teko omahe Diki, dheweke lagi nge-game ning kamar. Aku langsung mlebu ning kamare merga aku wis kulina lan bapak ibuke Diki wis ngerti.
“ Dik “ celuk ku
“ Oii “ jawab e ora ngalihake mripate saka hape
“ Sida awakedhewe praktek nang ndi iki? Solo opo Jogja? “ pitakon ku
“ Manut “
“ Nak ning Solo awake dhewe saben sabtu iso mulih tur cedhak.”
“ Yo rapopo “ sauran e
“ Tapi yen ning Jogja awake dhewe iso karo sinau mandiri, adoh ko wong tuwa, nambah pengalaman ben mbesuk wani ora kagok yen arep mrantau.”
“ Kuwi yo kenek.”
“ Nak nang Jogja ngko awake dhewe mulih sesasi pisan wae ben ora ngentekake ongkos. Kowe sreg nang ndi?” pitakon ku
“ Karek.” Sauran e cendek karo isih dolanan hape. Aku suwe-suwe pegel dhewe karo Diki. Diajak diskusi tenanan malah kaya ngene tanggepan e. Luwung mulih wae lah perkara praktek ben di tentukne gurune wae, sisan ben ora bareng karo Diki.
“ Yowis lah Dik, aku tak balik wae. Niat e arep diskusi malah tanggepanmu ngene. Ben dipilih ne gurune wae lah. Manut aku nang ngendi lan karo sopo ne. Nak ora karo kowe yo ora masalah.” Omong ku karo ngadeg
“ Eeeh.. yo mengko sik to Mus ojo kesusu ngono. Ojo nesu barang to. Sing sabar.”
“ Sabar piye meneh to jalukan mu iku? Selama iki aku ki wis sabar yen ngajak omongan karo kowe sauran mu mung hmm, iyo, ora. Mripat mu ae ora ngalih saka layar hape mu.”
“ Iyo sepurane naknu Mus, marai aku wis kadung seneng karo game iki.”
“ Seneng yo seneng ning ora ngasi koyok ngene. Awakmu ki wis kecanduan karo game online, internet, lan sosmed. Ibarat penyakit, tingkat kecanduanmu iki wis stadium 4 arep sekarat.”
“ Candu piye ta? Aku ora ngonsumsi narkoba lo Mus, ojo sembarangan kowe lak omong.” Protes e ora trimo
“ Sing omong awakmu kecanduan narkoba ki sopo? Candumu ki ning hape mu kuwi lo. Hape ngasi ora tau leren. Lali mangan lali tugas yo goro-goro hape, ning WC wae hape mu yo mbok gowo. Ngono kuwi opo ora samar yen hape mu kecemplung kloset? Tugas barang ngasi lali, wayah kelingan enek e mung copas terus. Koyok ngono kuwi apa jenenge yen ora candu?” pitakon ku
“ Mosok to aku ngono kuwi? “ pitakon e ra percaya
“ Mosok mosok, diomongi ra percaya. Iyo awakmu ora sadar nak koyok ngono. La aku sing saben dina karo kowe ngasi waleh. Nak kowe ijik ngene ki wae aku manut gurune wae bakal praktek karo sopo. Ora karo kowe yo ora masalah. Wong kowe enek yo we tetep ora nganggep aku enek. Enek e ning pikiran mu ki muk game, game, lan game terus. “
“ Yo ojo ngono to Mus. Awake dhewe wis sepakat maune bakal praktek bareng. Aku sengaja milih bareng kowe ki amarga aku ora iso bergaul. Mung kowe sing ngerti aku.”
“ Yo jelas ora iso bergaul wong mripat mu wae ora iso ngalih ko layar hape. Wong arep kenalan karo kowe yo wawang soale mesthi bakal ora digatek. Awak mu wae ora iso ngregani yen ana wong sing ngomong karo kowe dadi yo ojo ngarep yen pingin ana wong sing ramah nang awakmu.”
“ Terus aku kudu piye ?” pitakon e
“ Yo kowe kudu ngerubah kebiasaan mu iku. Game yo oleh ning aja kelewatan. Game iku yen ana wayah senggang wae ora saben wayah.”
“ Tapi rasane angel banget Mus yen nge-game sedina mung sejam.”
“ Yowis yen ngono keputusan mu, aku wegah praktek karo kowe.”
“ Lo lo lo… aja ngono to Mus. Wis naknu saiki tak jajal ngerubah sikap ku, tapi kowe kudu tetep praktek bareng aku.”
“ Yo karek, nak awakmu iso berubah saka kebiasaan kuwi yo aku gelem, nanging yen ora iso aku jelas wegah.”
“ Iyo-iyo Mus. Sepurane ya karo sikap elek ku iku. Lan matur suwun wis sabar lan gelem ngeling ke aku.”
“ Iya pada-pada. Enek e kanca iku yo karo nggo ngelingke yen salah. Eling na genti yen aku yo salah. Teknologi oleh maju, nanging budaya luhur iku ora oleh luntur. Ana ne teknologi iku gawe awake dhewe supaya luwih pinter, ora kok malah gawe awake dhewe males lan nyepelekake perkara. Teknologi saya maju, nanging awake dhewe yo kudu pinter-pinter nyaring apa wae sing bisa gawe awake dhewe luwih maju.Ngerti pora kowe?”
“ Iyo Mus aku ngerti. Muga-muga mengko gek ndang mari penyakit kecanduan ku iki. Dungak ne ben aku ben ndang iso mari ya Mus.”
“ Aamiin.”
~Tamat~

Komentar

Postingan populer dari blog ini

13. MELU ORGANISASI